Kinangan Makna Simbolik Sesaji

118 “Kemenyan kaliyan dupa inggih kangge ndedonga. Kemenyan utawi dupa dipunobong lajeng nalika kemenyan utawi dipunobong kita ndedonga.”CLW 01 Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan menawi kemenyan utawi dupa ingkang dpunobong menika kangge sarana njlentrehaken menapa ingkang dados ancasipun peziarah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos sanes kangge muja sanesipun. Menyan menika piranti panyuwunan rikala priyantun ngaturaken panyuwunan arupi donga utawi mantra. Miturut kapitadosan menawi menyan menika dipunobong saha pejah sakderengipun pungkasan anggenipun ndedonga, mangka salah satunggaling pratandha bilih donganipun mboten diijabahi, ananging menawi kemenyan utawi dupa menika dipunobong mboten pejah saha kukusaning ngepul mangka panyuwunanipun badhe dipunijabahi Jandra, 1990:176. Menyan ingkang ngepulaken kukusipun ugi gadhah teges, supados roh-rohipun mbiyantu panyuwunanipun masarakat ingkang ngawontenaken upacara Maherkesti dkk, 1989:160. Kejawi menika kemenyan utawi dupa ingkang dipunobong menika gadhah teges ngobong sipat awon manungsa. Menika dipunkajengaken lahir sipat ingkang sae wonten ing dhiri pribadi manungsa.

4. Kinangan

Kinangan awujud sedhah, Gambir, sata saha apu. Kinangan ateges suruh saadune utawi dianggo ngabang lambe Poerwadarminta, 1939:223. Satemah ing 119 jaman kala rumiyin kinangan dipunginakaken dening simbah-simbah putri kangge ngabritaken lathi. Kinangan menika pralambang sesembahan kita dhumateng para leluhur ing jaman kala rumiyin. Saking leluhur kita ing kala rumiyin remen nginang. Ing tradhisi ziarah pesareyan Kalibening kinangan dipunaturaken kangge semahipun Mbah Kalibening inggih menika Ny. Indrajati. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05. “...nek kinangan niku carane kangge simbah putri. Secara logika niku nggih patute pantes. Teng jaman riin niku kan mboten ngangge lipstik ngangge kinangan niku kan enak banget, niku ngaten.” CLW 05 “...menawi kinangan menika caranipun kangge simbah putri. Kanthi logika menika inggih sakjatosipun pantes. Ing kala rumiyin menika mboten lipstikan ananging ngangge kinangan. Menika eca sanget, kados menika.” CLW 05 Andhararan menika dipunsengkuyung dening informan 06. “Hla ada kinangan segala macem kinangan adalah suatu tradhisi kuno yang itu memang termasuk suatu hal yang bila dilaksanakan itu menyehatkan. Orang yang nginang itu kan giginya sehatkan walaupun kelihatannya hitam tapi dia tidak pernah sakit gigi.” CLW 06 “wonten kinangan sedaya warni kinangan inggih menika salah satunggaling tradhisi kuna ingkang kalebet salah satunggaling perkawis ingkang menawi dipunlaksanakaken menika nyehataken. Priyantun ingkang nginang menika wajanipun sehat wondene ketingal cemeng ananging piyambakipun mboten nate gerah waja.” CLW 06 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan menawi kinangan menika mujudaken simbol sesembahan dhateng para leluhur. Kinangan 120 menika ingkang dipunremeni dening para leluhur kita ing jaman kala rumiyin. Menika kangge nedahaken raos krumat kita dhateng para leluhur putri kanthi nyaosaken sesandhingan ingkang awujud kinangan satemah para leluhur putri, kadosdene Ny.Indrajati saged tumut ngaturaken menapa ingkang dipunkajengaken peziarah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados kersa ngaturaken kawilujengan ing pagesangan para peziarah ing padintenan.

5. Ses