44
O, sayup-sayup suluk ki dalang ..................................................
O, bapak, O, simbok Anakmu sudah tak prawan
Rambut
saya dielusnya ..................................................
Aduh Paha saya dicokot semut geni ............................................................
O, Allah, Gusti nyuwun ngapura Badan saya jentol-jentol semua
O, kami kelon di sarang semut Di atas tumpukan jerami usang
PP.1984 :77-80
Lelamapahan ingkang dipuntindakaken dening Pariyem saha Kliwon menika Paring gegembaran bilih Pariyem nemahi lelampahan ingkang sami kaliyang
menapa ingkang nate dipuntindakaken dening tiyang sepuhipun. Pariyem ugi andum katresnan wonten ing gubug reyot nalika bibar mriksani kesenian Jawi
ringgit ingkang nyariosaken lampah “Alap-Alap Sukesi”. “Alap-Alap Sukesi”, minangka cariyos ingkang babonipun saking cariyos Ramayana. Kirang –
langkung cariyosipun mempersami kaliyan cariyos Ramayana ingkang ngewrat bab seksologi Jawa. Wekdal menika simbokipun Pariyem saweg nyindhen saha
bapakipun pikantuk tanggapan kethoprak wonten ing Tempel. Minangka waranggana Simbokipun Pariyem ugi purun dipungilir para priya saengga menawi
Pariyem nemahi lelampahan ingkang memper sami menika saged dipunwastani limrah.
Gangsa dipuntabuh seseg cepet kangge miyak suwasana ndalu. Kanthi laras slendro pathet sangat pratanda bilih gara-gara badhe kawiwitan. Laras
menika sami kaliyan titilaras. Miturut Endraswara 2008:61 Laras utawi titilaras menika suwanten ingkang eco menawi dipunmirengaken saha dipunraos. Laras
45
Slendro menika titilarasipun 1,2,3,5 saha 6 langkung andhap tinimbang laras Pelog. Pathet miturut Endraswara 2008: 63 reroncening nada wonten ing salah
satunggaling laras ingkang saged gambaraken suasana tartamtu. Pathet sanga menika miturut Endraswara 2006: 98 gongsa ingkang dipuntabuh nalika jam
12.00-03.00. Nalika gangsa pathet sanga sampun dipuntabuh ateges wekdal sampun jam satunggal langkung utawi badhe marepeki wekdal bangun. Pariyem
kaliyan kancanipun Sokidin Kliwon mantuk saking nonton ringgit senajan dereng paripurna pagelaranipun. Pariyem saha Sokidin Kliwon mlampah bulak
hamparan pertanian kanthi gliyak-gliyak alon-alon. Bethut sampun mandhap saengga hawanipun asrep, mila pariyem ngginakaken slendhang wonten ing
jangganipun kangge ngirangi hawa asrep. Nalika nembe mlapah sesarengan Pariyem dipunseret wonten ing gubug reyot. Prastawa andum katresnan
antawisipun Parjinah saha Suwito wonten ing gubug reyot tlatah Bantul samenika kalampahan dening Pariyem saha Kliwon. Manahipun Pariyem ngraos
kemrungsung gelisah, piyambakipun boten saged bangga menapa-menapa. Sokidin Kliwon bukak surjan, sarung saha clana koloripun, lajeng Sokidin Kliwon
ugi mbikak nyamping, mbayak saha kutangipun Pariyem. Payudaranipun Pariyem wiwit dipunggluyer saha botongipun Pariyem dipunremet dening Sokidin Kliwon.
Miturut Endraswara 2013:23 tembung pijet, ngguyer saha ngremet saged damel
raos saha pangraos pinuju wonten ing arah seks.”Bumi gojang, Langit ganjing, Bumi dan langit, Gonjang-ganjing”, Tetembungan menika paring gegambaran
bilih sampun wonten ingkang mlebet wonten papanipun. Manunggaling Jagad lanang saha jagad wadon sampun kelampahan kanthi cara andum katresnan.
46
Nalika loro-loroning atunggal Dwi tunggal, katinggal Sokidin Kliwon ngucapkaken mantra wonten ing talinganipun Pariyem. Mantra menika mbok
menawi wonten tegesipun ingkang sipatipun mistik . Jagad priya saha jagad wanodya sampun manunggal kados duwung ingkang manjing wonten papanipun
warangka. Wekdal sampun nuduhaken enjing, Pariyem mireng paraga ringgit sampun
sami sampyuh wonten madyaning palagan. Wonten raos getun wonten dhirinipun Pariyem amargi piyambakipun sampun boten prawan malih. Raos getun menika
katinggal nalika Pariyem sambat kanthi nyebat bapak saha simbokipun. Lajeng Sokidin Kliwon nyobi damel Pariyem tentrem kanthi ngaras rikmanipun Pariyem.
Wetisipun Pariyem dipuncokoti semut geni ngantos badanipun jentol-jentol. Tetembungan menikan paring penegasan katrangan bilih panci leres menawi
Sokidin Kliwon saha Pariyem sami andum katresnan wonten ing gubug reyot. Sami kaliyan andum katresnan ingkang dipuntindaken dening tiyang sepuhipun
rumiyin. Ukum karma panci wonten, “banyu mili mudun lan sapa nandur bakale ngunduh”. Sasampunipun dipunprawani dening Sokidin Kliwon sajatosipun
wonten raos getun ingkang dipunraosaken dening Pariyem. Babagan raos getun
ingkang dipunraosaken Pariyem wonten ing pethikan novel PP menika.
............................................................ Tapi saya mandi karmas-tujuh kali-
dan kungkum di dalam sendhang ........................................................
O, Allah, Gusti nyuwun ngapura Kenapa ati saya nelangsa