Konfirmasi Kegiatan Inti a. Eksplorasi

Pertemuan Ketiga: Setelah pembelajaran selesai melalui berdiskusi kelompok peserta didik dapat, 1. Menyusun teks percakapan berisi unggah-ungguh ketika meminta ijin kepada orang tua untuk suatu keperluanmandirii, sopan santun, kerjasama. 2. Menyusun teks percakapan berisi unggah-ungguh meminta ijin kepada guru untuk suatu keperluan di sekolah.sopan santun, mandiri, kerjasama 1. Menyusun teks untuk meminta maaf saat halal bihalal mandirii, sopan santun, kerjasama.

A. Materi Pembelajaran

Materi Pertemuan Pertama 1. Meminta Perhatian Wektune wulangan basa Jawa ing kelas wolu, keprungu swara lawang dithothok.Bu Sinta kang lagi ngasta ing kelas nuli noleh asale swara.Katon ing kono Deni karo Danang. Bocah loro iku nyuwun ijin arep menehi wara-wara ing kelas wolu A Deni : “Nuwun sewu Bu, keparenga kula nyuwun ijin badhe paring wara- wara dhateng kanca-kanca kelas wolu A. Bu Sinta : “Oh iya mas. Mangga” “Bocah-bocah padha digatekake iki kancamu arep paring wara- wara ”. Deni : “Sugeng siyang kanca-kanca. Kepareng kula nyuwun kawigatosanipun sekedhap dhumateng sedaya pengurus OSIS ing kelas woluA bilih samangke saksampun pasinaon paripurna kasuwun kempal wonten ruang OSIS saperlu ngrembag kegiyatan kangge mapag dinten kamardikan RI ingkang kaping 69. Makaten wara-wara saking kula awit kawigatosanipun kula ngaturaken matur nuw un” 19 Sakwise rampung anggone menehake wara-wara Deni lan Danang banjur ngaturake panuwun marang bu Sinta guru kang ngasta ing kelas wolu A. Bocah loro iku nyuwun pamit kanthi sopan. Materi Pertemuan kedua 2. Memuji utawa Pangalembana Lomba Sesorah Ana sangarepe kaca lemari, Ratri tansah umak-umik.Kadhang kala sirahe melu gela-gelo.Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem. Bu Wasito : “Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa? Kok ya nganggo mic barang ”. Ratri : “Bu, kula menika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah menika dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula kepengin sanget tumut lomba menik a”. Bu Wasita : “Ratri, yen ibu priksani anggonmu sesorah iku mau wis apik, nanging prayogane anggonmu gladhen luwih mempeng ”. Ratri : “Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi kangelan aggenipun badhe milih-milih tembung ingkang trep tur inggih leres, Bu ”. Bu Wasita : “Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan saiki isih pinter sesorah ”. Ratri : “Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun dipun gladhi kalihan bapak ”. Bu Wasita : “Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan nyoba luwih dhisik. Dadi yen mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan nambah aperlune w ae”. Ratri : “Kasinggihan Bu, ancas kula panci mekaten, mugi-mugi kemawon bapak enggal kondur saking jakarta nggih, Bu ”. 20