Mula Bukaning Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening

68 warga ingkang sampun nggayuh pendidikan tataran SMA menapa dene jenjang perguruan tinggi.

c. Bab Sistem Religi

Tabel 07. Sistem Religi Desa Dawuhan. Agami Kakung Estri Islam 1084 1010 Kristen 3 4 Jumlah 1.087 Warga 1.014 Warga Sumber : Monografi Desa Dawuhan 2014. Miturut tabel data ing nginggil saking agami Islam saha Kristen warga Desa Dawuhan ingkang ngrasuk agami Islam wonten 2094 dene warga ingkang ngrasuk agami Kristen wonten pitung warga. Data menika saged dipunsengkuyung saking kawontenanipun bangunan- bangunan ingkang kathah ing Desa Dawuhan menika mesjid saha pesareyan- pesareyan Islam. Tradhisi ingkang dipuntindakaken ugi gayut kaliyan agami Islam kadosdene tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening.

B. Mula Bukaning Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening

Tradhizi ziarah pesareyan Mbah Kalibening dumugi sakmenika taksih dipunlestantunaken dening masarakat panyengkuyungipun, mliginipun masarakat Dhusun Kalibening. Kadosdene andharanipun informan 01. “Mula bukaning tradhisi nggih kula teng ngriku saking taun 1986, kula nerusaken ingkang riyin-riyin .”CLW 01 “Mula bukanipun tradhisi inggih kula wonten ngriki wiwit warsa 1986, kula nerasaken ingkang rumiyin.”CLW 01 69 Masarakat sami pitados ngengingi Mbah Kalibening menika priyantun panyebar agami Islam ingkang linangkung. Leluhuripun tlatah Banyumas, mliginipun Dhusun Kalibening ingkang gadhah kekiyatan saking ridhonipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos nalika gesangipun. Masarakat ugi sami pitados menawi Mbah Kalibening menika walinipun Allah satemah nalika Mbah Kalibening seda kathah warga ingkang ziarah wonten ing pesareyanipun Mbah Kalibening. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06. “Asal-usul ziarah pesareyan, namanya orang linangkung biasanya dari masarakat itu menganggap bahwa pesareyan tersebut adalah suatu tempat yang mustajabah untuk berdo’a karena yang dipesareyankan disitu adalah orang yang sudah dekat dengan yang Kuasa yaitu Allah SWT...” CLW 06 “Asal-usul ziarah pesareyan, namanipun priyantun linangkung limrahipun saking masarakat menika gadhah pamahaman menawi pesareyan kasebat inggih menika salah satunggaling papan ingkang mustajabah kangge ndonga amargi ingkang dipunsarekaken inggih menika priyantun ingkang sampun caket kaliyan ingkang Kuasa inggih menika Allah SWT...” CLW 06 Tradhisi ziarah pesareyan menika sampun katindakaken saking warga Dhusun Kalibening saking kala rumiyin ngantos dumugi sakmenika. Ingkang nindakaken ugi mboten namung masarakat Kalibening ananging sakiwa tengenipun daerah Kalibening, ngantos dumugi masarakat luar kutha. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07. “....Niku kan Peziarah kathah saking luar Jawi nggih wonten. Saking luar kutha nggih wonten. Saking Jakarta, saking Bandung, saking Krawang terus saking Sumatra nggih kathah...”CLW 07 70 Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih mula bukaning tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening inggih menika masarakat panyengkuyung tradhisi sami nalurekaken kapitadosan masarakat. Masarakat panyengkuyung tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika sami nerasaken tradhisi sesepuhipun saking jaman kala rumiyin utawi saged dipunwastani tradhisi warisan saking para leluhuripun. Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika salah satunggaling wujud kabudayan ingkang ngewrat ide, gagasan, lampah saha asiling karya manungsa wonten ing pagesangan masarakat, mliginipun masarakat Dhusun Kalibening ingkang dipundadosaken kagunganipun masarakat Dhusun Kalibening. Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening sipatipun ugi tradisional amargi anggenipun nyebaraken ing masarakat menika kanthi lisan, tetep saha bentukipun standar. Anggenipun nyebaraken ugi sampun dangu sampun langkung kalih taun sarta pangripta ingkang kapisanan mboten dipunmangertosi malih, satemah masarakat panyengkuyungipun ngraosaken kagunganipun tradhisi ziarah pesareyan menika kolektif. Saking ciri-ciri kasebat tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening saged dipunsebat folklor. Menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Danandjaja 2007:3 ngengingi titikanipun folklor ingkang sampun dipunandharaken ing bab gegaran teori. Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening sampun katindakaken saking kala rumiyin dumugi sakmenika kanthi turun temurun, saking sesepuhipun menika gadhah tumindak saha wonten perkawis ingkang dipuncawisaken kangge 71 nindakaken tradhisi menika. Sedaya menika wujud kapitadosan pribadhi panyengkuyung nalika nindakaken tradhisi supados tradhisi ingkang dipuntindakaken langkung trep kaliyan batinipun. Tradhisi ugi gadhah paedah kangge masarakat panyengkuyungipun. Kawontenanipun tumindak saha perkawis anggenipun nindakaken tradhisi ndadosaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening mboten gampil ical saking masarakat. Kadosdene tradhisi-tradhisi sanesipun, tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening wonten prosesi ingkang kedah dipuntindakaken nalika badhe nindakaken tradhisi menika. Prosesi tradhisi ziarah pesareyan sajatosipun sami saking tradhisi ziarah setunggal kaliyan tradhisi ziarah sanesipun. Ananging saben tradhisi ziarah pesareyan ing daerah tartamtu gadhah lampah ingkang mbedakaken. Menika ingkang dados ciri khasipun saben daerah. Wonten ing panaliten menika badhe dipunandharaken prosesi tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening wonten ing Desa Kalibening, Dhusun Kalibening, Kecamatan Banyumas, Kabupaten Banyumas.

C. Prosesi Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening