249
ngodhogaken toya. Nalika putra ek-ek ibu ingkang nyawiki. Nalika putranipun mak-em ibu ingkang kedah ndulang. Tansah dipunpangku saha dipungendhong
nalika ibunipun tindak-tindak. Kasih sayangipun ibu menika kekal ngantos ibu menika tilar donya. Raosipun ibu langkung sedhih nalika mriksani putranipun
seda, tinimbang putra ingkang mriksani ibunipun tilar donya. Kados lelampahanipun Dewi Kunthi ingkang muwun keranta-ranta nalika mriksani
putranipun Basukarna seda wonten astanipun putranipun ugi Arjuna. Mekaten labuh labet saha kodratipun wanita nalika gesang wonten alam donya.
3.10 Wanodya ingkang kagungan tanggel jawab langkung dhateng putra
Dumugi wekdalipun Pariyem babaran, jabang bayi lair kanthi pinaringan kabagas warasan. Jabang bayi ingkang dipunantu-antu wontenipun dening
Pariyem. Jalaran jabang bayi menika dipunwawas dening Pariyem saged ningkataken drajatipun kulawarga. Saged dadosaken benang merah katurunan
nDalem Suryamentaraman saha dhusun Wonosari. Mila lairipun jabang bayi menika dipunantu-antu sanget dening Pariyem. Babagan babaranipun Pariyem
kaandharaken wonten ing pethikan novel PP ing ngandhap menika.
“ TIGA bulan pun sudah berlalu Betapa cepat waktu menggelandang
Menggelinding kehidupan insan dan si thuyul sudah lahir –sehat-
Dan nDoro Kanjeng memberi tetenger Endang Sri Setianingsih
namanya
“Yeah, nDoro Ayu dan nDoro Putri Berdua sempat nungkuli kelahirannya
Alhamdullilah, berjalan lancar tanpa ada darah nggladrah di lantai
tak ada operasi dokter rumah sakit Lha, pinggul saya sudah gede, kok
:mempergampang kelairan anak saya
250
mempergampang melahirkan anak ...........................................................
Dengan bantuan mbah dukun di dusun mbah dukun
di dusun di Gunung Kidul bayi
saya didadah, saya pun dipijat sampai bayi mencapai umur selapan
Apabila saya berkaca di pengilon betapa pucat pasi wajah saya
badan lemes kehabisan tenaga ......................................................
Wooh, rasanya sudah kapok melahirkan Lha ya, tapi dasar perempuan:
Bilangnya kapok tapi kok tuman ......................................................
Lha ya, jangan meleh-melehke, mas bila suatu hari nanti saya meteng
dan kudu melahirkan bayi kembali- Lha ya, mau bagaimana lagi, ta
enak, kok Kepenak
PP.1984 :180-181
nDoro Ayu saha nDoro Putri nungkuli jabang bayi ingkang dipunlairaken dening Pariyem. nDoro Kanjeng paring tetenger nami Endang Sri Setianingsih. Pariyem
saha Endang pinaringan kalancaran awit pitulunganipun Gusti Allah. Boten wonten rahipun Pariyem ingkang nggladrah wonten ing njobin. Bocongipun
Pariyem kapetang ageng saengga gampilaken bayinipun medal. Boten wonten dokter, boten wonten rumah sakit, Pariyem babaran namung dipuntulung dening
mbah dukun dhusun. Mbah dukun Miturut Hadiatmaja –Endah 2009: 74 tiyang ingkang mbiyantu wanita babaran. Endang saha Pariyem dipundadah ngantos
ending umuripun selapan 35 dinten. Nalika Pariyem ningali raganipun wonten pengilon taksih katingal pucet pasuryanipun, badanipun taksih lemes amargi
tenaganipun dereng pulih. Pariyem ngandharaken menawi kemutan sakitipun nalika babaran, piyambakipun sampun kapok mbobot. Ananging kapokipun
251
wanita menika namung kapok Lombok, kapok ananging tuman. Tuman menawi kemutan nalika andum katresnan. Mila menawi mbenjang Pariyem mbobot malih
ampun dipunweleh-welehaken amargi menawi kemutan nalika andum katresnan raos kapok badhe ical.
