Jeneng nami minangka pusaka asma tumrap tiyang Jawi.

98 kapitadosan tiyang Jawi minangka bebendu ingkang saged damel badan tiyang menika ngraos asrep-benter. Mila sarap sawan menika kedah dipuntolak utawi dipunbucal kanthi srana among-among.

1.3 Jeneng nami minangka pusaka asma tumrap tiyang Jawi.

Nami utawi asma miturut tiyang Jawi minangka bab ingkang wigati saengga paring tetenger jeneng asma kedah dipungatosaken. Jeneng asma menika minangka pusaka asma,donga kangge gesangipun lare ingkang dipunparingi jeneng asma menika. Tiyang Jawi sami mastani menawi “jeneng kuwi jenang” tegesipun menawi jeneng menika sae saha pikantuk palilah saking Gusti Allah, lare ingkang gadhah jeneng menika badhe manggihi kabegjan. Adatipun tiyang Jawi menawi paring tetenger jeneng nami dipunjumbuhaken kaliyan wekdalipun bayi menika lair. Kados dene nami ingkang dipunparingaken dening tiyang sepuhipun Pariyem, wonten pethikan novel PP menika. “ YA, YA Pariyem saya Lahir saya pada musim tanam padi ......................................................... PP. 1984: 18 Tuladhanipun nami Ngadiyo, dinten lairipun Ngad akad + yo panambang ingkang dipunparingaken kangge nami kakung. Ngadiyem, dinten lairipun Ngad akad + yem panambang ingkang dipunparingaken kangge nami estri supados ayem. Semanten ugi Pariyem, dinten lairipun nalika tanem pari pantun mangsa rendeng + yem supados pinaringan ayem. Tiyang sepuhipun Pariyem ugi kagungan pangajab saking nami Pariyem, kados pethikan novel PP ing ngandhap menika. Semoga Dewi Sri Kembang yang cantik jelita 99 Dewi kesuburan yang melindungi petani Semoga menganugrahkan rahmat bagi padi ...................................................................... PP. 1984 : 18 Miturut tiyang Jawi Sri menika lambanga boga, mila asring dipunsebut Dewi kesuburan ingkang njagi saha nguwaosi tanemanipun petani wonten ing sabin.Miturut Herusatoto 2008: 160 Dewi Sri, tokoh simbolik kaum tani Jawi, ingkang paring pangayoman tanemanipun saking sedaya ama saha dipunanggep asalipun saking lelembut utawi jin mrekayangan. Miturut Suryadi 1984 : 231 Dewi Sri kembang menika Dewi Sri utawi Laksmini garwanipun Wisnu ingkang mlajar saking Kahyangan amargi dipunuyak dening Kala Gumarang Putra Bathara Guru Shiwa saking garwa Dewi Uma. Dewi Sri mlajar amargi badhe dipungarwa dening Kala Gumarang. Kala Gumarang adreng sanget ngarwa Dewi Sri amargi piyambakipun kenging Hasut dening Dewi Uma Ibunipun. Dewi Uma ngandharaken bilih Bathara guru badhe ngramakaken Kala Gumarang kaliyan Dewi Sri. Kala Gumarang boten mangertos menawi Dewi Sri menika sampun dipungarwa dening Wisnu. Mila Kala Gumarang adreng sanget ngoyak Dewi Sri, Dewi Sri ajrih saha boten purun lajeng Dewi Sri menika mlajar mandhap wonten ing Bumi Marcapada. Sasampunipun dumugi Marcapada Dewi Sri ngejawantah dados pantun . Saking cariyos menika masarakat Jawi pitados bilih Dewi Sri menika Dewi kesuburan saha kemakmuran ingkang nguwaosi pantunipun kadang tani. Mila masarakat Jawi nalika panen asring nindakaken upacara wiwitan minangka atur panuwun dhateng Gusti Allah saha minangka simbol pamboyongipun Dewi Sri dhateng griya. 100 Nami pariyem dipunparingaken dening Bapakipun pariyem supados wiwit Pariyem lair anggenipun olah tetanen dipunparingi dening Gusti sae. Dewi Sri tansah paring kasuburan saha njagi supados boten dipunterak dening ama. Rejekinipun mbayu mili amargi Dewi Sri tansah paring pangayoman saengga gesangipun Pariyem saha kulawarga manggihi ayem tentrem.

1.4 Kebaking pangati-ati dhumateng Agama