Ziarah V Urutanipun Lampah Ziarah

109

e. Ziarah V

Ing Ziarah V, dipuntindakaken dening peziarah rombongan saking Purwokerto. Saking cacahipun 15 peziarah ingkang nindakaken lampah Ziarah V wonten pitung Peziarah. Urut-urutanipun lampah ing Ziarah V kadosdene ing ngandhap menika 1 Manggihi Juru Kunci Sakderengipun minggah ing pesareyan Kalibening, rombongan saking Purwokerto menika manggihi juru kunci, Bapak Sunaryoko. Sedaya peziarah ingkang cacahipun 15 peziarah, manggihi Bapak Sunaryoko amargi rombongan menika nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ing wekdal ndalu. Satemah juru kunci ingkang ndampingi peziarah gantos Bapak Sunaryoko, sanes Mbah Ardjasemita. 2 Wudlu Saksampunipun manggihi juru kunci, peziarah wudlu. Wonten ingkang wudlu ing sumur brokah wonten ugi ing bak sisih kidul paseban. Peziarah ingkang wudlu ing bak limrahipun peziarah ingkang rawuh ndalu nanging mboten kiyat minggah ing sumur toya barokah. Margi tumuju sumur barokah ugi cekap tebih sarta undhak-undhakan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “bak nggih kangge wadhah banyu, banyu sing diilekna saking sumur barokah. Biasane nggih peziarah sing tekane wengi nggih kadang-kadang wudhu teng ngriku, sebabe adoh si saking sumur barokah, kadang-kadang wonten sing mboten kuat munggah.” CLW 01 “bak inggih kangge wadhah toya, toya ingkang dipunilekaken saking sumur barokah. Limrahipun peziarah ingkang rawuh ndalu nggih kadang 110 kala wudhu ing bak menika, amargi tebih saking sumur barokah, kadang kala wonten ingkang mboten kiyat minggah.” CLW 01 3 Mendhet Toya Barokah Lampah ingkang saklajengipun inggih menika mendhet toya barokah, peziarah kasebat sampun nyawisaken botol ageng ingkang cacahipun tigang botol kangge madhahi toya barokah menika. Sakderengipun mendhet toya barokah peziarah maos donga nanging mboten nyawisaken sesaji. Toya barokah ingkang sampun dipunwadhahi botol ageng menika lajeng dipunbekta tumuju pesareyan Mbah Kalibening supados tumut dipundongakaken. 4 Ziarah ing Pesareyanipun Mbah Kalibening Lampah ingkang saklajengipun inggih menika Ziarah wonten ing pesareyanipun Mbah Kalibening. Rombongan saking Purwokerto kasebat nindakaken ziarah mboten ngginakaken sesaji ugi mboten ngginakaken lumantar saking juru kunci. Anggenipun maos donga ziarah, rombongan saking purwokerto menika dipunpimpin dening gurunipun utawi ingkang kawentar dipunsebat Kyai. Donga dipunwaos sesarengan. Donga ingkang dipunwaos inggih menika yasin saha tahlil. Saking urutanipun lampah ingkang sampun kapanggihaken saged dipunpendhet dudutan bilih urutanipun lampah tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ingkang kedah dipuntindakaken inggih menika. 1 Manggihi Juru Kunci Manggihi Juru Kunci kangge ngandharaken niat saha ancasipun nindakaken tradhisi ziarah kasebat saha nyuwun idin sarta kangge jangkepi data kesekretariatan peziarah ingkang rawuh ing pesareyan Kalibening. 111 2 Wudlu Wudlu menika dados urutanipun lampah nindakaken tradhisi zirah pesareyan Mbah Kalibening ingkang mesthi dipuntindakaken dening peziarah. Amargi miturut ajaran Islam tata krama nalika badhe ziarah kubur ingkang utama inggih menika peziarah kedah wudlu. Wudlu ingkang paling utama sakderengipun tindak ziarah Muhaimin, t.t:7. Wudlu menika dados cara kangge nyucikaken dhiri saking khadas. Menawi anggenipun ziarah kahananipun suci, peziarah langkung khusyuk anggenipun nindakaken ziarah kasebat. 3 Mendhet Toya Barokah Mendhet toya barokah Kalibening kalebet lelampahaning sakderengipun nindakaken tradhisi ziarah pesareyan mbah Kalibening amargi peziarah ingkang nindakaken tradhisi kasebat mesthi mendhet toya barokah. Lajeng saksampunipun toya dipunwadhahi botol, toya menika tumut dipuncawisaken nalika nindakaken ziarah ing pesareyan Mbah Kalibening. Toya ing botol menika dados sesaji ingkang tumut dipundongani nalika nindakaken ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening kanthi tutup botol dipunbikak supados berkahipun saged mlebet Ruslan, 2007:63. Peziarah ingkang mendhet toya barokah Kalibening gadhah kekajengan pribadhi piyambak-piyambak. Toya barokah menika minangka sarana kangge ngalap berkah saking nindakaken tradhisi ziarah kasebat. 4 Ziarah ing Pesareyanipun Mbah Kalibening Ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening menika inti saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Lumantar ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening menika dados wasilah utawi lumantar peziarah kangge 112 ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos sarta ngalap berkah saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan kasebat. Bedanipun Ziarah I dumugi ziarah V inggih menika wonten lampah ingkang mboten dipuntindakaken antawisipun lampah Ziarah I, Ziarah II, Ziarah III, Ziarah IV saha Ziarah V. Peziarah sami nindakaken lampah ziarah menika miturut kapitadosan dhiri peziarah piyambak. Sejatosipun mboten wonten katetapan ingkang baku ngengingi lampah nindakaken ziarah pesareyan Mbah Kalibening kasebat. Ananging estunipun menawi langkung sae urutanipun lampah ziarah menika saged dipungabungaken supados peziarah nindakaken ziarah menika kanthi urut saha saged pikantuk paedah saking bab kabudayan sarta Religinipun. Amargi saking lampah-lampah ingkang dipuntindakaken kadosdene nyawisaken sesaji ingkang lengkap, manggihi juru kunci, wudlu, siram, ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening saha nyipeng ing Pendopo Kalibening menika gadhah teges Peziarah sampun nindakaken tradhisi minangka wujud pelestarian tradhisi kabudayan sarta ingkang utami inggih menika peziarah anggenipun nindakaken ziarah menika sampun miturut ajaran religi peziarah, inggih menika ajaran agami Islam. Sedaya lampah ziarah menika minangka unsur kapitadosan wujud tumindak saking religi Koentjaraningrat, 147: 1984. Saking nindakaken urutaning lampah ziarah pesareyan Mbah Kalibening kanthi urut sarta lengkap menika ndadosaken peziarah langkung pitados sarta khusuk anggenipun ndonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos lumantar ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening. 113

D. Makna Simbolik Sesaji