Ses Rakan Jajan Pasar

120 menika ingkang dipunremeni dening para leluhur kita ing jaman kala rumiyin. Menika kangge nedahaken raos krumat kita dhateng para leluhur putri kanthi nyaosaken sesandhingan ingkang awujud kinangan satemah para leluhur putri, kadosdene Ny.Indrajati saged tumut ngaturaken menapa ingkang dipunkajengaken peziarah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados kersa ngaturaken kawilujengan ing pagesangan para peziarah ing padintenan.

5. Ses

Ses salah satunggaling sesaji ingkang kalebet ing sesaji tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Ses menika wujudipun papir ingkang dipunlinting sinarengan kaliyan Mbako, uwur sarta menyan. Ses menika pralambang sesembahan kita dhumateng para leluhur kakung ing jaman kala rumiyin. Saking leluhur kakung kita ing kala rumiyin remen ngeses. Ing tradhisi ziarah pesareyan Kalibening ses dipunaturaken kangge Mbah Kalibening. Menika dipunkajengaken supados Mbah Kalibening saged tumut ngaturaken menapa ingkang dipunkajengaken peziarah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Supados kersa ngaturaken kawilujengan ing pagesangan para peziarah ing padintenan.

6. Rakan Jajan Pasar

Rakan utawi jajan pasar inggih menika salah satunggaling sesaji ingkang dipuncawisaken nalika nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening rakan utawi jajan pasar menika awujud lapis, gethuk, kepok, jipang, urab saha utri. Jajan pasar utawi saged awujud maneka warni tetedhan miturut selera ingkang dipundamel piyambak kadosta lemper, nagasari saha sanes-sanesipun, nglambangaken kesejahteraan 121 masarakat Sunjata, 2006:438. Miturut andharanipun informan 06 rakan ingkang dipuncawisaken ing tradhisi ziarah pesareyan menika gadhah teges. “Rakan itu adalah simbol dari makanan-makanan. Bentuknya kecil-kecil lah. Kaya ada lapis, segala macem itu adalah suatu simbol kekayaan dunia. Caranipun ya isi-isine kekayaan dunia itu dibawa kesni. Dibawa istilahnya berziarah kesini adalah bentuk sebagai wujud syukur bahwa saya manakala hidup didunia ini sudah memakan begitu banyak hasil yang ada didunia ini, maka dari itu sambil berdo’a kita bersyukur inilah wujud yang kita makan, itu hanya sebagai simbol saja, seperti itu. ”CLW06 “Rakan menika salah satunggaling simbol saking tetedhan. Bentukipun alit-alit. Kadosdene lapis, sedaya werni menika dados simbol kekayaan donya. Caranipun inggih wosing kekayaan donya dipunbekta ing ngriki. Dipunbekta tegesipun nindakaken ziarah ing ngriki menika minangka wujud syukur kula gesang ing donya menika sampun dhahar maneka werni hasil ingkang wonten ing donya menika, satemah saking menika lumantar donga, kita ngaturaken syukur menika wujud ingkang kita dhahar, menika namung dados simbol kemawon, kedosmenika.” CLW 06 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan menawi rakan utawi jajan pasar menika mujudaken simbol raos syukur manungsa dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos saking saking kasejahteraan ingkang sampun dipunparingaken Gusti Ingkang Maha Kuwaos tumrap manungsa ing donya menika. Miturut pangertosan saben werni rakan utawi jajan pasar saged kaandharaken teges saben rakan utawi jajan pasar ingkang dipuncawisaken ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika. a. Urab Urab inggih menika salah satunggaling wujud jajanan pasar ingkang dipundamel saking sayuran kadosdene bayem, kangkung, godhong tela, godhong kates, toge, kol, saha kacang panjang ingkang dipungodhog saha dipuncampur 122 parutan klapa, kemangi saha kecambah. Saking pangertosan menika saged dipunpendhet dudutan bilih urab menika gahah teges saking maneka werni dhasaring manungsa menika, manungsa sami gadhah cita-cita saha kabetahan individu. b. Kepok Kepok utawi ketan dipencok menika salah satunggaling wujud jajan pasar ingkang dipundamel saking ketan. Ketan ingkang sipatipun rumaket menika gadhah teges keanekaragaman ingkang gadhah ancas sami. c. Gethuk Gethuk inggih menika salah satunggaling wujud jajan pasar ingkang bahan utami kangge ndamel menika saking tela dipundeplok. Gethuk ingkang raosipun manis menika gadhah teges supados menapa ingkang dados kawigatosan peziarah menika saged lancar. d. Lapis Lapis larikan tipis-tipis menika salah satunggaling wujud jajan pasar ingkang dipundamel saking glepung beras utawi glepung kanji. Saking pangertosan menika lapis gadhah teges saking maneka werni lapisan masarakat, sae menika priyantun jaler utawi estri, sugih utawi mlarat, enom utawi sepuh sedaya menika gadhah ancas ngalap berkah saking nindakaken ziarah pesareyan Mbah Kalibening kasebat. 123 e. Utri Utri utawi nagasari menika jajan pasar ingkang dipundamel saking glepung beras ingkang dipunisi pisang. Saking pangertosn menika saged dipunpendhet dudutan bilih utri menika gadhah teges nyuwun perlindunganipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. f. Jipang Jipang inggih menika jajan pasar ingkang dipundamel saking sekul ingkang rumaket. Saking pangertosan menika jipang gadhah teges keanekaragaman ingkang gadhah ancas sami inggih menika nyuwun barokah dhumatheng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih tegesipun rakan utawi jajan pasar ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening inggih menika nggambaraken keanekaragaman pagesangan saha pakaryan peziarah ingkang gadhah setunggal ancas inggih menika kepenginan saha kabetahan saben individu. Saking maneka warni dhasaring pagesangan peziarah saking maneka warni lapisan masarakat, peziarah gadhah cita-cita supados saking nindakaken ziarah pesaren Mbah Kalibening kasebat cita-citanipun pikantuk dukungan batiniah kanthi penuh saking maneka warni pihak sarta pikantuk berkah saha perlindungan saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

7. Toya barokah sumur Kalibening