Indikator Tujuan Pembelajaran Setelah pembelajaran melalui diskusi selesai peserta didik dapat

1. Siswa mampu menjelaskan peranan pranatacara dalam kegiatan sederhana dengan bahasa yang santun. 2. Siswa mampu menjelaskan struktur teks pranataca dalam kegiatan sederhana dengan bahasa yang santun. 3. Siswa mampu menjelaskan unsur kebahasaan dari pranatacara dalam kegiatan sederhana dengan bahasa yang santun. 4. Siswa mampu menjelaskan struktur teks susunan acara. 5. Siswa mampu menjelaskan tehnik membawakan sebuah acara

E. Materi Pelajaran Materi Pertemuan 1

1. Pranatacara

Pranatacara asring dipun sebat Master of CeremonyMC, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara inggih menika tiyang ingkang kapiji ndherekaken satunggaling acara utawi Paraga ingkang tinanggenah nata acara, nglantaraken cakcakaning acara wonten ing pepanggihan, pasamuwan ingkang sampun rinantam Pranatacara menika setunggaling jejibahan ingkang mbetahaken keahlian mirungganmligi amargi tiyang ingkang nggadahi pakaryan menika lumrahipun sampun ngertos urut-urutanipun acara lan migunakaken basa Jawa krama inggil. Pranatacara nyepeng ayahan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancag, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara.Soksintena kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan boten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara. Pranata acara menika dados ukuranipun setunggaling acara menikakasil, Sae saha mbotenipun acara saperangan gumatung saking panindak ing pranatacara. Pramila pranatacara kedah samekta ing gati, sawega ing diri saben-saben ngayati pakaryan menika Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes setunggiling pakaryan ingkang awrat, awit soksintena kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna wicara utawi kedaling lesan mboten cetha, tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa. Ananging babagan menika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos deneng saksintena ingkeng midangetaken.

2. Urut-Urutan Panatacara

a. Salam Pambuka b. Atur Pamuji Puji Syukur c. Atur Pambagyaharja d. Pamaosing Rantamaning adicara e. Pangandikan-pangandikan f. Pangajab g. Atur Pangaksama h. Atur Panuwun i. Salam Panutup

3. Bab-bab Sing perlu digatekke dening Panatacara

a. Swarane lan artikulasi pangocapan kudu cetha supaya bisa di rungokke lan dingerteni b. Apa sing di andharake nganggo basa kang baku lan bener c. Sikape kang tata trapsila d. Sandhangane rapi lan jatmika e. Sikape lumrah prasaja f. Anggone ngaturake reroncen adicara kang nengsemake bisa narik kawigatene para tamu pamireng g. Wiraga kang lumrah , tata trapsila lan karo swarane