Cara Nganalisis Data Caranipun Ngesahaken Data

24 dalam hal sandang, pangan, dan uang Bawang merah dan bawang putih, gula, garam jahe dan kencur: lambang pahit-manisnya hidup yang bakal berjumpa dan terasakan, agar: jangan terlalu sedih bila mendapat kesusahan jangan terlalu bergembira bila mendapat kesenangan Dengan upacara kecil adik ari-ari di depan pintu sebelah kanan bila bayi laki-laki pun dikubur di depan pintu sebelah kiri bila bayi perempuan Dipanjar diyan sampai bayi umur selapan Table 2 . Nilai sosial budaya,wujud kabudayan saha kategorisasi No. Data Nilai sosial budaya Pethikan Data Sistiem ide Sistem sosial SMG SMS SMA Katrangan: SMG Sesambetanipun Manungsa kaliyan Gusti SMS Sesambetanipun Manungsa kaliyan Sesami SMA Sesambetanipun Manungsa kaliyan Alam

E. Cara Nganalisis Data

Data dipunkempalaken, lajeng dipunanalisis saha interpretasi utawi dipuntafsiraken. Nalika ngawontenaken analisis, ingkang dipuntengenaken dening Panaliti : 1 analisis dipunwiwiti saking asumsi bilih panaliten menika nuwuhaken underaning perkawis ingkang tuwuh saking kawontenan sosial ingkang mapan wonten karya sastra, 2 Panaliti ngginakaken konsep pemahaman verstehen dhateng karya sastra kanthi lebet kangge ndhedah saha ngandharaken gejala sosial, 3 data ingkang dipunanalisis saged saking mapinten-pinten bab ingkang gayut kaliyan sesambetan antawisipun karya sastra saha sistem sosial, 4 nilai-nilai saha norma kangge ngatur solah bawa manungsa, riwayat gesang 25 panganggit, proses anggenipun nyithak, pamaos, saha mawarni-warni isu sosial saged ugi dipunanlisis langkung lebet Endraswara, 2011:113 Tabel 3. Diagram Fungsi dan kedudukan analisis data dalam penelitian

F. Caranipun Ngesahaken Data

Data ingkang sampun dipunkempalaken badhe nglampahi proses pengujian keabsahan data Semantis. Data-data ingkang sampun dipunkemplaken badhe dipunproses kanthi cara ngesahaken data kasebut. Teknik nganalisis data wonten ing panaliten menika dipunlampahi kanthi cara validitas saha reliabilitas. Miturut Endraswara 2003: 164 panaliten sastra kathah-kathahipun ngginakaken validitas semantis, inggih menika ngukur tataran kesensitifan teges simbolik ingkang gayut kaliyan konteks. Anggenipun ngukur teges simbolik dipunnggayutaken kaliyan konteks karya sastra. Reliabilitas ingkang dipunpanggihaken wonten ing panaliten inggih menika reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Teknik reliabilitas intrarater dipunkempalaken kanthi cara panaliti maos kanthi permati ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Wondene reliabilitas interrater dipunlampahi kanthi konsultasi asiling panaliten dhateng para ahli ingkang mumpuni pirembagkan panaliten menika, kados dene dosen pembimbing ingkang mumpuni bab ngelmu sastra. Pengumpulan data + Analisis Interpretasi simpulan dan saran 26

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGIPUN