Alokasi Waktu : 1 x 80 menit 2 x 2 x 40 menit

Ratri : “Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun dipungladhi kaliyan bapak ”. Bu Warsita : “Ya saiki gandheng bapak durung kondur, gladhen dhewe ndisik. Ibu tak mr iksani.” Ratri : “Nggih, Bu.” Unggah-ungguh Nyuwun Idi Palilah Meminta Ijin Nalika badhe tindak saking griya kedahipun ngangge idi palilah dhumateng tiyang sepuhipun kalebet ibu, bapak guru menawi wonten sekolah, utawi nalika nembe bebarengan kaliyan kancanipun kangge nyuwun idi palilah kaliyan kanca saged ngangge basa ngoko, menawi nyuwun idi palilah dhumateng tiyang sepuh kalebet bapak ibu guru prayoginipun ngangge basa krama. Tuladha ukara kangge nyuwun idi palilah : 1. Bud, aku pamit bali dhisik ya? 2. Pak, menawi kepareng kula badhe dhateng griya sakit tuwe kanca kula ingkang nembe sakit 3. Bu, menawi kepareng kula badhe dhateng wingking 4. Tuladha ing wacana : Nyuwun Pamit Dhateng Wingking Pak Prasetyo saweg ngandharaken bab unggah-ungguh utawi tata krama, ananging Widati keraos badhe dhateng wingking. Lajeng Widati nyuwun idin dhumateng Pak Prasetyo badhe dhateng wingking. Patrapipun, Widati jumeneng lumampah alon nyedhaki Pak Prasetyo. Astanipun ngapurancang, badan radi mbungkuk, lajeng matur alon ananging cetha. Widati : “Nuwun sewu,Pak.Kula nyuwun idin badhe dhateng Kola h.” Pak Prasetyo : “Ya kana Sajroning Widati menyang kolah, Pak Prasetyo nglajengaken anggenipun ngendikan,boten dangu widati wangsul saking kolah. Widati : “Sampun, Pak matur nuwun” Pak Prasetyo : “iya padha-padha Pak Prasetyo sinambi manthuk- manthuk Unggah-ungguh Nyuwun Pangapunten Nalika kita nindakaken kalepatan dhumateng sinten kemawon, kedahipun enggal-enggal nyuwun pangapunten. Ukara kangge nyuwun pangapunten umpaminipun : 1. Apuranen aku ya dhik 2. Sing gedhe pangapuramu ya Mas 3. Bu kula lepat, kula nyuwun pangapunten 4. Ingkang ageng ing pangaksama menawi kathah lepat kula, Pak

F. Pendekatan, Model dan Metode Pembelajaran

1. Pendekatan Scientific Langkah-langkah yang digunakan dalam pembelajaran ini adalah mengamati, menanya, mencoba, menalar, mengkomunikasikan. 2. Model Pembelajaran Model pembelajaran yang digunakan adalah Problem Based Learning, Demonstration. 3. Metode Meliputi : Permodelan, Tanya Jawab, Penugasan.

G. Sumber Belajar

Bausastra Jawa Wewarah Basa Jawa oleh Y. Suwarna. Semiawan, Conny.1984. Tata Krama Pergaulan. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.