Metode Panaliten Sumber Panaliten Caranipun Ngempalaken Data Pirantosing Panaliten

22

BAB III CARA PANALITEN

A. Metode Panaliten

Metode panaliten ingkang dipungginakaken dening panaliti inggih menika metode hermeneutik. Hermeneutik miturut Ricoeur Sumaryono, 1999: 106 migatosaken teges makna sastra ingkang sinandi wonten ing simbol-simbol. Panaliti kedah nggatosaken teks saha konteks saengga teges makna badhe dipunpanggihi kanthi wetah Endraswara, 2003 :38. Panaliti hermeneutik gadhah pedamelan ingkang kathah, amargi panaliti boten namung migatosaken njawinipun karya sastra kemawon ananging ugi kedah saged ndhedhah teks kanthi boten nilar konteksipun.

B. Sumber Panaliten

Sumber data primer panaliten Novel Pengakuan Pariyem ingkang dipunkaji ngginakaken kajian heremeneutik Paul Ricoeur. Cithakan kaping kalih tahun 1984, kacithak dening Percetakan Sinar Harapan Jakarta. Dipunanggit dening Linus Suryadi A.G ingkang ngewrat 256 kaca.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Teknik ngempalaken dipunlampahi kanthi cara maos sumber data primer kanthi heuristik pinuju hermeneutik. Ancasipun maos kanthi cara heuristik supados saged gampilaken proses manggihaken data. Kanthi maos kanthi heuristik badhe dipunpanggihaken totalitas tegesipun saha saged wonten sesambetan batin antawisipun panaliti kaliyan novel PP. 23 Salajengipun panaliti badhe mlebet wonten tataran maos kanthi cara hermeneutik. Maos kanthi hermeneutik minangka cara maos ngantos manggihaken teges makna ingkang wetah saha terpadu wonten ing istilah-istilah kultur Jawa Novel pengakuan Pariyem. Isilah-istilah kultur Jawa menika salajengipun dipunanalisis ngginakaken kajian hermeneutik Paul Ricoeur.

D. Pirantosing Panaliten

Panaliten menika ngginakaken pirantining panaliten arupi kartu data. Miturut Endraswara 2011: 101 data ingkang cumawis panci kathah, boten terstruktur, mila panaliti kedah ngempalaken data ngginakaken kertu-kertu alit. Mila Istilah-istilah kultur Jawa ingkang minangka data wonten ing panaliten menika, sasampunipun dipunwaos lajeng dipunserat wonten salebetipun kertu. Kertu data awujud tabel saking lembaran HVS kanthi ukuran 15 cm x 20 cm. Wujudipun kertu ingkang dipungginakaken : Table 1 . Kartu data penelitian kategorisasi wujud kebudayaan Wujud kabudayan : Sistem sosial Donga ingkang dipunwujudaken nalika kelairan bayi Kaca kaping : 13-14 Penthikan novel PP : “Ya, ya, Pariyem saya Saya lahir di atas amben bertikar dengan ari-ari menyertai pula Oleh mbah dukun dipotong dengan tajamnya tujuh kali pisau cukur welat Bersama telor ayam mentah, beras, uang logam bawang merah dan bawang putih, gula, garam jahe dan kencur, adi ari-ari Sehabis dibersihkan dibungkus periuk tanah jadi Satu kemudian ditanam di depan rumah Ya, ya, telur: lambang sifat bayi baru lahir belum bisa apa-apa – murni – gulang-gulung tergantung pada yang tua Beras dan dhuwit semoga hidup kita kecukupan logam: lambang harap 24 dalam hal sandang, pangan, dan uang Bawang merah dan bawang putih, gula, garam jahe dan kencur: lambang pahit-manisnya hidup yang bakal berjumpa dan terasakan, agar: jangan terlalu sedih bila mendapat kesusahan jangan terlalu bergembira bila mendapat kesenangan Dengan upacara kecil adik ari-ari di depan pintu sebelah kanan bila bayi laki-laki pun dikubur di depan pintu sebelah kiri bila bayi perempuan Dipanjar diyan sampai bayi umur selapan Table 2 . Nilai sosial budaya,wujud kabudayan saha kategorisasi No. Data Nilai sosial budaya Pethikan Data Sistiem ide Sistem sosial SMG SMS SMA Katrangan: SMG Sesambetanipun Manungsa kaliyan Gusti SMS Sesambetanipun Manungsa kaliyan Sesami SMA Sesambetanipun Manungsa kaliyan Alam

E. Cara Nganalisis Data