Tiyang Jawi ingkang dadosaken kesenian Jawi minangka pangupa jiwa

134 langkung remen ongkang-ongkang ing amben pawon sinambi kalaning nganggur. Ongkang-ongkang pakulinan tiyang Jawi nalika nembe lodhang utawi minangka wujud kebebasan nalika nganggur. Tiyang ingkang sampun saged ongkang- ongkang ateges tiyang menika sampun boten gadhah bot repot kados dene Pariyem. Sinambi ongkang-ongkang nalika nganggur, Pariyem muter radio ingkang mbiwarakaken uyon-uyon saha karawitan gadhon siang “Perkutut Manggung”. Uyon-uyon inggih menika gending gongsa ingkang boten ngginakaken beksa. Gendhing gangsa tumrapipun tiyang Jawi saged damel manah tentrem, amargi suwantenipun alus. Pariyem mastani menawi mirengaken gendhing gangsa menika saged damel manah asrep senajan hawanipun benter prungsang. Menapa malih menawi mirengaken Condro Lukita nyidhen, cengkokipun saged damel Pariyem gumun. Sedaya cara ingkang dipuntindakaken dening Pariyem kala wau kejawi saged ngelilipur manah ugi minangka cara kangge nguri-uri kabudayan luhur tiyang Jawi.

