Wanodya ingkang kagungan sipat prasaja

183 Gangsa wiwit dipuntabuh wiwit jam wolu ndalu. Waranggana ugi sampun wiwit nyidhen kanthi senggakan-senggakan saking para wiyaga saengga suasana katingal regeng. Senajan pagelaran ringgit menika minangka cara kangge ngraketaken sesambetan antawisipun Gusti kaliyan kawula, ananging kawula kedah manut dening tatanan Kraton. Kawula alit kados dene Pariyem namung dipunkeparengaken ningali ringgit saking njawi Kraton, katinggal nalika jempol sukunipun kesandung trap angga trotoar Malioboro. Lempahan nalika Pariyem kesandung trapangga trotoar Malioboro paring pratanda bilih antawisipun kawula dhateng Gustinipun kedah wonten tatakramanipun.

2.15 Wanodya ingkang kagungan sipat prasaja

nDoro Kanjeng Cokro Sentono menika minangka priyayi ingkang dipunwawas wicaksana, mila kathah tiyang ingkang sami ngangsau kawruh dhateng piyambakipun. Wonten ndalem Suryamentaraman para siswanipun nDoro Kanjeng menika sami pikantuk piwulang-piwulang luhur saking nDoro Kanjeng. Piwulang luhur ingkang dipunwejangaken dening nDoro Kanjeng dipunwastani dening pariyem piwulang ingkang elok saha damel manah kesengsem. Pariyem minangka babu ingkang ngabdi wonten ing ndalem Suryamentaraman ugi asring mirengaken piwulang ingkang dipunwejangaken nDoro Kanjeng dhateng siswanipun, ananging Pariyem boten badhe keminter. Babagan solah bawanipun Pariyem sasampunipun pikantuk piwulang luhur wonten ing pethikan novel PP menika. ............................................................. Sedang piwulang yang diwejangkan Kepada para siswa nDoro Kanjeng yang elok dan bikin kesengsem 184 Saya dengarkan dan saya rasakan pun saya resapkan ke dalam kalbu -sebagai pesugihan batin Ah, ya jika saya suka ngomong bukan maksud saya mulang sampeyan Terang, saya tak punya pendidikan saya pun tak pantas kasih piwulang ................................................................... PP.1984 :97 Sedaya piwulang wau namung badhe dipunsidhem wonten manah saha dipunraosaken kangge piwulang dhirinipun pribadi. Sedaya seserepan badhe dipunsidhem minangka pesunggihan batin ingkang boten badhe dipunumukaken dhateng tiyang sanes. Menawi Pariyem ngandharaken wonten salebeting pengakuan boten teges Pariyem mulang Mas Paiman. Pariyem wantun ngandhareken dhateng Mas Paiman amargi mas Paiman menika minangka room pastur ingkang kagungan kwajiban mirengaken sedaya pengakuan dosanipun umat. Pariyem namung lare dhusun ingkang boten gadhah pendidikan saengga Pariyem boten gadhah ancas badhe mulang mas Paiman. Sedaya wau namung minangka seserepan ingkang dipunpanggihi wonten salebeting gesangipun Pariyem. Jalaran kawontenan gesangipun Pariyem kapetang awrat tinimbang gesangipun tiyang sanes kados pethikan novel PP ing ngandhap menika. .............................................................. Dan oleh kehidupan saya pun diajar Pahit-getirnya bak jamu brotowali ......................................................... PP.1984 :97 Pagesangan ingkang sampun paring piwulang bab pahit-getiripun pagesangan ingkang pahitipun kados jampi brotowali miturut Pariyem. Ananging amargi asring mirengaken wejanganipun nDoro Kanjeng menika, Pariyem dados kiat 185 nglampahi gesang senajan pahit. Jalaran pesugihan batinipun sampun kathah, mila Pariyem saged tatag nglampahi gesang senajan pahitipun kados brotowali.

2.16 Wong Jawa nggoning rasa