Paedah Spiritual Paedahipun Tradhisi Ziarah

127 pesareyan Mbah Kalibening ingkang sampun katindkaken menika gadhah paedah- paedah ingkang sae tumrap masarakat panyengkuyungipun. Paedah-paedah ingkang wonten ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening kasebat inggih menika paedah spiritual, paedah ekonomi, paedah sosial saha paedah pelestari tradhisi. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedahipun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Paedah Spiritual

Paedah spiritual mujudaken paedah ingkang wonten gegayutanipun kaliyan kapitadosan masarakat panyengkuyung tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening dhateng babagan perkawis ingkang gaib. Paedah spiritual ingkang saged dipunpendhet saking tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening inggih menika. a. Ziarah dados sarana pakurmatan tumrap arwah leluhuripun Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening dados sarana pakurmatan tumrap arwah leluhuripun inggih menika Syech Abdullah Faqih utawi ingkang kawentar dipunsebat Mbah Kalibening. Mbah Kalibening menika dados leluhuripun Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan Banyumas, Kabuaten Banyumas. Andharan menika jumbuh kaliyan andharanipun informan 06. “iya, menghormati rasa puji dan syukur para waliyulloh-waliyulloh zaman dahulu. Kalo bisa saya meneruskan, kepandiannya, keahliannya dari yang pernah berjuang jaman dulunya untuk Islam.” CLW 06 128 “Inggih ngormati, raos puji syukur para waliyulloh-waliyulloh zaman kala rumiyin. Menawi saged kula nerasaken, kapinteranipun. Keahlianipun saking priyantun ingkang kala rumiyin nate berjuang kangge Islam.” CLW 06 b. Ziarah dados sarana ngalap berkah Anggenipun nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening, para Peziarah menika gadhah ancas. Salah satunggaling inggih menika ngalap berkah. Berkah kawilujengan, katentreman manah saha kabagaswarasan ing gesang padintenan tumrap priyantun ingkang sampun nindakaken ziarah. Miturut andharanipun informan 05. “Tujuan ziarah niku, sebagai pesareyan ingkang sholeh niku nggih kirim donga setelah kirim donga mungkin sebagai perantara. Setelah tiyang dongakaken mbok menawa didongakaken. Contone gadhah tujuan, tujuane nenapa niku nyuwun teng Pangeran tapi cara Islam niku nggih sifate wasilah. Kangge lumantar, donga teng ngriki nyuwun teng Gusti Allah saged kasembadan, niku mboten ateges dhateng pesareyan niku titip utawa nunut, kirim donga. Dados dongakaken teng tiyang pesareyan niku secara hakikat ati nyuwun teng Pangeran ning kula dongakaken ngriku. Mboten kula nyuwun teng pesareyan niku tapi dongakaken teng pesareyan niku supaya dongakaken nyuwun teng Pangeran menapa ingkang dados khajatipun. Niku intine nggih dongakaken.” CLW 05 “Ancasipun ziarah menika, minangka pesaren ingkang sholeh menika inggih ngirim donga. Saksampunipun ngirim donga kamungkinan minangka lumantar. Saksampunipun priyantun ndongakaken mbok menawi dipundongakaken. Tuladhanipun gadhah ancas, ancasipun menapa menika nyuwun wonten ing Pangeran nanging miturut cara Islam menika inggih sipatipun wasilah. Kangge lumantar, ndonga wonten ing ngriki nyuwun dhumateng Gusti Allah saged kasembadan, menika mboten. Ateges rawuh ing pesareyan menika nitip utawi nunut ngrim donga. Dados dongakaken ing priyantun pesareyan menika kanthi cara hakikat manah nyuwun dhumateng Pangeran nanging kula ndongakaken menika. Mboten kula nyuwun ing pesareyan nanging ndongakaken ing pesareyan menika supados ndongakaken nyuwun dhumateng Pangeran menapa ingkang dados khajatipun. Menika intinipun inggih ndongakaken.”CLW 05 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih lumantar saking nindakaken tradhisi ziarah Mbah Kalibening ingkang dipunyektosaken 129 minangka wasilah, peziarah tawasul kanthi nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Tawasul tegesipun peziarah ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos kanthi lumantar Mbah Kalibening. Menika dipunkajengaken arwahipun Mbah Kalibening ingkang sami dipunkirimi donga saged ndongakaken ugi para peziarah ingkang sampun ziarah wonten pesareyan Mbah Kalibening. Amargi Mbah Kalibening dipunpitados priyantun ingkang linangkung. Priyantun ingkang dipuntresnani dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos utawi waliyulloh. c. Ziarah dados sarana nyaketaken dhiri dhumteng Gusti Ingkang Maha Kuwaos Saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening, para peziarah saged langkung nyaketaken pribadhi dhumatrng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saking nindakaken ziarah wonten ing pesareyan, dhiri pribadhi kita dipunemutaken dening kodratipun manungsa ingkang mboten kekal ing donya. Manungsa menika badhe pejah kondur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saking saking menika manungsa kedah nindakaken lampah ingkang sae sarta saged motivasi supados anggenipun ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos langkung tenang, khusyuk amargi wonten ing pesareyan kita tebih saking ramenipun donya. Andharan menika jumbuh kaliyan informan 05. “...disamping memang ziarah niku, kula wonten acara semacam meditasi kados niku, dados maca Alquran, dzikir supaya mboten keganggu lingkungan, anak, bojo kan terganggu ngatenlah. Niku menenangkan diri ngatenlah. ” CLW 05 130 “...kejawi ziarah menika, kula wonten acara kaosdene meditasi menika, dados maos Alqur’an, dzikir supados mboten keganggu lingkungan, putra, semah kados menika. menika kangge nenangaken dhiri kados menika.”CLW 05 Ziarah pesareyan wonten ing pesareyan tokoh ingkang dipunagungaken salah satunggaling wujud sinkritisme Islam saha kejawen inggih menika nindakaken ajaran Islam sarta nindakaken tradhisi kejawen. Kadosdene nyaketaken dhiri pribadhi kita tumrap Gusti Ingkang maha Kuwaos kanthi cara ziarah, lajeng donga-donganipun ingkang dipunwaos inggih menika waosan Al- Qur’an dipunjangkepi kaliyan sesaji-sesaji dening Peziarah ingkang pitados saha waosan khusus saking juru kunci.

2. Paedah Ekonomi