Weton dipundadosaken pangeling-eling kelairan bayi Jawi

224 Lela ledhang lela ledhung....” PP.1984 : 188-189 Pariyem mbangsuli kudangannipun tiyang-tiyang ingkang kagungan raos asih dhateng Endang. Saking cakepan ingkang dipunginaaken kangge ngudang Endang ing pethikan novel PP inggil menika, paring gegembaran bilih Pariyem tansah nyeyuwun mugi-mugi benjang Endang saged dados tiyang ingkang Jatmika budi saha wanita ingkang utama.

3. Sesambetanipun manungsa kaliyan alam

3.1 Weton dipundadosaken pangeling-eling kelairan bayi Jawi

Kelairan minangka prastawa alam ingkang dipunlampahi manungsa saha minangka babagan ingkang ngremenaken. Saengga prastawa kelairan badhe dipunemut-emut titiwancinipun minangka pangeling-eling. Titiwanci ingkang dipunemut-emut dening tiyang Jawi kaliyan masarakat umum dede tiyang Jawi wonten bedanipun. Ingkang dipunemut-emut dening tiyang Jawi nalika wonten kelairan bayi inggih menika neptu, wuku saha tahun Jawi,menawi masarakat umum ingkang dipunemut-emut tanggal, wulan saha taun miturut kalender nasionale. Mila tiyang Jawi asring boten kemutan malah kepara boten mangertos tanggal, wulan saha taun kelairan miturut kalender nasional. Minangka tiyang Jawi Pariyem ugi boten kemutan tanggal, wulan saha taun kelairan miturut kalender nasional, kados pethikan novel PP ing ngandhap menika. “PARIYEM, nama saya Lahir di Wonosari Gunung Kidul pulau Jawa Tapi kerja di kota pedalaman Ngayogyakarta Umur saya 25 tahun sekarang -tapi nuwun sewu 225 Tanggal lahir saya lupa .................................................................. PP. 1984 : 13 Nuwun sewu minangka tetembungan ingkang paring gegambaran menawi tiyang Jawi menika kagungan sipat ngatos-atos boten grusa-grusu . Sipat menika katitik saking angenipun tiyang Jawi ujar pangandikan. Saderengipun ngendika tiyang Jawi asring sanget matur “nuwun sewu”. Nuwun sewu minangka wujud panyuwunan pangapunten saking sedaya ingkang dipunandharaken dhateng tiyang sanes, menawi pangandikanipun samangke damel tiyang sanes boten remen utawi kapetang nerak paugeran tatakrami. Kados wonten ing novel PP, amargi pariyem boten kemutan tanggal kelairanipun mila Pariyem matur “nuwun sewu”. Tiyang Jawi jaman rumiyin panci boten ngemut-emut tanggal lair, ingkang dipunemut- emut namung neptu weton, wuku saha taunipun kemawon. Dados sajatosipun sampun dados bab ingkang limrah menawi Pariyem boten kemutan tanggal lairipun. Ananging Pariyem namung kemutan neptu wetonipun kemawon kados pethikan novel PP menika. Tapi saya ingat betul weton saya: Wuku nya kuningan di bawah lindungan bethara Indra Jum’at Wage waktunya …........................................... PP. 1984 : 13 Neptu Weton miturut tiyang Jawi dipunwastani dinten saha pasaran tiyang menika lair. Weton menika sami kaliyan neptu. Miturut Hadiatmaja- Endah 2009: 118 Neptu minangka gunggung angka dinten kelairan saha pasaranipun. Neptu dening masarakat Jawi minangka bab ingkang wigatos, amargi saged paring gegambaran sipat saha watakipun manungsa. Dinten menika wonten pitu : 226 Akad 5, Senen 4, Slasa 3, Rebo 7, Kemis 8, Jemuah 6 saha Setu 9. Lajeng pasaran wonten gangsal : Kliwon 8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7 saha Wage 4. Miturut Adammakna 2005 : 63 Watakipun bayi miturut kelairan dinten saha pasaran jemuah wage : saged micara, juweh receh, patitis, cetha namung cengkiling saha asring kesandhung. Wukunipun Pariyem kuningan amargi lairipun dinten Jemuah. Miturut Hadiatmaja- Endah 2009: 167 Wuku menika perangan ingkang gambaraken kabegjan, kekirangan utawi wekdal naas. Miturut Kamajaya Hadiatmaja-Endah, 2009: 175 wuku kuningan kagungan kabegjan, kekirangan utawi wekdal naas kados ing ngandhap menika. a. Dewanya Bathara Indra : memiliki kesaktian dan keluhuran budi, tidak sombong, kalau bicara menarik hati. b. Gedungnya tertutup di belakang : hemat dan kikir. c. Kayunya Wijayakusuma : sangat rupawan, teliti, menjauhi kerumunan dan menjaga keselamatn hati. d. Burungnya urang-urangan : cepat dalam segala pekerjaan, mudah marah dan pemalu. e. Bencananya dimusuhi orang. f. Doanya doa Kabul. g. Candranya banyu grojogan : wataknya banyak bicara yang tidak benar. h. Hari buruk jum’at wage. Weton saha wuku menika saged paring gegambaran watak, sipat, kabegjan, kekirangan saha dinten naasipun manungsa. Adhedhasar petangan Jawi menika mila pariyem kagungan sipat, kabegjan, kekirangan saha dinten naas kirang langkung kados menika. Wonten ing wuku kuningan dipunsebutaken menawi dinten naasipun jemuah wage, kamangka nalika Pariyem lair wetonipun Jemuah wage. Mila saking petangan menika saged dipundudut bilih Pariyem anggenipun gesang badhe manggihi perkawis ingkang awrat, amargi lairipun nalika dinten 227 naas. Miturut Hadiatmaja- Endah 2009: 164 Wuku menika gungungipun tigang dasa 30, ing saben wuku umuripun pitung dinten. Gungungipun wuku dipunpendhet saking asma Prabu Watugunung, kalih garwanipun saha pitulikur putra-putinipun. Nami- namipun Wuku miturut Hadiatmaja-Endah 2009: 166 inggih menika. 1. Sinta 11. Galungan 21. Maktal 2. Landhep 12. Kuningan 22. Wuye 3. Wukir 13. Langkir 23. Mansil 4. Kurantil 14. Mandhassya 24. Prangbakat 5. Tolu 15. Julungpujud 25. Bala 6. Gumbreg 16. Pahang 26. Wugu 7. Warigalit 17. Kuruwelat 27. Wayang 8. Warigangung 18. Marakeh 28. Kulawu 9. Julungwangi 19. Tambir 29. Dhukut 10. Sungsang 20. Mandhangkungan 30. Watu gunung.

3.2 Tuwuhipun ama minangka pratanda karma alam.