Andum katresnan minangka lantaran wiwitaning manungsa gesang. Kesenian Jawi saged dipundadosaken lelipur manah

132

2.2 Andum katresnan minangka lantaran wiwitaning manungsa gesang.

Wontenipun manungsa ing alam donya menika minangka paringanipun Sang Hyang Wisesa jagad. Ananging lumantar bapa saha biyung ingkang andum katresnan. Bibit wiwitanipun Pariyem gesang ing jagad menika ugi lumantar bapak saha simbokipun Pariyem andum katresnan, kados pethikan novel PP menika. ........................................... Penghidupan anugerah Sang Hyang Wisesa Jagad lewat bapa dan biyung yang bersenggama penjelmaan kama dan Ratih di jagad raya Begitupun dua adik saya, pairin dan Painem ..................................................................... PP. 1984 : 16 Kama Jaya saha Kama Ratih menika minangka manungsa kapisan pertama. Kama Jaya menika miturut Islam dipunsebut Adam saha Kama ratih dipunsebut Hawa. Kama Jaya sel sperma saha Kama Ratih sel telur ingkang manunggal kangge nglajenganken turun. Rumiyin saderengipun dados lare ingkang dipunparingi nami Pariyem, asalipun ugi saking manunggalipun kama jaya saha kama ratih lumantar bapak saha simbokipun Pariyem, kados pethikan novel menika. ............................................................. Lahir dari gua garba simbok saya Berkat pemujaan pada Dewa dan dewi Asmara Yang bersemayam di Kahyangan Cakra kembang PP. 1984 : 16 Sasampunipun saged manunggal dados jabang bayi ing gua garba, jabang bayi menika badhe lair nalika sampun umur sangang wulan sepuh dinten. Bibar menika bayi saged lair saking guwa garba simbokipun Pariyem. Kama Jaya saha Kama 133 Ratih saged manunggal lajeng dados jabang bayi amargi dipunlambari wontenipun raoas tresna. Mila dipunsebutaken “berkat pemujaan pada Dewa dan Dewi Asmara”. Katresnan menika asilipun saking manah minangka buah pangangen-angen, lajeng dipunsebut kahyangan Cakra kembang kembangipun tiyang gesang.

2.3 Kesenian Jawi saged dipundadosaken lelipur manah

Tiyang gesang wonten ing alam donya menika betahaken lelipur kangge nglipur manah. Caranipun lelipur mawar-warni gumantung karemenanipun piyambak-piyambak. Kalebet Pariyem, Pariyem ugi gadhah cara piyambak kangge lelipur manah kados pethikan novel PP menika. “Wayang kulit dan kethoprak Tontonan kegemaran saya Ditambah sandiwara RRI Nusantara II ............................................... saban Minggu malamnya Sedangkan pada hari siang ketimbang ngrasani para tetangga dan bergunjing perkara bendoronya Ongkang-ongkang di amben dapur Sinambi kalaning nganggur Mending muter radio amatir yang menyiarkan uyon-uyon Manasuka Dan gadhon siang “perkutut Manggung” Aduh, mas, Condro Lukito cengkoknya Elok betul, lho PP.1984: 29 Nalika malem minggu Pariyem remen nonton tontonan ringgit purwa, kethoprak saha mirengaken sandiwara radio ingkang dipunbiwarakaken dening RRI. Ringgit, kethoprak saha sandiwara minangka tantonan ingkang saged paring tuntunan saking lampah cariyos ingkang dipunbabar. Lajeng saben siang tinimbang rerasan nyatur tetanggi saha perkawis bendaranipun, Pariyem 134 langkung remen ongkang-ongkang ing amben pawon sinambi kalaning nganggur. Ongkang-ongkang pakulinan tiyang Jawi nalika nembe lodhang utawi minangka wujud kebebasan nalika nganggur. Tiyang ingkang sampun saged ongkang- ongkang ateges tiyang menika sampun boten gadhah bot repot kados dene Pariyem. Sinambi ongkang-ongkang nalika nganggur, Pariyem muter radio ingkang mbiwarakaken uyon-uyon saha karawitan gadhon siang “Perkutut Manggung”. Uyon-uyon inggih menika gending gongsa ingkang boten ngginakaken beksa. Gendhing gangsa tumrapipun tiyang Jawi saged damel manah tentrem, amargi suwantenipun alus. Pariyem mastani menawi mirengaken gendhing gangsa menika saged damel manah asrep senajan hawanipun benter prungsang. Menapa malih menawi mirengaken Condro Lukita nyidhen, cengkokipun saged damel Pariyem gumun. Sedaya cara ingkang dipuntindakaken dening Pariyem kala wau kejawi saged ngelilipur manah ugi minangka cara kangge nguri-uri kabudayan luhur tiyang Jawi.

2.4 Tiyang Jawi ingkang dadosaken kesenian Jawi minangka pangupa jiwa