227
naas. Miturut Hadiatmaja- Endah 2009: 164 Wuku menika gungungipun tigang dasa 30, ing saben wuku umuripun pitung dinten. Gungungipun wuku
dipunpendhet saking asma Prabu Watugunung, kalih garwanipun saha pitulikur putra-putinipun. Nami- namipun Wuku miturut Hadiatmaja-Endah 2009: 166
inggih menika. 1.
Sinta 11. Galungan
21. Maktal 2.
Landhep 12. Kuningan
22. Wuye 3.
Wukir 13. Langkir
23. Mansil 4.
Kurantil 14. Mandhassya
24. Prangbakat 5.
Tolu 15. Julungpujud
25. Bala 6.
Gumbreg 16. Pahang
26. Wugu 7.
Warigalit 17. Kuruwelat
27. Wayang 8.
Warigangung 18. Marakeh
28. Kulawu 9.
Julungwangi 19. Tambir
29. Dhukut 10.
Sungsang 20. Mandhangkungan 30. Watu gunung.
3.2 Tuwuhipun ama minangka pratanda karma alam.
Sabin minangka sumber alam ingkang sami dipungulawenthah supados ngedalaken asil kangge nyekapi kabetahan. Pariyem saha kulawarga minangka
tiyang dhusun ugi namung saged ngandelaken asile olah tetanen saking sabin menika. Senajan samenika asilipun sabin sampun boten saged dipundadosaken
gatilaning gesang malih. Amargi taneman ingkang dipuntanem katerak ama, saengga damel bingung kadang tani wonten ing dhusunipun Pariyem kalebet
bapakipun Pariyem. Mila saking menika, para warga dhusun sami mbrasta ama ingkang nerak taneman kadang tani kados ingkang dipunandharaken ing pethikan
novel PP menika. ..............................................
Dengan bergotong royong
mereka tak kenal cape membentuk barisan semprot wereng
228
membentuk barisan tumpas wereng
Dengan lampu-lampu Petromax dan ati berang membentuk barisan grebeg tikus
membentuk barisan ganyang tikus
Segala macam racun, obat
Dan tetek bengek siasat
.................................................... PP. 1984 : 19
Wonten ing masarakat Jawi raos pasederekkanipun ageng sanget, mila nalika mbrasta ama wonten sabin ing dhusunipun Pariyem sedaya masarakat nyawiji.
Tiyang satunggal dhusun malah kepara satunggal Kalurahan menika dipunanggep sederek. Mila menawi tangga tepalih kagungan bot repot, badhe dipunbiyantu
sesarengan. Miturut Hadiatmaja 2011:43 gotong royong dipunwujudaken nalika ngayahi pakaryan kanthi sareng-sareng. Miturut Herusatoto 2001: 39 gotong
royong ugi minangka titikanipun kekeluargaan. Miturut Depdikbud 1982: 1 tembung gotong royong asalipun saking tembung “gotong” ingkang tegesipun
mikul saha “royong” tegesipun sesarengan. Kagiatan gotong royong lung tinulung dening masarakat desa asring dipunsebut sambatan utawi sambat
sinambat. Tembung sambatan asalipun saking tembung sambat ingkang tegesipun ngresula. Gayutipun kaliyan kagiatan gotong royong inggih menika sami-sami
kagungan pangertosan “tulung”. Lajeng tuwuh tembung nyambat tegesipun nyuwun tulung, salajengipun nuwuhaken kagiatan gotong-royong ingkang
dipunsebut sambatan, Depdikbud 1982: 3. Wonten ing novel dipunsebutaken masarakat dhusun ngawontenaken kagiatan gotong-royong nalika mbrasta ama
wonten ing sabin amargi tanemanipun katerak dening ama : tikus-wereng. Masarakat dhusun ngginakaken tangki-tangki ingkangdipun gendhong
kagunganipun Kalurahan. Jaman rumiyin ingkang kagungan tangki-tangki kangge
229
nyemprot ama menika namung para panguwasa. Kados dene televisi wonten ing jaman rumiyin ingkang kagungan namung Kalurahan. Beda kaliyan jaman
samenika saben griya sampun kagungan televisi. Piranti ingkang dipunginakaken kangge pepadang ngginakaken lampu petromax. Petromax menika lampu ingkang
ngginakaken bahan baken spritus, amargi dereng wonten listrik mila petromax dipunwawas lampu ingkang padang jaman rumiyin. Kanthi cara ingkang
mawarni-warni tetek bengek, obat kimia saha racun ananging boten saged kasil. Ama tetep kemawon kathah saengga njalari kadang tani gagal panen.
.................................................... O. Allah, Gusti nyuwun ngapura
apakah ini namanya karma alam? ...................................................
PP. 1984 :19
Manungsa sampun ngupaya ananging tetep kemawon kadang tani gagal panen.
Mila tuwuh pitakenan saking manahipun Pariyem, menapa menika sedaya minangka ukum karma? amargi manungsa sampun tumindak boten adil kaliyan
alam. Wana sampun dipungunduli dening manungsa mila kewan alas kados tikus sami mlajar wonten sabin amargi papanipun sampun dipunrusak dening
manungsa. Angenipun ngicali ama ugi ngginakaken obat saha racun kimia ingkang samangke saged damel siti boten subur malih.
3.3 Gagal Panen ingkang dipunlampahi dening masarakat dhusun