Sepasaran bayi Sesambetaning Manungsa kaliyan Gusti

94 mendhem saenipun bapakipun bayi ngagem ageman Jawi jangkep saha ngagem wangi-wangi kangge paring tuntunan supados benjang bayi menika nuladani tumindakipun bapakipun.

1.2 Sepasaran bayi

Damono wonten ing Wardani, 2009: 2 karya sastra boten saged dipunpahami kanthi jangkep menawi dipunpisahaken saking lingkungan utawi kabudayan utawi peradapan ingkang ngasilaken. Lingkungan masarakat ingkang ngasilaken kabudayan saged dipuntingalli saking peristiwa sosial ingkang wonten salebeting novel PP. Peristiwa sosial ingkang wonten ing salebeting novel PP antawisipun upacara adat separasan bayi, kados pethikan novel ing ngandhap menika. “Ya, ya, Pariyem saya Kata bapak, nama itu membawa tuah Dia berikan ketika saya umur 5 hari -sepasaran, bahasa populernya. ………………………………………. PP. 1984 : 14 Upacara sepasaran dipunadani nalika Pariyem umur gangsal dinten, sareng menika Pariyem dipunparingi jeneng nami dening Bapakipun. Dening masarakat Jawi, gangsal dinten menika asring dipunwatani sepasaran. Padatanipun nalika bayi umuripun gangsal dinten, bayi menika tali puseripun sampun pethil utawi puput. Tiyang Jawi mastani “Ilang Puser ganti Jeneng”, tegesipun nalika tali puser menika pethil, bayi dipunparingi jeneng nami. Nami ingkang dipunparingaken dening tiyang sepuh panci saged damel kabegja menawi Gusti Allah paring palilah. Tiyang Jawi sami mastani menawi “jeneng kuwi jenang” tegesipun menawi jeneng menika sae saha pikantuk palilah saking Gusti Allah, lare ingkang gadhah jeneng menika badhe manggihi jenang kabegjan ingkang sae. Ubarampe 95 ingkang kedah dipunsamektakaken nalikan nindakaken upacara sepasaran kados andharan wonten pethikan novel PP menika. ……………………………………………………… Maka tersedialah di tikar di lantai, di tanah : Jenang abang : lambang kesucian si jabang bayi Jenang putih : lambang cahya yang menerangi alam Ingkung ayam : lambang keutuhan badan wadhag telanjang Nasi tumpeng dan gudhangan: lambang pergaulan hidup yang kelak memperkaya pengalaman Jenang sungsum : lambang harap, semoga otot bayu simbok bayi yang melahirkan pulih segar bugar sebagai sediakala Dan jabang bayi kian kokoh daya kekuatannya …………………………………………………………. PP. 1984 : 14-15 Jenang abrit minangka Pralambang bilih jabang bayi ingkang lair taksih suci. Jenang pethak pralambang cahya ingkang damel padang jagad menika. Ingkung ayam pralambang bilih badan wadhag ingkang wetah saha nglegena. Sekul tumpeng saha gudhangan minangka pralambang bilih bayi menika badhe nglampahi sesrawungan wonten ing pagesangan. Jenang sungsum pralambang pangajeng-ajeng supados otot bayu simbok bayi saged pulih seger kuwarasan kados rumiyin saha bayi langkung kiat. Sasampunipun ubarampe menika samekta dipunlajenganken upacara kenduren kados pethikan novel PP ing ngandhap menika. …………………………………………… Dalam upacara kenduri di kampong Berkeliling para tetangga satu dusun -duduk bersila berkalang ……………………………………………. PP. 1984 : 15 96 Intinipun saking upacara adat sepasaran inggih menika kenduren, ingkang dipunrawuhi tetanggi dhusun. Ancasipun ngepyakaken tetanggi satunggal dhusun supados mangertos jeneng nami bayi ingkang dipunparingaken dening tiyang sepuhipun. Kejawi menika ugi nyuwun donganipun tiyang kathah supados gesangipun bayi menika pikantuk berkah saking Gusti Allah. Kangge nindakaken upacara adat kenduren menika tiyang-tiyang menika lenggah sila. Lenggah sila minangka simbol kesopanan tumrapipun tiyang Jawi. Sae menika sopan dhateng sesami menapa dene dhateng Gusti Allah. Lajeng tegesipun berkalang menika jejer mubeng minangka wujud masarakat ingkang manunggal. Rumaket dhateng sesami kangge dedongan dhateng Gusti Allah. Tatacara nindakaken kenduren kados ingkang dipunandharaken ing novel PP menika. ………………………………………………… Sedang doa dihantarkan oleh pak kaum : Doa keselametan bagi simbok yang melahirkan dan doa keselamatan bagi bayi yang dilahirkan Pada Sang Hyang Murbeng Jagad- bersyukur- …………………………………………………….. PP. 1984 : 15 Kaum miturut tiyang Jawi dipunwawas tiyang ingkang kawoggan nglantaraken donga dhateng Ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos. Kejawi menika kaum ugi dipunwawas kuwaos masrahaken sajen ubarampe upacara adat ingkang dipuntindakaken. Donga ingkang dipunsuwun supados simbok saha bayinipun tansah pinaringan keslametan. Donga sanes inggih menika dongan syukur awit Sang Hyang Murbeng Jagad sampun paring nugroho awujud bayi. Murbeng menika saking tembung Murba + ing tegesipun Nguwaosi jagad. 97 Nalika sasmpun katindakaken upacara kenduren ingkang dipunwawas minangka inti saking acara sepasan bayi, enjingipun katindakaken upacara among-among. Ancasipun nindakaken upacara among-among sampun kaandharaken wonten penthikan novel PP menika. ………………………………………. Esok paginya ada among-among dibagikan kepada bocah-bocah: Semoga bala dan sawan –pergi- menyingkir dari jagad saya PP. 1984: 15 Among-among minangka upacara ingkang kaaturaken dhateng kakang kawah, adi ari-ari, kakang barep, adi wuragil sedulur papat saha nini-kaki among supados njagi keslametanipun bayi saking sedaya godha rencana. Among-among menika dumados saking sekul tumpeng minangka pralambang bilih gegayuhanipun lempeng lurus. Gudhangan minangka pralambang alam supados bayi menika tepang kaliyan alam. Tigan ingkang dipunsigar minangka pralambang minangka bayi menika sampun sigar saking alam kandungan ingkang wetah bunder dhateng jagad anyar. Tukon pasar minangka pralambang supados bayi menika tepang kaliyan boga ingkang pepak. Sekar setaman isine kembang setaman ganda arum padatanipun mawar, welati saha kenangan. Dongan kangge masrahaken among-among kados mekaten : “Aweh ngerti tetenger sedulur papat lima pancer kaki Among, nini Among sing momong ragane jabang bayi mulih lestari widada kali sing sambekala”. Sasampunipun dipunpasrahaken, sekar dipunbucal wonten papan ingkang dipunginakaken kangge mendem ari-ari embing- embing. Sekul gudhangan dipunparingaken dhateng lare-lare alit ingkang nyekseni, supados sarap sawaning bayi ical dipunbeta lare-lare alit menika. Sawan miturut 98 kapitadosan tiyang Jawi minangka bebendu ingkang saged damel badan tiyang menika ngraos asrep-benter. Mila sarap sawan menika kedah dipuntolak utawi dipunbucal kanthi srana among-among.

1.3 Jeneng nami minangka pusaka asma tumrap tiyang Jawi.