Underaning Perkawis Watesaning Panaliten Wosing Panaliten Ancasing Panaliten

4 menika lajeng saged katingal wujud kabudayan ingkang wonten ing salebeting karya sastra. Mila sedaya kala wau kedah dipundhedhah ingkang langkung ngginakaken kajian hermeneutik supados pamaos saged mangertos saha paham jumbuh kaliyan konteks latar sosial budaya Jawi ingkang dados dhasar panyeratan novel PP. Mekaten, pamanggih - pamanggih ingkang dados dhasaring panaliten kanthi irah -irahan : “Kajian Hermeneutik sistem ide saha sistem sosial wonten ing Istilah-istilah Kultur Jawa wonten ing Novel Pengakuan Pariyem Anggitanipun Linus Suryadi AG”. Panaliten menika dipunlampahi amargi taksih dereng kathah panaliten babagkan kajian hermeneutik istilah-istilah kultur Jawa ingkang objekipun karya sastra awujud Novel.

B. Underaning Perkawis

Wonten panaliten menika analisis dipunpusataken wonten PP minangka salah satunggalipun karya sastra ingkang kagolong narik kawigaten saking aspek basa saha kawontenan sosio historis ingkang dados ndasaring panyeratan. Awit saking menika kangge ngampilaken pemahaman panaliti ndudut mapinten-pinten perkawis, wonten ing ngandhap menika. 1. Menapa kemawon wujud sistem ide wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP. 2. Menapa kemawon wujud sistem sosial wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP. 5

C. Watesaning Panaliten

Panaliten menika badhe dipunwatesi wonten perkawis-perkawis ingkang gayut kaliyan kajian hermeneutik, inggih menika gayut kaliyan isi saha makna ingkang katinggal tumuju wonten makna ingkang boten katingal. Perkawis – perkawisipun inggih menika: 1. wujudipun sistem ide wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP. 2. wujud sistem sosial wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP.

D. Wosing Panaliten

Adhedasar dhasaring panaliten wonten ing inggil, panaliti mendhet wosing perkawis antawisipun : 1. wujudipun sistem ide wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP? 2. wujud sistem sosial wonten ing istilah-istilah kultur Jawa ingkang dipunginaaken salebetipun novel PP?

E. Ancasing Panaliten

Panaliten menika ancasipun saged mangertosi sistem ide saha sistem sosial wonten ing istilah-istilah kultur Jawa novel PP anggitanipun Linus Suryadi A.G ingkang dipunanalisis ngginakaken kajian hermeneutik. Saking asilipun analisis badhe dipunpanggihaken nilai sosial budaya Jawa ingkang bangun karya sastra novel PP menika. Saengga Panaliti saged paring deskripsi saha katrangan 6 ingkang lebet saking nilai sosial budaya Jawa ingkang dipunpanggihaken wonten salebetipun novel PP.

F. Paedahing Panaliten