Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi Béda prabawèng satriya Ngleluri darmaning aji Pribadyèng satriya tama Sirik mbujung pangastuti Lampah aris paramarta Sarèh tumanduking sami Lès aris rinengga basa Tan karya runtik ing kapti Kalamun dadya pan

AAK Culture Libray 16 www.alangalangkumitir.wordpress.com

92. Aywa ngrèmèhken sasama Drajat semat donya arti

Kabisan wah kagunannya Myang agal-alusing budi Angèl yèn dèn jajagi Sring nyolong pethèk sadarum Luhung yèn dèn anggepa Samukawis anglangkungi Luwih begja tan kecélik ing panduga

93. Watak umbag sesongaran Rumaos wasis nglangkungi

Angandelken kagunannya Miwah jajaging pangerti Tan ana kang madhani Manèh lubèr bandha-bandhu Wuwuh éring pangwasa Digang adigung ing budi Solah bawa pamurih ingalembana

94. Béda prabawèng satriya Ngleluri darmaning aji

Mekak dhiri olah rasa Primpen kawruh dèn simpeni Siningid rasajati Unggul tan kraos pinunjul Ywa pamèr kabisannya Andhap-asor trus ing ati Sanggya gati tan sélak dipun rampungna

95. Pribadyèng satriya tama Sirik mbujung pangastuti

Datan serik dipun ina Bingah winada sesami Tan susah dèn waoni Adreng ngudi budi luhur Asih maring sesama Tan males manah kang sengit Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna

96. Lampah aris paramarta Sarèh tumanduking sami

Datan sawiyah deksura Ngrèmèhken titahing Widi Nungkulken ingkang alit AAK Culture Libray 17 www.alangalangkumitir.wordpress.com Nanging ngajèni sadarum Mimpang datan ngasorna Pikolèh tan damel tuni Dipun gega tan mawi dipun telukna

97. Lès aris rinengga basa Tan karya runtik ing kapti

Raras pinireng ing karna Tumus rumesep waradin Mrak ati amranani Tinilingken wèh tyasarju Adhem trusing wardaya Nyidhem brahala pan bangkit Tumamanya karya basuki raharja

98. Kalamun dadya pangarsa Pangandikan pan jinagi

Ywa gampil ngumbar kamurkan Tembung ladak dèn singkiri Tan wengis waton muni Natoni manah sadarum Andhahan jinemalan Nanem wiji nabet ati Becik lamun ririh araras nengsemna

99. Mring dasih suka tuladha Tindak-tanduk sarwi manis

Titis pangangkah utama Kinèn dinadya palupi Tinulat pan mranani Nora mung kakèhan wuwus Ngegungken panguwasa Salir préntah kudu dadi Kumalungkung edir deksura daksiya

100. Pan kawula tindak lupa Ingélingken kanthi aris

Bramantya dipun leremna Poma aywa ngumbar hagni Ngalad-alad ambesmi Luhung wèh reseping tutur Bebener tinuduhna Pepèngeté sinartan sih Tan akarya runtik jro tyasing pra amba

101. Kalamun dadya andhahan