Pirantining Panaliten Cara Ngolah Data

27 2. Wawancara mendalam Inggih menika pirembagan antawisipun panaliti saha informan kangge tuker informasi saha ide mawi pitakenan saha wangsulan, satemah saged dipunmangertosi makna satunggaling topik ingkang sampun katemtokaken. Pirembagan menika dipuntindakaken kanthi terbuka. Terbuka wonten ing ngriki tegesipun informan mangertos bilih panaliti menika nembe pirembagan saha informan mangertos ancasipun pirembagan menika. Panaliti nindakaken pirembagan kanthi mendalam ngginakaken pitakenan-pitakenan adedhasar saking observasi ingkang sampun katindakaken. Dene informan ingkang badhe dipunsuwuni informasi sampun dipuntemtokaken sakderengipun.

E. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten wonten ing panaliten inggih menika panaliti piyambak utawi human instrument. Guba saha Lincoln lumantar Moleong 2010:168 ngandharaken bilih titikan umum manungsa minangka instrumen. 1 Responsif. 2 Dapat Menyesuaikan diri. 3 Menekankan keutuhan. 4 Mendasarkan diri atas perluasan pengetahuan. 5 Memproses data secepatnya. 6 Memanfaatkan kesempatan untuk mengklarifikasikan dan mengikhtisarakan. 7 Memanfaatkan kesempatan untuk mencari respons yang tidak lazim dan idiosinkratik. Dados miturut andharan ing nginggil menika manungsa saged dipunsebat instrumen menawi saged responsif utawi tanggep saha interaktif nalika nindakaken observasi saha wawancara ugi ngginakaken imajinasi saha ngulir 28 budi kangge pikantuk data. Kejawi menika manungsa saged ngolah data informasi dados data ingkang saged dipunjumbuhaken malih kaliyan informasi sanesipun kangge tandingan. Miturut Moleong 2010: 168 ngandharaken menawi “Panaliti ingkang gadhah rancangan ugi nindakaken, ngempalaken data, ngolah, ngandharaken saha nglaporaken asiling panaliten. ” Panaliti minangka human instrument anggenipun ngempalaken data mbetahaken pirantos pambiyantu. Pirantos menika antawisipun handycame, camera digital, saha cathetan lapangan. Handycame menika dipunbetahaken kangge ngrekam data audio saha visual saking asiling wawancara kaliyan para priyantun ingkang gegayutan kaliyan tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika, supados pikantuk informasi awujud data lisan ingkang cetha lajeng mangke dipuntranskripkaken wonten ing seratan. Camera digital dipunbetahaken kangge ndokumentasikaken kadospundi prosesinipun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Dene cathetan lapangan inggih menika dipunbetahaken kangge nyerat data ingkang gegayutan kaliyan unsur-unsuripun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika.

F. Cara Ngolah Data

Caranipun ngolah data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis induktif, ateges analisis data ingkang spesifik saking lapangan dipundadosaken unit-unit lajeng dipunkategorisasikaken Muhadjir, 2002: 167. Analisis induktif dipunginakaken kangge mbiji saha ngolah data, dipunwiwiti kanthi nelaah data jumbuh kaliyan wosing perkawis ingkang sampun 29 cumawis saking pengamatan langsung saha wawancara mendalam, ingkang sampun dipunsebat ing salebeting cathetan lapangan, gambar, foto saha sapanunggalipun.

G. Caranipun Ngesahaken Data