91
sesambetanipun manungsa kaliyan dhateng saha III sesambetanipun manungsa kaliyan alam.
1. Sesambetaning Manungsa kaliyan Gusti
1.1 Donga ingkang dipunwujudaken nalika kelairan bayi Jawi
Tiyang Jawi kagungan tradisi piyambak nalika wonten kelairan bayi. Pariyem ingkang gadhah simbok saha bapak asli tiyang Jawi ugi nglampahi tradisi kelairan
kados adat umumipun tiyang Jawi kados pethikan novel PP ing ngandhap menika. “Ya, ya, Pariyem saya
Saya lahir di atas amben bertikar Dengan ari-ari menyertai pula
Oleh mbah dukun dipotong dengan welat Tajamnya tujuh kali pisau cukur
………………………………………………
PP. 1984 : 13
Pariyem lair wonten amben ingkang dipunlambari klasa tikar, kanthi adi ari-ari
ingkang nyarengi. Ari-ari miturut masarakat jawi asring dipunsebut adi ari-ari, amargi medalipun paling pungkasan. Mila kawah ingkang sepisanan medal
dipunsebut kakang. Bayi lair sasampunipun kawah medal, lajeng dipunpungkasi dening medalipun adi ari-ari. Dipunkethok dening mbah dukun ngginakaken
welat. Amargi jaman rumiyin dereng wonten bidan mila nalika tiyang Jawi menika babaran dipuntulung biyantu dening mbah dukun. Mbah dukun miturut
Hadiatmaja- Endah 2009: 74 tiyang ingkang mbiyantu wanita nalika babaran. Welat minangka pisau kangge ngethog dipundamel saking deling wulung. Deling
jinis wulung dipunpilih amargi wujudipun tipis, landhep saha boten nyebabaken infeksi. Welat dening tiyang Jawi asring dipunsebut ladheping pitung pengukur,
tegesipun ladhep pitu dados satunggal utawi landhep sanget. Nalika bayi sampun
92
medal saha adi ari-ari minangka barang ingkang paling pungkasan sampun medal, tiyang Jawi lajeng nindakaken upacara mendhem ari-ari. Saderengipun
dipunpendhem adi ari-ari dipunkumbah ngantos resik saha wonten ubarampe khusus ingkang kedah dipuntsamektakaken kados penthikan novel PP menika.
…………………………………………………… Bersama telor ayam mentah, beras, uang logam
bawang merah dan bawang putih, gula garam Jahe
dan kencur, adik ari-ari jadi Satu
Sehabis dibersihkan dibungkus periuk tanah kemudian ditanam di depan rumah
Ya, ya, telur: lambang sifat bayi baru lahir
belum bisa apa-apa –murni- gulang- gulung
tergantung pada yang tua
Beras dan dhuwit logam : lambang harap
semoga hidup kita serba berkecukupan dalam hal sandang, pangan dan uang
Bawang merah dan bawang putih, gula, garam jahe
dan kencur : lambang pahit- manisnya hidup
yang bakal terjumpa dan terasakan, agar: jangan terlalu sedih bila mendapat kesusahan
jangan terlalu gembira bila mendapat kesengan ……………………………………………………..
PP. 1984 : 13-14
Miturut Hadiatmaja – Endah 2009: 105 masarakat jawi kagungan pamanggih bilih nalika bayi menika lair gadhah teges wigati ingkang gayut kaliyan nasibipun
bayi ing tembe besukipun. Mila nalika bayi menika lair tiyang sepuhipun kebak ing pangajeng-ajeng supados bayi menika benjang badhe pinanggih ing
kabecikkan dening Gusti Allah. Adi ari-ari dipunsranani kanthi ubarampe ingkang mawarni-warni boten sanes kejawi minangka wujud pangajeng-ajeng ingkang sae
kangge gesangipun bayi. Tigan minangka pralambang sipatipun bayi ingkang nembe lair dereng saged napa-napa, taksih gulang-gulung gumantung dhateng
tiyang sepuhipun. Wos saha arta receh pralambang mugi-mugi gesangipun bayi
93
tansah kacekapna ing sandang, pangan menapa dene arta. Brambet saha bawang, gendis, sarem, jahe saha kencur minangka pralambang manis-pahitipun gesang
ingkang badhe dipunraosaken saha dipunlampahi. Nalika ngaraosaken manis supados boten kesangeten anggenipun remen, semanten ugi nalika ngraosaken
pahit boten kesangeten anggenipun menggalih saha ngraosaken sisah. Sedaya ubarampe saha adi ari-ari dipunlebetaken wonten ing kendil periuk tanah.
Dipunpilih kendil amargi bahan bakenipun kendhil menika saking siti, benjang dangu-dangu saged manunggal malih kaliyan siti. Tiyang Jawi ugi kagungan
kapitadosan bilih benjang adi ari-ari menawi sampun 35 dinten selapan badhe wangsul malih dhateng papanipun
malih. Wonten upacara ingkang dipuntindakaken nalika ngubur adi ari-ari sasampunipun sedaya ubarampe
dipunsamektakaken. Upacara ingkang katindakaken kados pethikan novel PP ing ngandhap menika.
………………………………………………... Dengan upacara kecil adik ari-ari pun dikubur
di depan pintu sebelah kanan bila bayi laki-laki di depan sebelah kiri bila bayi perempuan
Di panjar diyan
sampai bayi umur selapan. PP. 1984 : 14
Menawi bayi kakung ari-arinipun dipunpendhem wonten ing sisih tengen lawang minangka simbol bilih priya menika mapanipun sisih tengen dados kepala rumah
tangga ingkang kedah ngayomi saha ngayemi dhateng kulawarga. Menawi bayi putri dipunpendhem wonten ing sisih kiwa lawang minangka pralambang bilih
wanita menika minangka wadhah ingkang kedah tut wuri dhateng kakungipun. Diyan gelek dipunpanjer dangunipun 35 dinten, tegesipun “ben tegel le melek”
supados bayi menika gadhah kawruh pepadhang raos budi pakarti. Anggenipun
94
mendhem saenipun bapakipun bayi ngagem ageman Jawi jangkep saha ngagem wangi-wangi kangge paring tuntunan supados benjang bayi menika nuladani
tumindakipun bapakipun.
1.2 Sepasaran bayi