180
pasederekanipun taksih ageng mila memper menawi Kliwon kepengen sanget kempal kaliyan sederekipun ing dhusun. Unen-unenipun tiyang Jawi “Mangan ora
mangan yen ngumpul”. Unen –unen menika miturut Hadiatmaja 2011: 77 paring gegambaran bilih gesang rukun saha raos pasederekan ingkang raket langkung
wigatos tinimbang bandha.
2.14 Caranipun Ratu paring pangayoman dhateng kawula
Minangka senopati agung Ngayogyakarta, nDoro Kanjeng kagungan piranti kesenian tradisional Jawi kados gangsa saha ringgit. Babagan piranti kesenian
tradisional Jawi kagunganipun nDoro Kanjeng dipunandharaken wonten ing pethikan novel PP menika.
“Dan di rumah di bagian Pendhopo nDoro Kanjeng
punya wayang kulit
dua kotak banyaknya
Gaya Sala dan gaya Ngayogya
masing-masing 500 jumlahnya Dan dua pangkon gamelan punya
laras pelog
dan laras Slendro
Dengan rebab dan serulingnya Biasanya ditabuh sekali tiap bulan
Jatuh pada hari wetonnya Dengan pradangga dan Pesindhen
Yang mengiringi pagelarannya ....................................................
PP.1984 :91
nDoro Kanjeng kagungan ringgit kulit kalih kothak gunggungipun. Gagrak Sala saha Gagrak Ngayogya, wonten ing saben gagrak gunggungipun 500 ringgit.
nDoro Kanjeng ugi kagungan gongsa kalih pangkon, Pelog saha Slendro. Saben sewulan sepindhah gongsa menika dipuntabuh, ananging dintenipun nabuh
adhedhasar wetonipun gongsa menika. Pagelaran gongsa menika dipunayahi dening para wiyaga saha waranggana. Sedaya wau minangka simbol bilih nDalem
181
Suryametaraman boten tansah nguri-uri kasenian tradisional Jawi menika. Pagelaran menika ugi minangka caranipun Ratu kangge ngraketaken
sesambetanipun Gusti kaliyan kawulanipun. Kangge nanjakaken krentegipun supados caket kaliyan kawula, nDoro Kanjeng kagungan cara ingkang kapetang
saged damel para kawulanipun marem. Cara ingkang dipunpilih dening nDoro Kanjeng menika wonten ing pethikan novel PP ing ngandhap menika.
.................................................... Setahun sekali mengundang dalang
Yang sudah kawentar dimana-mana Ki dalang kencuran
dari kencuran -ah, amit-amit nuwun sewu
-
saya tak eling namanya Dia sudah pernah diundang, lho
Nyai Condro Lukito
dan Niken Savitri Sebagai waranggana pengiringnya
Dan lakon-lakon Kresna Duta Rama Tambak, Anggada Duta
Parta Kromo, Babat Alas Wanamarta Dan Perang tanding Karna –Arjuna
Keluarga Bharata: dalam perang Baratayudha
Lakon-lakon
kegemaran nDoro Kanjeng
.................................................................... PP.1984 :91
Ancasipun ngawontenaken pagelaran boten sanes minangka wujud pangayoman kangge kawula. Paring tontonan ingkang saged dipundadosaken tuntunan wonten
ing Pendhopo nDalem Suryamentaraman. Kejawi pagelaran ingkang dipungelar sewulan sepindhah, nDoro Kanjeng ugi ngelar pagelaran ringgit ingkang
dalangipun dalang kawentar wonten ing jagading pedhalangan. Dalang kawentar dipunaturi ndalang supados kawula alit langkung gadha greget kangge mriksani
pagelaran ringgit. Miturut andharanipun Pariyem dalang kawentar ingkang nate dipunaturi ndalang inggih menika ki dalang ingkang taksi enem saking kencuran.
182
Senajan taksih enem, ananging tetep kemawon pikantuk sesebutan “ki” amargi masarakat Jawi mastani menawi dalang menika tiyang ingkang kebak seserepan.
Mila senajan taksi enem tetep kemawon dipunsebut Ki utawi tiyang ingkang dipunsepuhaken bab seserepan gesang. Nalika Ki dalang kencuran menika
ndalang wonten ing nDalem Suryamentaraman mbeta gawan waranggana Condro Lukito saha Niken Savitri. Condro Lukito saha Savitri rumiyin minangka
waranggana ingkang kawentar amargi kagungan cengkok suwanten ingkang elok. Lampahipun cariyos ingkang nate dipunbabar wonten ing nDalem
Suryamentaraman inggih menika : Kresna Duta, Rama Tambak, Anggada Duta, Parta Kromo, Babat Alas Wanamarta saha Perang tanding Karna –Arjuna,
Kulawarga Bharata: wonten ing perang tanding Baratayudha. Lelampahan menika lelampahan ingkang dipunremeni dening nDoro Kanjeng, amargi nDoro Kanjeng
menika minangka Senopati ingkang asring maju perang. Mila lelampahan ingkang dipunremeni lelampahan ingkang ngewrat bab perang tanding.
Kawontenan pagelaran ing nDalem Suryamentaraman narik kawigatosanipun Pariyem. Pariyem mriksani saben tataran pagelaran seni
tradisional menika dipungelar. Babagan lampahipun pagelaran seni tradisional Jawi ing nDalem Suryamentaraman, dipuncariyosaken Pariyem ing pethikan
novel PP menika.
“ Gemelan talu sudah mengalun
Sejak petang, mulai pukul delapan Dan suara sindhen meningkat naik
Disisi senggakan para wiyaga Aduh, jempol
kaki saya kesandung Unduk-undakan trotoar Maliboro
PP.1984 :92
183
Gangsa wiwit dipuntabuh wiwit jam wolu ndalu. Waranggana ugi sampun wiwit nyidhen kanthi senggakan-senggakan saking para wiyaga saengga suasana
katingal regeng. Senajan pagelaran ringgit menika minangka cara kangge ngraketaken sesambetan antawisipun Gusti kaliyan kawula, ananging kawula
kedah manut dening tatanan Kraton. Kawula alit kados dene Pariyem namung dipunkeparengaken ningali ringgit saking njawi Kraton, katinggal nalika jempol
sukunipun kesandung trap angga trotoar Malioboro. Lempahan nalika Pariyem kesandung trapangga trotoar Malioboro paring pratanda bilih antawisipun kawula
dhateng Gustinipun kedah wonten tatakramanipun.
2.15 Wanodya ingkang kagungan sipat prasaja