Ananging nalika wekdal Endang lair Pariyem babaran, bapakipun Den Baguse saha eyangipun nDoro Kanjeng anggenipun rawuh kasep. Dados
nDoro Kanjeng saha Den Baguse boten saged mriksani nalika Pariyem nandang sakit jalaran ngedalaken Endang, asil katresnanipun Pariyem kaliyan Den Baguse.
Babagan boten saged rawuhipun Den Baguse saha nDoro Kanjeng dipunandharaken ing pethikan novel PP ngandhap menika.
“Waktu Endang Sri Setianingsih lahir Den Baguse terlambat datang
Sehari kemudian baru nongol sayang, dia sedang menempuh ujian
Demikian nDoro Kanjeng Cokro Sentono datangnya sepekan kemudian
Sayang, dia sedang ada di manca Negara sehabis menatar para dosen di Bulaksumur
Tapi asalkan keslametan melingkupi kami dan thuyul tak kurang suatu apa
Bagi saya berkah dan restunya tiba Sudah menyertai kami satu keluarga
sedang jagongan mbladheg sampai bayi umur 35 hari
Dan setiap malam Macapatan sampai jago kluruk
tiga kali
PP.1984 :181-182
Boten saged rawuhipun Den Baguse saha nDoro Kanjeng nalika Endang lair jalaran Den Baguse saweg ujian, lajeng nDoro Kanjeng saweg tindak dhateng
amanca sasampunipun paring penataran dhateng para dosen ing Bulaksumur. Senajan boten saged rawuh ananging berkah pangestunipun dumugi saengga
252
Pariyem saha Endang pinaringan keslametan. Tiyang Jawi pitados senajan priyayinipun boten saged rawuh, ananging donganipun tiyang sepuh menika
dumugi. Nalika Pariyem babaran menika dipunadani tradisi jagongan dangunipun 35 dinten selapan, dipunetang wiwit bayi menika lair. Tradisi jagongan
minangka wujud tirakatipun tiyang kathah kangge dongakaken bayi ingkang sampun lair. Miturut Hadiatmaja –Endah 2009: 106 pambagia kangge kelairan
bayi dipunsebut tirakat utawi jagongan bayen. Ingkang dipunrawuhi dening warga masarakat satunggal dhusun. Acara jagongan bayinipun Endang menika
dipunadani Macapatan. Miturut Endraswara 2010: 10 nyekar macapat menika nglampahaken utawi nyekaraken saha mendhet piwulang saking sekar macapat
menika. Macapatan nalika bayinipun Endang dipunlampahi ngantos jago kluruk kaping tiga antawisipun jam gangsal enjing.
Nalika kawontenanipun Pariyem dereng patos sehat lemes, simbokipun Pariyem ingkang mbiyantu ngulawenthah Endang. Babagan simbokipun Pariyem
anggenipun mbiyantu Pariyem ngulawenthah Endang wonten ing pethikan novel PP menika.
“
Waktu tubuh saya masih lemah belum sanggup berbuat apa-apa
Simboklah yang sibuk merawatnya sungguh Dia penuh pengalaman
Simbok menggedhong, simbok menggendon mengganti popok penuh kasih sayang
Painem suka menyaksikan : ndomblong betapa kepingin benar dia mbopong
............................................................. Dan waktu saya neteki pertama kalinya
O, Allah, gelinya setengah mati, mas Dengan bibir, lidah dan gusinya lembut
253
penthil saya dikenyut-kenyut
..................................................... PP.1984 :182
Wonten raos boten mentala ingkang mapan wonten batinipun Parjinah simbokipun Pariyem nalika mriksani Pariyem kasarasanipun dereng pulih. Mila
manahipun Parjinah gumregah kangge mbiyantu ngrumat Endang ingkang taksih dados bayi abrit. Minangka simbahipun Endang, Parjinah ingkang ngedhong,
ngendhong saha ngantos popokipun Endang. Painem rayinipun Pariyem ngantos ndomblong nalika ningali simbokipun ngulawenthah Endang. Tuwuh pepinginan
wonten dhiripun Painem, kepingin ngemban Endang. Pariyem pikantuk seserepan ingkang sepisanan nalika Pariyem kedah neteki Endang. Payudaranipun
dipunkeyut dening Endang ngantos Pariyem ngraos keri. Ananging sampun dados kodratipun wanita kedah paring susu dening putranipun. Toya susu menika
dipunwastani kagungan mumpangat ingkang ageng tumrap kasarasanipun bayi. Saking agenging raosipun Pariyem kepingin nyawang Endang enggal-
enggal ageng, mila saking Endang taksih bayi abrit Pariyem sampun gadhah reng- rengan. Pariyem ngereng-reng benjang menawi Endang sampun radi ageng saged
mesem, badeh enggal-enggal dipundulang supados enggal ageng. Babagan reng- renganipun Pariyem kangge Endang wonten ing pethikan novel PP menika.
