85
Obor kita di dalam kegelapan Hidup mesti selaras dengan alam
agar umur kita awet dan panjang “wayang”.
Ujar nDoro Kanjeng. “pada
hakekatnya bayang- bayang hidup kita selama ada di marcapada
:gudang
yang menyimpan perwatakan pribadi
kita.” PP.1984:99
Menawi manungsa menika saged ngolah batinipun kanthi sae, mila batin menika badhe nuntun raga manungsa supados tumindak ingkang sae. Jagad dalam saha
jagad luar menika kedah imbang wontenipun supados awet anggenipun gesang. Tiyang ingkang nandang sakit menika sajatosipun tiyang ingkang jagad dalam
saha jagad luaripun bonten imbang. Mila saking menika manungsa kedah nyelarsaken kalih jagad menika. Wayang menika gambar miringipun tiyang
gesang ingkang nyidhem watakipun piyambak-piyambak. Kados dene manungsa, ingkang nyidhem watakipun piyambak-piyambak. Kathah manungsa ingkang
nyidhem watak awon saking manungsa sanes. Watak awon menika lajeng sami dipunpermak saengga katingal sae. Menawi dipungambaraken ngginakaken
wayang kados dene wayang ingkang dipunsunging saengga katingal endah, kados pethikan novel PP ing ngandhap menika.
O. kelirulah kita bila menangkap kulit
dan bukan menangkap bayang-bayangnya Coreng-moreng wayang kulit memang indah-
Tapi lebih indah bayang-bayang berjalan ketimbang warna-warna
yang tinggal diam
Dengan blencong mubyar-mubyar nyala .......................................................................
PP.1984:100
Lepat menawi manungsa menika paring pambiji tiyang sanes namung adhedhasar kulitipun wayang. Kulit wayang menika saged dipunpermak kanthi maneka cara
86
kados dene cet ingkang mawarni-marni merk saha warninipun. Sedaya ingkang katingal endah dereng tamtu lebetipun endah. Ingkang langkung trep paring
pambiji menika saking wewayanganipun wayang dede kulitipun wayang. Menawi manungsa paring pambiji adhedhasar kulitipun wayang ateges tiyang menika
namung mriksani wayang ngginakaken mata manungsa dede mata batin manungsa ingkang saged dipunraosaken. Mila pagelaran ringgit samenika
dipunwastani sampun mlenceng menawi katandingaken kaliyan pagelaran ringgit jaman rumiyin. Kados ingkang dipungambaraken saking pethikan novel PP ing
ngandhap menika.
“Lihatlah, jagad pagelaran wayang Betapa kacau-balau masa sekarang
Para pirsawan
duduk di belakang ki dalang yang diikuti para wiyaga dan pesindhen
dan perangkat gamelan segelar sepapan Ketimbang warna-warna
yang tinggal diam Lebih indah bayang-bayang yang berjalan
Dalam pagelaran di dusun-dusun jauh dari balik kelir dapat kita saksikan
manakala ada keluarga duwe gawe -mantu
dan ngunduh pengantin Supitan
atau merti desa
Dan sebagainya dan sebagainya Dalam pagelaran di dusun-dusun jauh
dari balik kelir dapat kita saksikan Di tengah-tengah percakapan hangat
dan ramah tamah dalam jagongan PP.1984:100-101
Kados kawontenanipun jagad pewayangan samenika ingkang sampun geseh
kaliyan jaman rumiyin. Jaman samenika dalang dipuanggep minangka roh jiwa ingkang ngobahaken wayang. Menawi jaman rumiyin dalang dipunwawas
minangka Gusti Allah, lajeng wayang menika minangka gegambaranipun manungsa. Dhalang wonten ing jaman rumiyin dipunanggep kuwaos dhateng
87
gesangipun wayang. Tansah mbabar cariyos ingkang pakem utawi leres amargi dhalang dipunwawas Gusti ingkang Maha Leres. Ananging samenika dhalang
dipunwawas roh ingkang saged mbabar cariyos ingkang pakem saha cariyos ingkang lucu gumatung kaprigelanipun manungsa kangge ngolah batin. Para
pamriksa jaman samenika mriksani wayang ugi wonten ing wingkingipun dhalang, saengga saged mriksani coreng moreng warninipun kulit wayang.
Menawi jaman rumiyin pamriksa mriksani wayang saking wingking kelir dados pamriksa boten saged mriksani kulitipun wayang. Bedanipun pagelaran wayang
jaman samenika saha jaman rumiyin mapan wonten sudut pandang pamriksa, pamriksa namung mburu tontonan dede tuntunan ingkang saged dipunraos,
dhalang rumiyin dipuntuntut saged mbabar cariyos pakem samenika dhalang dipuntuntut saged lucu. Jaman rumiyin tiyang mriksani wayang ngginakaken mata
hati ingkang lebet ngraosaken, ananging samenika pamriksa mriksani namung ngginakaken mata manungsa kemawon. Sedaya wau paring seserepan bilih cara
mriksani gesang jaman rumiyin saha jaman samenika sampun beda. Menawi gesang jaman rumiyin gesang ingkang sedayanipun prasaja, tansah nyukuri
sedaya paringanipun Gusti. Ananging samenika gesang sarwa mburu gumebraring bandha donya, supados pikantuk pakurmatan saking tiyang sanes. Gesang sarwa
ngaya supados saged manggihaken bandha, saengga boten saged ngraosaken gesang ingkang tentrem.
