160
ananging menawi piyambakipun kecenthok galakipun kados macan manak. Nakalipun kumat saengga nDoro Putri menika ugal-ugalan. Rasukanipun
dipunecer-ecer wonten ing njobin, lenggah ngalamun njedodhog wonten ing peturon. Rikmanipun awut-awutan lajeng nDoro Putri menika ngeses ses kretek.
Minangka putra ragil, nDoro Putri menika taksih mbok-mbokke saha gembeng. Kekirangan nDoro Putri menika sajatosipun njalari citra nDoro Putri minangka
putra bangsawan badhe risak. Mila kedahipun nDoro Putri kedah saged nguwaosi nepsu dede dipunkuwaosi dening nepsu. Ananging sedaya kekirangan nDoro Putri
menika saged keslamur, amargi nDoro Putri kagungan sipat grapyak saha wasis micarani. Tiyang sanes temtu boten badhe kagungan pengaangen-angen menawi
nDoro Putri kagungan kekirangan kados menika. Sedaya saged dipuntutup ngginakaken sikap grapyak saha wasis micarani.
2.10 Kawontenan kesenian Ngayogyakarta ingkang nuwuhaken saingan
Para paraga seni kados dhalang saha waranggana betahaken pakempalan kangge ngraketaken raos pasederekan antawisipun paraga seni. Para dhalang sami
kempal kangge pirembagan babagan jagad pedalangan supados tansah lestari. Semantunugi para waranggana ugi sami kagungan pakemapalan kangge
manunggalaken greget sindhen supados tansah saged njagi lestarinipun seni sindhen. Babagan pakempalanipun para paraga seni ing Ngayogyakarta miturut
pamawasipun Pariyem wonten ing pethikan novel PP ngandhap menika.
....................................................... Banyak dalang kawentar berkumpul
Rembugan perkara Jagad pedalangan ..............................................................
Banyak sindhen kawentar berkumpul gelungan munthil-munthil
dan bengesan
161
Dengan berkebayak dan jarik lurik dalam percaturan renyah dan lepas
......................................................... PP.1984 :68
Para waranggana sami kempal ngangem bayak saha nyamping, rikmanipun dipungelung alit munthil-munthil saha sami ginjunan. Sedaya pakempalan sae
menika pakempalan dhalang menapa dene waranggana dipunadani supados seni budaya Jawi ing Ngayogyakarta tansah ngrembaka. Jagad pedhalangan ugi boten
kawon betahaheken pakempalan amargi kawontenan jagad pedhalangan jaman samenika tansaya nuwuhaken saingan. Babagan kawontenan jagad pedhalangan
ingkang persainganipun tansah regeng wonten pethikan novel PP menika. .....................................................
banyak dalang yang terlantar Hanya satu-dua yang ketrima
Banyak dalang yang berguru banyak dalang yang turunan
Hanya satu-dua yang kondhang O, lihatlah jagad pedalangan
............................................... PP.1984 :69
Persaingan jagad pedalangan samenika tansaya regeng, kathah dhalang ingkang sami tuwuh. Kathah dalang enem ingkang sami meguru saha sami
kagungan kaprigelan ndalang amargi turunan. Mila saking menika kathah ugi dalang ingkang boten ketriman namung satunggal kalih ingkang kondang. Kathah
dalang ing boten pajeng malih amargi pasaranipun kalah kaliyan dalang enggal ingkang kagungan kaprigelan langkung sae.
2.11 Pakaryan waranggana ingkang dipunkawonaken dening lingkungan