Unggah-ungguhing wong atur-atur Materi Pelajaran Materi Pertemuan 1

5. Tatakrama iku ditindake ana ngendi wae … a. Kamar mandi b. Papan panggonan ngendi wae c. Masjid d. Omah 6. Piye anggonmu matur menawa koe arep nyuwun arta kanggo tumbas buku lks marang ibu…. a. Nuwun sewu bu, menawi kepareng kula badhe nyuwun arta kagem tumbas lks b. Bu, kula nyuwun dhuwit dinggo tumbas lks c. Bu, aku jalok arta dinggo tumbas lks d. Bu, kula nyuwun arta dinggo tumbas lks 7. Tatakramane wong lagi mertamu ya iku…. a. Kula nuwun utawa ngucapke salam b. Orasah ngucapke salam c. Langsung mlebu omahe ngana wae menawi ora ditutup lawange d. Sakepenake wae amergo metamu ing tanggane 8. Sadurunge matur becike didisiki nganggo tembung …. a. Matur nuwun b. Ndherek langkung c. Nuwun sewu d. Nyuwun pangapunten 9. Pranyatan ing ngisor iki nelakake prayogane uwong sapa aruh, kejaba …. a. Pasemon sumeh b. Tembunge salumrahe wae c. Ora perlu basa supaya katon akrab d. Nganggo tetembungan kang alus, sumanak, ngepenakake. 10. Menawa kowe ditimbali ibu lan dikongkon tumbas sabun prayogane apa sing kok lakokake …. a. Ditindakake ning karo mbesengut b. Ditindakake ning kudu diopahi c. Ditindakake ning karo nggrundel d. Ditindakake kanthi rasa ikhlas 11. “nuwun sewu bu kula ngrumiyini” ukara mau diucapake menawa kowe …. a. Diwenehi hadiah bapak ibu b. Arep pamit mulih nalika mertamu c. Liwat ngarepe wong kang lagi lungguhan d. Arep nglancangi wong sing luweh tuwa 12. Kula …1….dhateng sekolah dene bapak …2…dhateng kantor Isinen ceceg-ceceg ing dhuwur nggunakake basa kang trep unggah-ungguhe …. a. 1Mangkat , 2 bidhal b. 1Menyang, 2 kondur c. 1Bidhal, 2 tindak d. 1Mlampah, 2 tindak 13. Apa wae kang kudu digatekake para siswa nalika pamitan, kejaba …. a. Matur kanthi sopan, tegese nganggo basa kang becik b. Sikepe sopan ora kesusu c. Tangane salaman d. Ora usah ngucapke salam 14. Menawa kowe lagi mlaku bebarengan karo kanca-kancamu, anggone mlaku ora kena …. a. Minggir ing siseh kiwa b. gegojekan c. Mlaku dewe-dewe d. Meneng utawa ora bengak-bengok