123 e.
Utri Utri utawi nagasari menika jajan pasar ingkang dipundamel saking
glepung beras ingkang dipunisi pisang. Saking pangertosn menika saged dipunpendhet dudutan bilih utri menika gadhah teges nyuwun perlindunganipun
Gusti Ingkang Maha Kuwaos. f.
Jipang Jipang inggih menika jajan pasar ingkang dipundamel saking sekul
ingkang rumaket.
Saking pangertosan
menika jipang
gadhah teges
keanekaragaman ingkang gadhah ancas sami inggih menika nyuwun barokah dhumatheng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih tegesipun rakan utawi jajan pasar ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening
inggih menika nggambaraken keanekaragaman pagesangan saha pakaryan peziarah ingkang gadhah setunggal ancas inggih menika kepenginan saha
kabetahan saben individu. Saking maneka warni dhasaring pagesangan peziarah saking maneka warni lapisan masarakat, peziarah gadhah cita-cita supados saking
nindakaken ziarah pesaren Mbah Kalibening kasebat cita-citanipun pikantuk dukungan batiniah kanthi penuh saking maneka warni pihak sarta pikantuk berkah
saha perlindungan saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
7. Toya barokah sumur Kalibening
Sumur barokah Kalibening dipunpitados dados sumur wali amargi kedadosan sumur barokah Kalibening menika saking akodrati Syech Abdullah
Faqih leluhuripun Banyumas ingkang gadhah ilmu ingkang linangkung. Sumur
124 wali gadhah fungsi mboten namung kadosdene papan toya limrahipun, ananging
langkung dados papan toya suci ingkang saged ndadosaken lumantar obat penyakit, paningkatan kecerdasan utawi penangkal saking mara bahaya, sarta
maneka warni khasiat sanesipun Ruslan, 2007:63. Toya barokah Kalibening ingkang dipunpitados gadhah khasiat kangge menapa kemawon tumrap peziarah
ingkang pitaodos, ugi sampun kabukti. Inggih menika peziarah ingkang namanipun Ibu Sarinem saha Bapak Rusman salah satunggaling masarakat
Kalibening ingkang asring nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening saha pitados ngengingi berkahipun toya barokah ngandharaken bilih usaha
warungipun menika sampun maju, sakmenika sampun gadhah toko. Ibu Sarinem saha Bapak Rusman gadhah kapitadosan menawi nindakaken tradhisi menika
minangka sarana usaha ndonga supados usahanipun lancar sarta pitados lumantar ngunjuk sarta mendhet toya barokah Kalibening menika saged dados sarana
ngicalaken sebel puyeng sarta penglaris. Andharan menika jumbuh kaliyan andharanipun Ibu Sarinem.
“Ya saya sering Mbak ziarah disini, ini sebagai lantaran gitu lah mbak. Nggih nyuwun donga restu gitu Mbak, kalo air barokah itu ya saya
percaya saya sering minum dan ambil air itu untuk dibawa pulang, nggo guwang sebel puyeng. Carane ya ben usahane lancar kaya kuwe Mbak.
Alhamdulillah ya siki duw e toko kaya kuwe Mbak.”
“Inggih kula asring ziarah wonten ngriki Mbak, menika minangka lantaran kadosmenika. Inggih Nyuwun donga restu kadosmenika Mbak, menawi
toya barokah menika inggih kula pitados, kula asring ngunjuk saha mendhet toya menika kangge dipunbekta wangsul, kangge ngicalaken
sebel puyeng. Caranipun inggih supados usananipun lancar kadosmenika Mbak. Alhamdulillah inggih sakmenika kula gadhah toko kadosmenika
Mbak.”
125 Andharan Ibu Sarinem menika ugi dipunsengkuyung dening andharanipun
tangganipun ingkang namanipun Ibu Sarpiyah saha Mbah Ardjasemita minangka juru kunci makam Mbah Kalibening menawi Ibu Sarinem saha Bapak Rusman
menika asring nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening saha mesthi mbekta toya barokah Kalibening. Ibu Sarinem menika rumiyinipun gadhah usaha
warung alit wiwit warsa 2008 dumugi sakmenika warsa 2014 Ibu Sarinem sampun gadhah toko ingkang ageng. Andharanipun Ibu Sarpiyah inggih menika
“Ya bener Mbak, Ibu Sarinem karo garwane kae sering ziarah nang Kalibening. Mbiyen niku duwe warung ya warung cilik lah mbak, siki wis
duwe toko gedhe.” “Inggih leres Mbak, Ibu Sarinem kaliyan garwanipun menika asring ziarah
wonten ing Kalibening. rumiyin menika gadhah warung alit, sakmenika sam
pun gadhah toko ageng.” Andharan menika dipunsengkuyung dening andharanipun Mbah Ardjasemita
minangka Juru kunci pesareyan Mbah Kalibening. “nggih Ibu Sarinem lan garwane niku sering ziarah, sering wudhu lan
mendhet toya barokah Kalibening. niku tujuane nggih ben lancar usahane, biyen niku kira-kira taun 2008 warunge cilik, siki wis duwe toko gedhe.
Tokone kae sing nang prapatan n ika.”
“Inggih Ibu Sarinem saha garwanipun menika asring ziarah, asring wudhu saha mendhet toya barokah Kalibening. Menika ancasipun inggih supados
lancar usahanipun, nalika rumiyin menika kinten-kinten warsa 2008 wandenipin alit, sakmenika sampun gadhah toko ageng. Tokonipun
menika ingkang wonten prapatan menika.”
Tumrap para peziarah ingkang pitados nengingingi berkahipun sumur brokah peziarah sami mbekta botol saking ndalem kangge madhahi toya sumur
barokah Kalibening kasebat. Saking menika toya barokah sumur Kalibening
126 kalebet sesaji ingkang dipuncawisaken nalika nindakaken tradhisi ziarah
pesareyan Mbah Kalibening. Toya barokah ingkang dipunwadhahi botol lajeng dipunsertakaken
wonten ing
ziarah lajeng
tutup botol
dipunbikak dipunkajengaken supados berkahipun mlebet.
Saking andharan ing nginggil kasebat dipunpendhet dudutan menawi maknanipun toya sumur barokah ingkang dipunsertakaken dados sesaji ing ziarah
pesareyan Mbah Kalibening menika dados sarana ngalap berkah tumrap peziarah dhumateng Ingkang Damel Gesang. Lumantar saking sumur Kalibening ingakng
damelanipun wali, toya menika dipunpitados suci. Para Peziarah ndadosaken toya menika sarana ngaturaken kekajengan anggenipun nindakaken tradhisi kasebat.
Toya ingkang sampun dipunberkahi saged dados lumantar nindakaken menapa kemawon kawigatosan peziarah kanthi dipundasari kapitadosan peziarah
piyambak-piyambak.
E. Paedahipun Tradhisi Ziarah