Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening

20

8. Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening

Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening katindakaken dening masarakat Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan Banyumas, Kabupaten Banyumas saha masarakat luar Kabupaten Banyumas. Kadosdene masarakat Purbalingga, Wonosobo, Banjarnegara saha kabupaten sanesipun. Menika saged dipunmangertosi saking buku tamu peziarah pesareyan Mbah Kalibening. Pesareyan Mbah Kalibening menika salah satunggaling pesareyan sepuh wonten ing perbukitan Dhusun Kalibening, Desa Dawuhan, Kecamatan Banyumas, Kabupaten Banyumas. Menawi dipuntrik garis lurus, pesareyan Mbah Kalibening jarakipun kirang langkung 600 meter saking pinggiran lepen Srayu. Menawi saking alun-alun Banyumas kirang langkung gangsal kilo meter arah kilen alun-alun Banyumas sarta nglampahi pesareyan R. Joko Kaiman sekitar 300 meter, lajeng wonten pertigaan belok ing tengen, lajeng belok kiwa nuruti margi. Kirang langkung 200 meter sakderengipun parkir wonten pertigaan, 30 meter arah kiwa menika halaman parkir pendopo. Lurus ing nginggil menika wonten undhak- undhakan tumuju pesareyan Mbah Kalibening. Wonten ing nginggil sekitar pesareyan Mbah Kalibening menika wonten sumur pasucen ingkang toyanipun bening sanget. Sumur pasucen menika tepatipun dipunsebat umbul pasucen amargi tuk aktif ingkang medalaken toya terus ngantos bates nginggil pageripun. Panaliten tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika ngrembag babagan tradhisi ziarah pesareyan ingkang taksih katindakaken dening masarakat panyengkuyungipun. Awit saking menika wonten panaliten ingkang gayut inggih menika panaliten ingkang katindakaken dening Ayu Chandra Dewi warsa 2010 21 kanti irah-irahan “Tradhisi Ziarah Pesareyan Pangeran Samudro Di Gunung Kemukus Desa Pendem Kecamatan Sumberlawang Kabupaten Sragen”. Panaliten Ayu Chandra Dewi gadhah ancas kangge ngandharaken: 1 mula bukaning tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro ingkang wiwitipun saking kahananing Pangeran Samudro ingkang keturunan raja satemah pesareyanipun kathah dipunkunjungi kangge ngalap berkah; 2 prosesi tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro inggih menika Peziarah nyawisaken ubarampe sakderengipun nyekar, dhumateng Juru Kunci lajeng Peziarah nindakaken ziarah wonten ing ndalem pesareyan; 3 ubarambe ingkang kedah dipuncawisaken nalika ziarah wonten ing pesareyan Pangeran Samudro awujud sekar kenanga, mlathi, mawar saha kanthil. Ugi kadang kala dipuntambah irisan godhong pandhan sarta kemenyan; saha 4 fungsi tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro inggih menika fungsi spiritual kangge sarana penghormatan tumrap arwah leluhur, ngalap berkah saha sarana ngabdikaken dhiri dhumateng Sang Pencipta, fungsi sosial sarta ekonomi. Saking andharan ing nginggil, antawisipun panaliten tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening kaliyan tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro wonten perkawis ingkang sami, ing antawisipun sami-sami ngandharaken mula bukanipun tradhisi, ubarampe ingkang kedah dipuncawisaken nalika ziarah pesareyan sarta paedah saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan. Kejawi menika ugi sami- sami ngginakaken pendekatan kualitatif, cara ngempalaken data ngginakaken teknik berperan serta sarta wawancara mendalam, instrument panalitenipun inggih menika human instrument kabiyantu kaliyan alat perekam, 22 kamera saha cathetan lapangan. Cara ngolah data ngginakaken teknik analisis induktif sarta anggenipun ngesahaken data ngginakaken triangulasi metode saha sumber. Bedanipun panaliten tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening kaliyan panaliten tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro inggih menika deskripsi teori ingkang dipunginakaken inggih menika wonten tambahan kabudayan amargi miturut panaliti tradhisi ziarah menika kalebet salah satunggaling wujud kabudayan satemah kedah mbetahaken teori kabudayan kangge nggambaraken tradhisi ziarah menika saha pangertosan ziarah pesareyan Mbah Kalibening supados panaliten sarta pamaos mboten salah tafsir saha langkung mbiyantu panaliten anggenipun ngandharaken pamahaman tradhisi ziarah pesareyan langkung cetha sarta pangertosan akulturasi. Kejawi menika ugi anggenipun nemtokaken informan, menawi wonten ing panaliten tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ngginakaken teknik purposive sampling dene wonten ing panaliten trahisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro ngginakaken teknik snowball sampling. Wekdal anggenipun nindakaken panaliten tradhisi pesareyan Mbah Kalibening inggih menika kalih minggu mliginipun malem Slasa Kliwon sarta malem Jumuwah Kliwon ing wulan April 2014 dene tradhisi pesareyan Pangeran Samudro malem Jumuwah Pon saha malem Jumuwah Kliwon. Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening gadhah ancas kangge ngalap berkah saha ngirim pandonga kangge arwah leluhuripun inggih menika Syech Sayid Abdullah Faqih, penyebar agami Islam ing tlatah Banyumas ingkang dados cikal bakal wontenipun sumur barokah Kalibening 23 satemah piyambakipun dipunsebat Mbah Kalibening dene tradhisi ziarah pesareyan Pangeran Samudro ngalap berkah saha ngrim pandonga kangge arwah Pangeran Samudro ingkang keturunan raja. 24

BAB III CARA PANALITEN