12 dipunwarisaken kanthi cara lesan dene tradhisi non lisan menika tradhisi ingkang
wujudipun sanes lesan ananging awujud artefak. Salah satunggaling wujud tradhisi lisan inggih menika tradhisi ziarah
pesareyan Mbah Kalibening. Panyebaran tradhisi menika dipunsebaraken kanthi lisan sarta anggenipun nindakaken tradhisi menika wonten lampah saha cecawis
ingkang dipuncawisaken sarta donga ingkang dipunwaos nalika nindakaken tradhisi kasebat. Sedaya tindakan, cecawis sarta donga menika kalebet wujud
unsur kegiyatan wonten ing upacara tradhisional. Koentjaraningrat 1990:378 ngandharaken bilih.
Unsur-unsur kagiyatan wonten ing upacara tradhisional antawisipun: a sesajen; b maringi kurban; c donga; d dhahar sesarengan dhaharan
ingkang sampun dipunsucekaken kaliyan donga; e nari tarian suci; f nembang tembang suci; g nindakaken prosesi utawi pawai; h
nindakaken seni drama suci; i puasa; j intoksinasi utawi mabok, trance; k mertapa; saha l semedhi.
Upacara menika limrahipun gadhah ancas wujud sukur, wujud hormat
sarta panyuwunan kasarasan priyantun dhumatheng Gusti lumantar leluhuripun. Wontenipun upacara tradhisional wigati kangge pambinaan sosial budaya warga
masarakat ingkang gadhah fungsi pengokoh norma-norma sarta nilai nilai budaya ingkang sampun kalaksanakaken kanthi turun temurun Purwadi, 2005.
4. Pangertosan Ziarah Pesareyan
Salah satunggaling tradhisi masarakat Jawi mliginipun masarakat ingkang ngrasuk agami Islam ingkang taksih dipuntindakaken inggih menika tradhisi
ziarah pesareyan.
13 Ruslan 2007:6 ngandharaken menawi ziarah inggih menika aktivitas
kunjungan dhumateng priyantun ingkang sampun pejah , inggih menika lumantar
pesareyanipun.
KBBI 2001 : 1280 ngandharaken: “zi·a·rah 1 n kunjungan ke tempat yg
dianggap keramat atau mulia pesareyan dsb; 1ma·kam n 1 kubur: mengantarkan jenazah ke --; 2 pekuburan.
” Makam wonten ing basa Jawi inggih menika panyebatan ingkang
langkung inggil hormat dhateng pesareyan, salah satunggaling tembung aran ingkang asalipun saking tembung kriya sare Ruslan, 2007:64.
Saking andharan ing nginggil saged dipunpendet dudutan menawi tradhisi ziarah pesareyan menika tradhisi sowan wonten ing pesaren ingkang
dipunkramataken dening masarakat kanthi ngrim donga saha nindakaken lampah ingkang sampun dipuntemtokaken caranipun.
Tradhisi ziarah pesareyan ingkang dipuntindakaken inggih menika ziarah wonten ing pesareyan priyantun kekalih saha para wali utawi tokoh agami Islam
ingkang dipunpitados saged paring barokah. Para wali inggih menika tokoh ingkang gadhah jasa ing panyebaran agami Islam ing Indonesia Ruslan,
2007:15. Tradhisi ziarah pesareyan kasebat minangka wasilah utawi tawassul.
Ruslan 2007:8 ngandharaken bilih “Kata Tawassul berasal dari bahasa Arab
Asli, Taqqorub mendekat yang artinya mendekat kepada yang dituju dan mencapainya dengan keimanan keras
.”
14 Saking andharan ing nginggil kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih
tradhisi ziarah pesareyan ingkang dipunlampahaken dening masarakat menika tradhisi sowan ing pesaren tokoh agami ingkang dipunpitados paring berkah sarta
minangka lumantar anggenipun masarakat panyengkuyung tradhisi ngalap berkah, nyuwun berkah kangge kasarasan saha karaharjan utawi kangge kawigatosan
pribadi wonten ing ngalam donya menika.
5. Sesajen