Pendahuluan AlatSarana dan Sumber Pembelajaran

10. Menawa kowe ditimbali ibu lan dikongkon tumbas sabun prayogane apa sing kok lakokake …. a. Ditindakake ning karo mbesengut b. Ditindakake ning kudu diopahi c. Ditindakake ning karo nggrundel d. Ditindakake kanthi rasa ikhlas 11. “nuwun sewu bu kula ngrumiyini” ukara mau diucapake menawa kowe …. a. Diwenehi hadiah bapak ibu b. Arep pamit mulih nalika mertamu c. Liwat ngarepe wong kang lagi lungguhan d. Arep nglancangi wong sing luweh tuwa 12. Kula …1….dhateng sekolah dene bapak …2…dhateng kantor Isinen ceceg-ceceg ing dhuwur nggunakake basa kang trep unggah-ungguhe …. a. 1Mangkat , 2 bidhal b. 1Menyang, 2 kondur c. 1Bidhal, 2 tindak d. 1Mlampah, 2 tindak 13. Apa wae kang kudu digatekake para siswa nalika pamitan, kejaba …. a. Matur kanthi sopan, tegese nganggo basa kang becik b. Sikepe sopan ora kesusu c. Tangane salaman d. Ora usah ngucapke salam 14. Menawa kowe lagi mlaku bebarengan karo kanca-kancamu, anggone mlaku ora kena …. a. Minggir ing siseh kiwa b. gegojekan c. Mlaku dewe-dewe d. Meneng utawa ora bengak-bengok 15. Tatakrama kui tumuju ing …. a. Kabecikan lan keslametan b. kacilakan c. keslametan lan kacilakan d. kamurkan 16. Endi ukara kang bener manut unggah-ungguhe ? a. Bu guru dereng teka b. Pak guru sampun rawuh c. Pak guru sampun dugi d. Bu guru dereng dugi 17. Tatakrama iku ditindakake ana ing papan ngendi wae supaya …. a. Supaya tansah nemu keslametan b. Dialem dening wong liya c. Oleh penghargaan d. Digatekee dening wong liya 18. Jam setengah 7 pak Oji wis rawuh ing sekolahan. Ukara kasebut miturut unggah-ungguhe migunakake basa …. a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus 19. Piye anggonmu matur marang bapak ibu menawa arep nyuwun idin belajar kelom pok… a. Pak , bu aku arep menyang nengomahe doni belajar kelompok b. Pak , bu menawi kepareng kula badhe tindak dhateng griyanipun doni belajar kelompok c. Pak,bu menawi kepareng kula nyuwun idin badhe belajar kelompok wonten griyanipun doni. d. Pak , bu kula menyang belajar kelompok