Ziarah III Urutanipun Lampah Ziarah

104 nginep di tempat kaya gini disamping kita itu ada motivasi didorong rasa takutkan kita malampun kan bisa, bisa melek nuwun sewu ya. Tapi kalau di rumah walaupun sudah di dorong dengan kopi apapun kadang-kadang karena di rumah, sebelah ada anak, ada istri sebelahnya ada tetangga tidak ada rasa takutkan? Nah untuk mendorong kita bisa bertahan, mungkin berdo’anya agak bisa khusyuk nah mungkin di tempat kaya gini. Itu motivasi saya seperti itu di samping ziarah atau nguri-nguri budaya Jawi dulu ya ada faktor-faktor yang seperti itu biasane.”CLW 02 “Menika limrahipun kados menika Mbak, limrahipun menawi kita badhe maos donga utawi tuladhanipun kita badhe ngatamaken Qur’an ngntos dumugi tigang dinten, menawi kita wonten ing griya menika wonten pakaryan utawi wonten lare, wonten dhayoh mesthi mboten saged. Menawi nyipeng ing papan kados menika sanesipun kita wonten motivasi kita ugi dipundorong raos ajrih menawi kita nglamun satemah kita langkung waspada. Ananging menawi ing griya wondene sampun dipundorong kaliyan ngunjuk kopi utawi menapa kemawon kadang kala ing griya wonten lare, wonten semah ing sisihipun wonten tangga mboten ngraosaken ajrih kan? Menika kangge dorong supados kita saged nahan, donganipun langkung khusyuk, inggih wonten ing papan kados menika. Menika motivasi kula, sanesipun ziarah utawi nguri-nguri budaya Jawi kala rumiyin inggih wonten sebab-sebab ingkang kados menika limrahipun.”CLW 02

c. Ziarah III

Ing Ziarah III, dipuntindakaken dening peziarah Bapak Joko saha Ibu Ami. Urut-urutanipun lampah ing Ziarah III kadosdene ing ngandhap menika. 1 Nyawisaken Sesaji Wonten ing urut-urutanipun Ziarah III ingkang kapisanan inggih menika nyawisaken sesaji. Sesaji ingkang dipunbekta ing Ziarah III awujud sesaji III inggih menika sekar telon, kemenyan, pisang raja, pisang ambon, kinangan, rakan, lisah duyung, ses saha toya barokah. 2 Manggihi Juru Kunci Sakderengipun minggah wonten ing pesareyan Kalibening, Ibu Ami kaliyan putranipun inggih menika pak Joko manggihi Mbah Ardjasemita, juru 105 kunci pesareyan Kalibening. Ancasipun manggihi juru kunci inggih menika kangge ngandharaken menapa ancas piyambakipun saha putranipun badhe nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. 3 Ziarah ing Pesareyanipun Mbah Padang Saksampunipun manggihi juru kunci lajeng peziarah tumuju pesareyan Mbah Padang ingkang pesareyanipun ing sisih kilen nginggil pendopo Kalibening. Ibu Ami saha putranipun ziarah rumiyin ing pesareyanipun Mbah Padang. Menika dipuntindakaken kanthi ancas nyuwun idin sakderengipun ziarah ing dalemipun pesareyan Mbah Kalibening. Mbah Padang menika dipunpitados muridipun Mbah Kalibening. Satemah peziarah ingkang nindakaken ziarah ing pesareyanipun Mbah Padang rumyin menika dipunibarataken kadosdene sowan. Menawi badhe kepanggih gurunipun menika kedah lumantar muridipun rumiyin. Ancasipun inggih menika Mbah Padang saged mbiyantu ngandharaken menapa ancasing peziarah nindakaken ziarah pesareyan Mbah Kalibening sarta tumut ndongakaken peziarah. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07. “ya itu karena Mbah Padang sebagai muridnya jadi ya ibaratnya kalau mau sowan atau bertamu lewat muridnya dulu seperti itu”CLW 07 “Inggih menika amargi Mbah Padang minangka muridipun satemah inggih ibratipun menawi badhe sowan utawi kepanggih menika ngliwati muridipun rumiyin”CLW 07 106 4 Siram Saksampunipun ziarah ing pesareyan Mbah Padang, peziarah tumuju sumur Kalibening kangge nindakaken siram. Ibu Ami tumuju sumur putri dene Bapak Joko tumuju sumur putra. 5 Wudlu Saksampunipun siram, lampah ingkang dipuntindakaken inggih menika wudlu ing sumur barokah. Peziarah tumuju sumur barokah, lajeng wudlu kanthi gantosan. 6 Mendhet Toya Barokah Saksampunipun wudlu lajeng peziarah mendhet toya sumur barokah kanthi dipunwadhahi botol. Peziarah nyawisaken setunggal botol, lajeng mendhet toya barokah kasebat. Peziarah mboten nyawisaken sesaji nalika badhe mendhet toya barokah. 7 Ziarah ing Pesareyanipun Mbah Kalibening Lampah saklajengipun inggih menika, peziarah tumuju pesareyanipun Mbah Kalibening kangge nindakaken ziarah. Peziarah sesarengan juru kunci mlebet ing pesareyan Mbah Kalibening. Peziarah angenipun ziarah ngangge lumantar juru kunci, tegesipun peziarah anggenipun ndonga ziarah ngginakaken donga pengantar saking juru kunci. Peziarah ngaturaken sesaji marang Mbah Ardjasemita, lajeng Mbah Ardjasemita nata sesaji sarta miwiti ngobong kemenyan sarta miwiti maos donga pengantar ziarah. Saksampunipun juru kunci maos donga 107 pengantar lajeng Mbah Ardjasemita medal lajeng peziarah nglajengaken maos yasin sarta tahlil piyambak.

d. Ziarah IV