“ Bila sudah bisa senyum ketawa
Tak hanya pinter nangis dan ngompol Endang nanti saya dulang pisang
Dan oleh-oleh simbok jenang la-ang Among-among selapan sepisan
Jatuh pada hari kelahirannya PP.1984 :182
254
Pariyem sampun ngereng-reng benjang Endang badhe dipundulang pisang saha jenang la-ang oleh-olehipun Parjinah saking peken. Menawi selapan sepindhah
nalika dinten kelairanipun Endang badhe dipundamelaken among-among. Among-among minangka upacara ingkang kaaturaken dhateng kakang kawah, adi
ari-ari, kakang barep, adi wuragil sedulur papat saha nini-kaki among supados njagi keslametanipun bayi saking sedaya godha rencana. Among-among menika
dumados saking sekul tumpeng minangka pralambang bilih gegayuhanipun lempeng lurus. Gudhangan minangka pralambang alam supados bayi menika
tepang kaliyan alam. Tigan ingkang dipunsigar minangka pralambang minangka bayi menika sampun sigar saking alam kandungan ingkang wetah bunder
dhateng jagad anyar. Tukon pasar minangka pralambang supados bayi menika tepang kaliyan boga ingkang pepak. Sekar setaman isine kembang setaman ganda
arum padatanipun mawar, welati saha kenangan. Dongan kangge masrahaken among-among kados mekaten : “Aweh ngerti tetenger sedulur papat lima pancer
kaki Among, nini Among sing momong ragane jabang bayi mulih lestari widada kalis ing sambekala”. Sasampunipun dipunpasrahaken, sekar dipunbucal wonten
papan ingkang kangge dipunginakaken mendhem ari-ari embing- embing. Sekul gudhangan dipunparingaken dhateng lare-lare alit ingkang nyekseni, supados
sarap sawaning bayi ical dipunbeta lare-lare alit menika. Sawan miturut kapitadosan tiyang Jawi minangka bebendu ingkang saged damel badan tiyang
menika ngraos asrep-benter. Mila sarap sawan menika kedah dipuntolak utawi
dipunbucal kanthi srana among-among.
255
BAB V PANUTUP
A. Dudutan
Adhedasar analisis istilah-istilah kultur Jawa ingkang ngewrat sistem ide saha sistem sosial novel PP kanthi ngginakaken kajian hermeneutik Paul Ricoeur
ingkang sampun karembag wonten ing bab IV, saged dipunpendhet dudutan bilih wonten ing novel PP menika ngewrat nilai sosial budaya Jawi jaman rumiyin
ingkang kapetang kiat. Potret pagesangan tiyang Jawi menika awujud sistem ide saha sistem sosial. Wonten ing Sistem ide menika ngewrat konsep-konsep ide
ingkang dipundadosaken cepengan dening tiyang Jawi mliginipun paraga Pariyem kangge dhasar anggenipun ngglampahi gesang. Konsep –konsep ide kaperang
dados kalih: a Sesambetaning manungsa kaliyan Gusti; saha b sesambetanipun manungsa kaliyan sesami. Konsep –konsep ide ingkang gayut kaliyan
Sesambetaning Manungsa Kaliyan Sesami katinggal saking anggenipun Pariyem ningalli saha nglampahi sedaya lelampahan gesang kanthi raos pasrah dhateng
Gusti Allah. Jiwanipun Pariyem nyidhem konsep kawicaksanan gesang ingkang inggil, saengga nalika sesambetan kaliyan sesami tansah harmonis. Lajeng
wonten ing sistem sosial ngewrat potret pagesangan sosial Jawi ingkang dipuncariyosaken dening babu asesilih Pariyem menika. Sistem sosial piyambak
kaperang dados tiga: a Magepokan kaliyan sesambetaning manungsa kaliyan Gusti; b Magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan sesami saha c
Magepokan kaliyan sesambetanipun manungsa kaliyan alam. Pariyem nyariosaken lelampahan gesangipun masarakat alit wong cilik ngantos potret