116 langkung nyaketaken dhiri dhumateng Gusti Allah, manah kita ugi saking
griya kedah suci bersih, kadosdene sekar telon menika.” CLW 06
Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpendhet dudutan menawi sekar telon ingkang awujud sekar kanthil, kenanga saha mawar dados simbol
supados anggenipun nindakaken tradhisi ziarah pesareyan menika peziarah gadhah lampah ingkang sae, kadosdene aruming lampahipun leluhur. Langkung
khusuk sarta tansah emut marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos wondene anggenipun ndonga ngginakaken wasilah ing pesareyan Mbah Kalibening,
peziarah tansah waspada, emut anggenipun nyuwun menika tetep dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, dene Mbah Kalibening menika namung dados
lumantar supados tumut ndongakaken satemah donga ingkang dipunkajengaken saged hasil utawi kasembadan. Kejawi menika sekar telon ingkang
dipuntaburaken ing pesareyanipun Mbah Kalibening menika saged paring endah saha wangi.
2. Pisang
Pisang mujudaken salah satunggaling sesaji ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Pisang ingkang dipunginakaken inggih menika saged pisang
raja, ambon sarta emas. Menika saged milih salah satunggaling werni pisang ugi saged tigang werni sedaya. Saben pisang menika sajodho. Pisang menika dados
pralambang persembahan dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos Budi, 2008:438. Lumantar saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah
Kalibening, inggih menika salah satunggaling waliyulloh ing daerah Banyumas Peziarah ngajeng-ngajeng barokah utawi rejeki ingkang sampun dipunberkahi
117 dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Andharan kasebat jumbuh kaliyan
pratelanipun informan 06. “Pisang ya sebagai pralambang supaya mudaha-mudahan dapat rejeki
sehingga menjadi orang besar nantinya”CLW 06 “Pisang inggih minangka pralambang supados mugi-mugi pikantuk rejeki
satemah saged dados priyantun ageng sukses mangkenipun.”CLW 06 Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan
menawi pisang nyimbolaken persembahan dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos kangge sarana mujudaken kekajengan peziarah supados pikantuk
barokahipun saking nidakaken tradhisi ziarah ing pesareyan Mbah Kalibening satemah mangkenipun saged dados priyantun ageng ingkang sukses.
3. Wewangian
Wewangian ing sesaji tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening saged awujud kemenyan, dupa saha lisah duyung. Lisah duyung pralambang wewangian
ingkang dipunginakaken sakderengipun ndonga supados papan kangge nindakaken tradhisi ziarah menika wangi, satemah peziarah saged khusyuk. Dene
kemenyan saha dupa minangka pralambang kangge ngalantaraken ingkang dipunaturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Kadosdene andharanipun
informan 01. “Kemenyan karo dupa nggih kangge lumantar ndonga. Kemenyan utawa
dupa diobong lajeng nalika kemenyan utawa dupa diobong kita ndonga.”CLW 01
118 “Kemenyan kaliyan dupa inggih kangge ndedonga. Kemenyan utawi dupa
dipunobong lajeng
nalika kemenyan
utawi dipunobong
kita ndedonga.”CLW 01
Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan menawi kemenyan utawi dupa ingkang dpunobong menika kangge sarana
njlentrehaken menapa ingkang dados ancasipun peziarah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos sanes kangge muja sanesipun. Menyan menika piranti
panyuwunan rikala priyantun ngaturaken panyuwunan arupi donga utawi mantra. Miturut kapitadosan menawi menyan menika dipunobong saha pejah
sakderengipun pungkasan anggenipun ndedonga, mangka salah satunggaling pratandha bilih donganipun mboten diijabahi, ananging menawi kemenyan utawi
dupa menika dipunobong mboten pejah saha kukusaning ngepul mangka panyuwunanipun badhe dipunijabahi Jandra, 1990:176. Menyan ingkang
ngepulaken kukusipun ugi gadhah teges, supados roh-rohipun mbiyantu panyuwunanipun masarakat ingkang ngawontenaken upacara Maherkesti dkk,
1989:160. Kejawi menika kemenyan utawi dupa ingkang dipunobong menika gadhah
teges ngobong sipat awon manungsa. Menika dipunkajengaken lahir sipat ingkang sae wonten ing dhiri pribadi manungsa.
4. Kinangan