130
Sentono ing nDalem Suryamentaraman kados rumiyin. Babagan pengakuanipun Pariyem bilih taksih gadhah status ingkang sami wonten ing pethikan novel PP
menika.
.................................................. Mas Paiman, O, mas Paiman
Saya tetap tinggal sebagai sediakala saya tetaplah sebagai babu yang setia
Sebagai babu nDoro Kanjeng Cokro Sentono di nDalem Suryamentaraman Ngayogyakarta
PP.1984 : 191-192
Pariyem tetep kemawon dados babu ingkang setia ngabdi kanthi lega-lila-legawa. Boten wonten tuntutan saking Pariyem, senajang Pariyem sampun nyaosi wayang
dhateng nDoro Kanjeng Cokro Sentono. Mekaten caranipun Pariyem nglampahi tekdir ingkang kebaking kepasrahan kangge nglampahi gesang.
2. Sesambetanipun manungsa kaliyan sesami
2.1 Tiyang alit wong cilik minangka kaum buruh
Tiyang gesang wonten ing alam donya menika betahaken pangupa jiwa kangge nyekapi kabetahan sandhang, pangan menapa dene papan. Pangupa jiwa
menika kathah warninipun. Saben tiyang kagungan kamardikan kangge milih jinisipun pangupa jiwa gumantung saking kaprigelan ingkang dipungadhahi.
Semanten ugi bapakipun Pariyem, minangka kepala keluarga ingkang kagungan kuwajiban kangge nyekapi kabetahanipun kulawarga ugi kagungan pangupa jiwa
kados pethikan novel PP menika. ...………………………………
Memang, bapak saya seorang petani, kok Tapi Cuma menggarap bengkok pak sosial
Tidak jembar sama sekali …………………………….
PP. 1984 : 15
131
Bapakipun Pariyem gadhah pangupa jiwa tani, ananing namung buruh pelungguhipun bengkok pak sosial. Tiyang buruh menika gadhah kuwajiban
garap sabin ngantos panen, lajeng asilipun dipunparo. Menawi tanemanipun pantun dipunpalih dodos kalih ananging menawi palawija dipunpalih sepertelon
kaliyan ingkang kagungan sabin. Pelungguh bengkok minangka sabin ingkang dipunpasrahaken dhateng pamong desa kadosta pak sosial minangka bayar
anggenipun darmabaktekaken dhirinipun wonten ing Kantor Desa Kalurahan. Kejawi bapakipun Pariyem ingkang kagungan pangupa jiwa, rayi saha
simbokipun Pariyem ugi kagungan pangupa jiwa kangge mbiyantu nyekapi kabetahanipun kulawarga, kados ingkang dipunandharaken Pariyem wonten
pethikan novel PP ing ngandhap menika. ........................................................
Pairin mengayam caping di rumah
Painem membantu simbok di pasar
Sedang bapak seharian di sawah Buruh, sibuk
mengolah tanah
PP. 1984: 15
Simbok saha bapak minangka sesebutan ingkang nuduhaken menawi tiyang menika asalipun saking golongan ekonomi rendah wong cilik. Masarakat Jawi
golongan wong cilik gadhah panganggep menawi ngginakaken tembung simbok saha bapak tinimbang bapak saha Ibu. Jinisipun pangupa jiwa ugi nuduhaken
menawi kulawarganipun Pariyem saking golongan wong cilik. Pairin gadhah pedamelan ngayam caping, Painem mbiyantu simbokkipun mande dhateng peken
saha bapakipun minangka buruh wonten sabin.
132
2.2 Andum katresnan minangka lantaran wiwitaning manungsa gesang.