Bedanipun cara ningali wayang menika nggambaraken lelampahanipun Pariyem. Jalaran jaman rumiyin menawi tiyang estri dados abdi lajeng mbobot,
dipunwastani pikantuk kanugrahan saking Gusti Ratunipun. Jalaran jaman
88
rumiyin tiyang menika anggenipun mriksani ngginakaken mata hati, dede mata manungsa. Menawi jaman samenika ngantos wonten tiyang estri dados abdi
lajeng mbobot, dipunwastani tumindak ingkang awon saru.
2.14 Wong Jawa nggone semu
Tindak-tanduk, solah bawa, pangandikan lsp tiyang Jawi nalika sesambetan kaliyan tiyang sanes asring ngginakaken simbol ingkang ngewrat pinten-pinten
teges. “Wong Jawa nggone semu”, kangge negesi semunipun tiyang Jawi manungsa kedah nglatipaken nalar saha manah pangrasa. Menawi manungsa
menika sampun lantip nalar saha pangraosipun temtu anggenipun negesi simbol ingkang sinandi saking sedaya tindak-tanduk, solah bawa, pangandika lsp tiyang
Jawi saged leres. Ananging kosok wangsulipun, menawi manungsa sampun boten
saged negesi tumindak semunipun tiyang Jawi badhe nandang kapitunan kados
pethikan novel PP ing ngandhap menika. “saya dengar rerawat bakul sinambi wara
Saya dengar dari para cerdik cendikia Dan saya dengar nDoro Kanjeng, lho
di barat sudah tertiup badai salju Jiwa insan dan keadaan alam
mengkerut
dan menjadi beku O, kebangkrutan hidup yang kuyup
sepi dari dekap, sepi dari tuju Karena dalam menalar kehidupan
hanya ditanggap lewat pikiran Apapun yang disebut mukjizat
hanya dikata buah khayalan Iguan-iguan orang zwag sarap
si sakit yang penuh perawatan O, kebangkrutan hidup yang kuyup
asing dari hayat, asing dari kalbu Sebagai pengembara bebas- merdeka
menempuh darat dan laut bergelora .............................................................
PP.1984:144
89
Jaman samenika sampun tansaya majeng kathah tiyang ingkang sampun boten tepang bilih wong Jawa ngone semu. Sedaya lelampahan ingkang dipunprisani
namung dipuntampi kanthi menapa wontenipun mentah. saengga samenika kathah tiyang ingkang lepat anggenipun sadaya negesi tindak-tanduk, solah bawa,
pangandika lsp tiyang Jawi. Sampun boten pener anggenipun negesi taksih dipunwartakaken dhateng tiyang sanes kados bakul sinambe wara. Kathah tiyang
ingkang boten ngginakaken nalar saha pangraosipun kangge menggalihaken sedaya bab ingkang dipuntampi. Saengga manungsa saged keblinger kados
pethikan novel PP ing ngandhap menika. ...................................................................
Dengan mencincang-cincang Bethara kala dalam kepinginan-kepinginan tanpa nyawa
Demikian pun bila sang kala tiwikrama dengan taring dan tangan raksasanya
Mencincang daging dan tulang belulang insan yang dilanda bayang ketakutan
.............................................................. PP.1984:144
Manungsa namung badhe keblinger menawi boten saged menggalihaken ngginakaken nalar saha ngraosaken ngginakaken manah sedaya bab wonten ing
pagesangan menika. Ampun ngantos manungsa namung gadhah pepinginan ingkang boten wonten dhasaripun ingkang kiat. Tuladhahipun sesambetanipun
Pariyem kaliyan Den Baguse Ario Atmojo menika sami dipunwastani lepat. Tiyang samenika namung saged ndakwa tiyang sanes lepat jalaran sedaya
perkawis ingkang dipunlampahi dipuntampi mentah, kedahipun tiyang menika tiwikrama rumiyin. Tiwikrama menika tigang tataran ingkang dipunlampahi
dening Wishu kangge mbinasakaken Raja Bali. Tataran kapisan manungsa menika
90
ningali rumiyin menapa ancasipun Pariyem purun sesambetan kaliyan Den Baguse Ario Atmojo, kaping kalihipun menggalih saha ngraosaken ngonceki
sedaya ingkang sinandi kenging menapa Pariyem dados babu ingkang purun ngladosi Den Bagus Ario Atmojo, lajeng kaping tiganipun saweg paring pambiji.
Ananging saderengipun paring pambiji tiyang menika kedah saged ngormati sedaya bab ingkang dipuntindakaken dening tiyang ingkang beda kaliyan
piyambakipun. sedaya gadhah pepinginan gayuh kamulyaning gesang namung caranipun ingkang beda-beda. Mila saking menika manungsa kedah wasisi negesi
sedaya tumindakipun tiyang Jawi ingkang semu menika wau.
B. Sistem Sosial :