30
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Deskripsi Setting Panaliten
1. Andharaning Papan Dunungipun saha Wekdal Tradhisi Ziarah
Pesareyan Mbah Kalibening .
Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening dipunadani wonten ing pesareyan Mbah Kalibening, Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan,
Banyumas, Kabupaten Banyumas. Miturut data monografi warsa 2014 Desa Dawuhan kaperang dados kalih
dhusun, Dhusun Dawuhan sarta Dhusun Kalibening. Papan panaliten menika wonten ing Dhusun Kalibening. Dhusun menika kalebet wonten ing Desa
Dawuhan, Kecamatan Banyumas, Kabupaten Banyumas. Desa Dawuhan gadhah tapel wates kaliyan desa sanes-sanesipun. Tapel wates wilayah Desa Dawuhan
Kaliyan desa sanes-sanesipun inggih menika. Sisih ler inggih menika
: Desa Papringan; sisih kidul inggih menika
: Desa Pasinggangan; sisih wetan inggih menika
: Desa Kalisube; sisih kilen inggih menika
: Desa Binangun. Ing ngandhap menika gambar peta Desa Dawuhan.
31
Gb. 01 : Peta Desa Dawuhan.
Desa Dawuhan tebihipun 22,00 Km saking ibu kota kabupaten, saha kirang langkung 5,00 Km saking ibu kota Kecamatan Banyumas. Desa Dawuhan
wiyaripun 213,05 Ha kaperang dados Pemukiman 63,00 Ha, Persawahan 17,00 Ha, Perkebunan 30,00 Ha, Pesareyan 5,00 Ha, Pekarangan 77,00 Ha, Perkantoran
0,35 Ha, saha Prasarana umum sanesipun 20,70 Ha. Papan tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening pasipun wonten ing
Pesareyan Kalibening. Menawi saking alun-alun Banyumas, kirang langkung gangsal kilo meter arah ngidul alun-alun Banyumas. Mangke wonten perempatan
ing peken belok kiwa arah Patikraja. Lurus nuruti margi, wonten pertigaan belok ing kiwa arah Desa Dawuhan sarta nglampahi pesareyan R.Joko Kaiman kirang
langkung 300 meter, wonten pertigaan belok ing tengen, lajeng belok kiwa nuruti margi. Kirang langkung 200 meter sakderengipun parkir wonten pertigaan, 30
meter arah kiwa menika halaman parkir pendopo Kalibening. Lurus ing nginggil menika gapura pesareyan Kalibening. Ing ngandhap menika denah papan
panaliten tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ing Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan Banyumas, Kabupaten Banyumas.
32
Gb. 02 : Denah Papan Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening.
Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening katindakaken wonten ing Pesareyan Kalibening, Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan
Banyumas, Kabupaten Banyumas saben dintenipun amargi pesareyan Mbah Kalibening bikak saben dintenipun, jam anggenipun nindakaken tradhisi ugi saged
jam pinten kemawon ananging langkung kathah dipuntindakaken nalika malem Slasa Kliwon saha malem Jumuwah Kliwon. Andharan menika jumbuh kaliyan
pratelanipun informan 01. “dinten kangge ziarah Kemis Wage, Senen Wage. Saben dinten
setunggal-kalih tiyang. ” CLW 01
“dinten kangge nindakaken ziarah inggih menika dinten Kemis Wage, Senen Wage. Saben dintenipun setunggal-
kalih priyantun.” CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07.
“biasane nggih nek siange kemis wage malemnya, malem jum’at kliwon, hari senen wage selasa kliwon biasanya.
” CLW 07
u
33 “limrahipun inggih menawi siang menika Kemis wage, ndalunipun malem
Jumuwah Kliwon, dinten Senen Wage Selasa Kliwon limrahipun. ” CLW
04 Andharan kasebat dipunsengkuyung malih kaliyan pratelanipun informan 06.
“kalau jaman dahulu tidak setiap hari. Hanya hari-hari Selasa Kliwon, Kemis Wage, Jumuwah Kliwon. Kalau sekarang sudah setiap hari ada.
biasanya yang paling rame itu Rebo Pon, Kemis Wage, Jumuwah Kliwon itu paling rame, tapi tidak menutup kemungkinan pada hari-hari liburpun
di sini ramai .” CLW 06
“Menawi kala rumiyin mboten saben dinten. Namung dinten-dinten Selasa Kliwon, Kemis Wage Jumuwah Kliwon. Menawi sakmenika sampun
saben dinten wonten. Limrahipun ingkang langkung kathah menika Rebo Pon, Kemis Wage saha Jumuwah Kliwon menika langkung kathah,
nanging mboten nutup kamungkinan dinten-dinten prei menika wonten
ngriki kathah.” CLW 06 Dinten Selasa Kliwon saha Jumuwah Kliwon miturut priyantun Jawi
dipunpitados minangka dinten awrat, keramat sarta paring berkah. Miturut panca wara, dinten Kliwon menika dinten ingkang paling sae kangge nindakaken sedaya
kewigatosan, menika ugi dipunsebat dados dinten utawi pasaran ingkang tanpa cacad. Dene miturut petangan sapta warsa dinten Selasa saha Jumuwah menika
dinten ingkang ageng Budi, 2006:305. Saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan kenging menapa
peziarah langkung kathah nindakaken ziarah nalika malem Selasa Kliwon sarta Jumuwah Kliwon amargi miturut petungan Jawi saha Islam dinten menika sae
kangge ndonga, satemah kegiyatan menapa malih ingkang dipuntindakaken sarta donga ingkang dipunaturaken, saged barokah sarta kamungkinan ageng donga
ingkang dipunkajengaken saged kasembadan. Lumantar saking nindakaken ziarah
34 pesareyan Mbah Kalibening, Peziarah gadhah ancas ngalap berkah saking
nindakaken tradhisi ziarah menika. Ramenipun peziarah ing dinten tartamtu, mliginipun ing malem Slasa
Kliwon sarta Jumuwah Kliwon nyebabaken antrian ziarah ingkang kathah satemah ziarah pesareyan Mbah Kalibening katindakaken ngantos dumugi jam
03.00 WIB. Peziarah ugi wonten ingkang nyipeng. Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening katindakaken dening masarakat panyengkuyungipun ingkang
sami pitados ngengingi kawontenaning Mbah Kalibening.
2. Kawontenaning Papan Tradhisi