107 pengantar lajeng Mbah Ardjasemita medal lajeng peziarah nglajengaken maos
yasin sarta tahlil piyambak.
d. Ziarah IV
Ing Ziarah IV, dipuntindakaken dening peziarah rombongan saking Purwokerto. Saking cacahipun 15 peziarah ingkang nindakaken lampah Ziarah IV
wonten wolung peziarah ingkang nindakaken urutaning lampah Ziarah IV. Urut- urutanipun lampah ing Ziarah IV kadosdene ing ngandhap menika.
1 Manggihi Juru Kunci
Sakderengipun minggah ing pesareyan Kalibening, rombongan saking Purwokerto menika manggihi Juru Kunci, Bapak Sunaryoko. Sedaya peziarah
ingkang cacahipun 15 peziarah manggihi Bapak Sunaryoko amargi rombongan menika nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ing wekdal ndalu.
Satemah juru kunci ingkang ndampingi peziarah gantos Bapak Sunaryoko, sanes Mbah Ardjasemita.
2 Siram
Saksampunipun manggihi juru kunci, lajeng peziarah minggah ing pesareyan Kalibening. Lajeng 12 peziarah tumuju sumur Kalibening. Wolung
peziarah nindakaken siram ing sumur putra. Peziarah sami gantosn anggenipun siram.
3 Wudlu
Saksampunipun siram, lampah ingkang dipuntindakaken saklajengipun inggih menika wudlu wonten ing sumur barokah. Peziarah ingkang cacahipun 12
menika tumuju sumur barokah kangge nindkaken wudlu.
108 4
Mendhet Toya Barokah Lampah ingkang saklajengipun inggih menika mendhet toya barokah,
peziarah kasebat sampun nyawisaken botol ageng ingkang cacahipun tigang botol kangge madhahi toya barokah menika. Sakderengipun mendhet toya barokah
peziarah maos donga ananging mboten nyawisaken sesaji. Toya barokah ingkang sampun dipunwadhahi botol ageng menika lajeng dipunbekta tumuju pesareyan
Mbah Kalibening supados tumut dipundongakaken. 5
Ziarah ing Pesareyanipun Mbah Kalibening Lampah ingkang saklajengipun inggih menika ziarah wonten ing
pesareyanipun Mbah Kalibening. Rombongan saking Purwokerto kasebat nindakaken ziarah mboten ngginakaken sesaji ugi mboten ngginakaken lumantar
saking juru kunci. Anggenipun maos donga ziarah, rombongan saking purwokerto menika dipunpimpin dening gurunipun utawi ingkang kawentar dipunsebat Kyai.
Donga dipunwaos sesarengan. Donga ingkang dipunwaos inggih menika yasin saha tahlil.
Gb. 48 : Peziarah Rombongan Purwokerto nalika saweg Ziarah Dok.Mifta.
109
e. Ziarah V