Jinising Panaliten Setting Panaliten

24

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Jinising panaliten ingkang kula lampahaken kangge panaliten Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening wonten ing Dusun Kalibening Desa Dawuhan Kecamatan Banyumas Kabupaten Banyumas menika kalebet jinising panaliten kualitatif. Miturut Moleong 2010:6. “Penelitian kualitatif adalah penelitian yang bermaksud untuk memahami fenomena tentang apa yang dialami oleh subjek penelitian misalnya perilaku, persepsi, motivasi, tindakan, dll. , secara holistik, dan dengn cara deskripsi dalam bentuk kata-kata dan bahasa , pada suatu konteks khusus yang alamiah dan dengan memanfaatkan berbagai metode alamiah.” Panaliten kualitatif menika panaliten ingkang dipunlampahaken kanthi cara mahami kasunyatan ingkang wonten ing wingkingipun kasunyatan ingkang saged dipunamati utawi diindera kanthi cara langsung dening panaliti. Panaliten kualitatif awujud panaliten langsung wonten lapangan kangge pikantuk data deskriptif. Wonten ing panaliten kualitatif, informasi saged dipunpendhet kanthi cara ngadakaken pengamatan, urun rembug, wawancara ingkang cetha saha dokumentasi. Kanthi cara panaliten kualitatif, dipunkajengaken supados saged pikantuk gambaranipun ngengingi bab mula bukanipun, kadospundi prosesi anggenipun nglampahaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika, jinising 25 ubarampe utawi sesaji ingkang kedah dipuncawisaken, makna simbolik sesaji ingkang dipuncawisaken saha piwulangipun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening tumrap para peziarah saha masarakat sakiwa tengenipun pesareyan Mbah Kalibening sarta wujud akulturasi wonten ing sajroning tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening.

B. Setting Panaliten

Panaliten tradhisi pesareyan Mbah Kalibening dipuntindakaken wonten ing Dhusun Kalibening Desa Dawuhan Kecamatan Banyumas Kabupaten Banyumas. Tradhisi ziarah pesareyan dipuntindakaken kalih minggu, mliginipun dinten Slasa Kliwon sarta Jumuwah Kliwon ing wulan April 2014.

C. Sumber Data Panaliten