2.4 Tiyang Jawi ingkang dadosaken kesenian Jawi minangka pangupa jiwa

Saben tiyang ingkang gesang ing jagad menika kagunganpangupa jiwa ingkang beda-beda. Pariyem nyariosaken pangupa jiwa bapak saha simbokipun ingkang dados bibit wiwitipun Pariyem wonten ing jagad menika. Wiwit saking asma tiyang sepuhipun ngantos pakaryan ingkang nate dipuntindakaken dening tiyang sepuhipun kados pethikan novel PP menika. Pada jaman sebelum G-30-SPKI Bapak saya pemain Kethoprak ulung Suwito nama kecilnya Karso Suwito nama tuanya Gonjing nama panggilanya Paguyuban kethoprak bapak laris banget, lho 135 ................................................................... sampai perleng sebulan segala ................................................................. Bapak saya biasa berperan bambangan banyak benar wanita kepencut sama bapak saya Apabila bila dia sudah gandrung-ura-ura- Para penonton terharu hilang kata ........................................................... PP.1984 : 31-32 Sampun dados tradisi masarakat menawi tiyang Jawi menika kagungan asma langkung saking setunggal. Wonten jeneng nami alit, asma sepuh saha nami parapan . Jeneng nami alit menika name kelairan utawi tetenger nami raga, lajeng Asma sepuh menika sesebutan. Nami alit dipunparingaken nalika tiyang menika lair. Lajeng asma sepuh dipunparingaken nalika tiyang menika wiwit emah-emah. Padatanipun dipunsarengaken kaliyan upacara adat mantu. Miturut Djojodigoeno Herusatoto 2001: 95 upacara ingkang paring pralambang peralihan jeneng ingkang satunggal dhateng jeneng sanesipun. Bapakipun Pariyem kagungan nami alit Suwito , asma sepuh Karso suwito saha nami paraban Gonjing. Asma sepuh padatanipun dipunpendet saking nami alit lajeng dipuntambahi. Tuladhanipun nami alit Suwito, lajeng dipuntambahi Karso dados Karso Suwito minangka asma sepuh. Menawi nami parapan namung minangka nami akrab ingkang dipunjumbuhaken kaliyan kawontenanipun tiyang ingkang dipunparapi menika. Tuladhanipun : Gepeng amargi tiyang menika sirahipun gepeng, Merit amargi tiyang menika badanipun alit langsing. Semanten ugi bapakipun Pariyem ingkang kagungan nami parapan Gonjing, nami menika dipunpilih mbok menawi amargi bapakipun Pariyem remenipun obah utawi boten saged mendel. Limrahipun wonten ing masarakat Jawi nami parapan langkung 136 populer tinimbang nami alit saha asma sepuh. Rumiyin bapakipun Pariyem menika dados paraga kethoprak ingkang ulun. Saben pagelaran kethoprak bapakipun Pariyem mesthi kemawon ndherek ngantos dangunipun satunggal wulang perleng boten nate prei. Nalika dados paraga kethoprak asring dados paraga bambangan utawi paraga kakung enem ingkang dados lakon seri. Paraga bambangan menika kedah saged ngandrung sinambi ura-ura mila bapakipun Pariyem temtu wasis gandrung saha ura-ura. Gandrung menika maragakaken lakon kasmaran, sedaya pangandikanipun kebaking pangalembana saha prasetya ingkang migunakaken tetembungan ingkang endah. Wonten ing tengah- tengahipun gandrung padatanipun paraga bambangan menika ura-ura saha mbeksa kados tiyang ingkang ngibing. Saking bagusipun pasuryan saha kaprigelanipun paraga bambangan, mila kathah para wanita ingkang mriksani pagelaran kethoprak menika remen. Menawi bapakipun Pariyem rumiyin kagungan pakarya dados paraga kethoprak, simbokipun Pariyem ugi kagungan pakaryan ing jagading seni dados ledhek. Kacariyosaken dening Pariyem wonten pethikan novel PP menika. “Sedang simbok saya jadi Ledhek Parjinah nama kecilnya Jinah nama panggilannya Tapi di jagad pesindhenan Niken Madu kenter julukannya ............................................ PP. 1984: 32 Simbokipun Pariyem kagungan nami alit Parjinah, Jinah nami cekakanipun lajeng Niken Madu kenther parabanipun. Menawi tiyang estri ingkang sampun krama sajatosipun ugi kagungan asma sepuh, ananging asma menika sipatipun 137 namung tut wuri asmanipun ingkang kakung. Parabanipun Niken Madu Kenter mbok menawi dipunjumbuhaken kaliyan kaprigelanipun nalika mbeksa dados ledhek. Simbokipun Pariyem menika kalebet ledhek ingkang laris pikantuk tanggapan saha dados ledehek primadona. Babagan lelampahan simbokipun Pariyem nalika tayuban, dipunandharaken ing pethikan novel PP menika. ............................................................... Simbok pun laris ditanggap Tayuban bersama sejumlah kawan seangkatannya -komplot Ledhek yang berusia sebaya Simbok adalah bintang primadonanya Bila sudah ngibing mas –wuah- Pak Lurah, Pak Mantri, Pak Camat bahkan para wedana dan Pak Bupati naik turun kala-menjingnya Hasrat mangku wanodya bangkit-mana tahan- Sangat kepingin menayub simbok Dengan, sabar, menunggu giliran Apabila hari larut malam PP.1984 : 32 Jinah utawi Simbokipun Pariyem ingkang kagungan pakaryan dados ledhek tiyang ingkang mbeksa jinisipun tayuban. Irama gedhingipun gumyak, temponipun mbeksa ugi cepet mila para priya ingkang mriksani temtu remen. Menapa malih tiyang-tiyang ingkang kagungan kalenggahan kados Lurah, Camat, Bupati lsp temtu kagungan pepinginan ingkang langkung amargi kiat nyawer. Nalika jinah sampun ngibing para priyayi ingkang kagungan kalenggahan sampun adreng sanget mangku Jinah, katingal saking kala menjingipun ingkang mandhap-minggah. Para panguwasa menika ngantos kersa nengga giliran supados saged sare kaliyan jinah bibar mbeksa. Lelampahan menika ingkang saged njalari pakarya ledhek pikantuk pambiji ingkang awon ing masarakat. Malah kepara 138 wanita ingkang dados ledhek menika asring pikantuk sebutan sundel wanita ingkang saged dipungilir.

2.5 Tiyang Jawi ingkang awon pakartinipun