114 Anggenipun maknani sesaji ingkang dipunginakaken ing salebeting
tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika adhedhasar asiling wawan rembag kaliyan para informan sarta dipunjangkepi kaliyan teori-teori makna
sesaji ing tradhisi sanesipun ingkang nyengkuyung. Makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening
dipunandharaken kados ing ngandhap menika.
1. Sekar Telon
Sekar telon inggih menika sekar ingkang cacahipun tigang werni. Ing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening sekar telon menika awujud sekar
kanthil, kenanga saha mawar. Adhedhasar andharanipun informan 06 sekar telon ingkang dipunbekta dening Peziarah gadhah teges.
“...dari simbol dari bunga itu membawa keharuman dan dari bunga itu kuncup kemudian mekar, setelah itu kan nanti timbulah sebuah bakal buah
yang kemudian akan menjadi buah jadi nantinya diharapkan dari bunga tersebut menjadikan hasil yang diinginkan seperti itu disamping baunya
harum.
”CLW 06 “...saking simbol sekar inggih menika mbekta raos arum saha saking sekar
ingkang kuncup lajeng mekar gadhah asiling bakal buah ingkang saklajengipun
badhe ndadosaken
woh satemah
mangkenipun dipunkajengaken saking sekar menika ndadosaken hasil ingkang
dipunkajengaken kados menika kejawi wanginipun arum.”CLW 06 Dene miturut andharan informan 2 inggih menika.
“Sekar niku hanya sekedar sebagai wewangian, mboten berarti menapa- menapa. Sifate niku kangge pemberi keharuman pada saat itu.”CLW 05
“Sekar menika namung minangka wewangian, mboten gadhah teges menapa-menapa. Sipatipun menika kangge wewangian ing wekdal
menika.”CLW 05
115 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih sekar
telon menika gadhah teges minangka wewangian ing wekdal menika. Saking sekar kasebat ingkang gadhah sipat arum menika mratandhakaken supados
kekajengan peziarah saged hasil anggenipun ngalap berkah saking nindakaken tradhisi ziarah kasebat.
Sekar telon ingkang wujudipun wonten sekar kanthil, kenanga sarta mawar gadhah teges piyambak-piyambak. Nama sekar menika ngemu teges kadosdene
sekar kanthil ingkang werninipun pethak, dados pralambang raos cinta kasih, tegesipun kanthi laku utawi kumanthil-kanthil tingkah lakunipun ingkang mboten
pedhot, sekar kenanga menika tegesipun keneng-a utawi mengenang utawi ngemut-emut Gusti Allah, para leluhur ing penggalih manungsa kedah eling saha
waspada wonten ing pagesangan. Sekar mawar nggadhahi teges tulus saha kekajengan. Mawar dados lambang kekajengan donya. Mawar tegesipun mawi
arsa, ingkang gadhah makna menapa kemawon ingkang dipuntindakaken kaliayan raos tulus mboten pamrih, satemah sedayanipun dados awar-awar ben tawar
Budi, 2013:14. Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06.
“Ya mungkin katanya kalau ziarah pake kembang itu, do’a kita seharum bunga itulah mungkin, disamping itu juga dengan wanginya bunga itu kita
bisa lebih khusyuk , karena leluhur kita dikenang sebagai waliyulloh yang mempunyai perilaku baik, kita bisa lebih mendekatkan diri pada Gusti
Allah, hati kitapun dari rumah itu harus suci bersih, seperti kembang telon itu.
”CLW 06 “Inggih kamungkinan menawi ziarah ngginakaken sekar menika
donganipun kita arumipun kadosdene sekar menika, sanesipun inggih kanthi wangi sekar menika kita langkung khusyuk, amargi leluhur kita
dipunkenang dados waliyulloh ingkang tata kramanipun sae, kita saged
116 langkung nyaketaken dhiri dhumateng Gusti Allah, manah kita ugi saking
griya kedah suci bersih, kadosdene sekar telon menika.” CLW 06
Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpendhet dudutan menawi sekar telon ingkang awujud sekar kanthil, kenanga saha mawar dados simbol
supados anggenipun nindakaken tradhisi ziarah pesareyan menika peziarah gadhah lampah ingkang sae, kadosdene aruming lampahipun leluhur. Langkung
khusuk sarta tansah emut marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos wondene anggenipun ndonga ngginakaken wasilah ing pesareyan Mbah Kalibening,
peziarah tansah waspada, emut anggenipun nyuwun menika tetep dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, dene Mbah Kalibening menika namung dados
lumantar supados tumut ndongakaken satemah donga ingkang dipunkajengaken saged hasil utawi kasembadan. Kejawi menika sekar telon ingkang
dipuntaburaken ing pesareyanipun Mbah Kalibening menika saged paring endah saha wangi.
2. Pisang