Sumber Data Panaliten Caranipun Ngempalaken Data

25 ubarampe utawi sesaji ingkang kedah dipuncawisaken, makna simbolik sesaji ingkang dipuncawisaken saha piwulangipun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening tumrap para peziarah saha masarakat sakiwa tengenipun pesareyan Mbah Kalibening sarta wujud akulturasi wonten ing sajroning tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening.

B. Setting Panaliten

Panaliten tradhisi pesareyan Mbah Kalibening dipuntindakaken wonten ing Dhusun Kalibening Desa Dawuhan Kecamatan Banyumas Kabupaten Banyumas. Tradhisi ziarah pesareyan dipuntindakaken kalih minggu, mliginipun dinten Slasa Kliwon sarta Jumuwah Kliwon ing wulan April 2014.

C. Sumber Data Panaliten

Miturut pamanggihipun lofland lumantar Moleong 2010: 157 sumber data utami wonten ing panaliten kualitatif inggih menika tembung-tembung, sarta tindakan, ingkang saklangkungipun inggih menika data tambahan kadosdene dokumen sarta sanes-sanesipun. Sumber data wonten ing panaliten menika saking informan. Informan inggih menika priyantun ingkang kagungan seserepan saha pengalaman ingkang jangkep ngengingi babagan ingkang nembe dipuntliti. Informan ing ngriki kadosdene peziarah, juru kunci saha warga Kalibening. Teknik ingkang dipunginakaken kangge nemtokaken informan wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik purposive sampling. Teknik purposive 26 sampling inggih menika teknik nemtokaken informan ingkang dipunanggep mumpuni wonten ing perkawis ingkang nembe dipuntliti Sugiyono, 2010. Supados panaliti pikantuk informan ingkang mumpuni, pramila dipunginakaken key informan. Informan ingkang katemtokaken dados key informan inggih menika juru kunci pesareyan Mbah Kalibening inggih menika Mbah Ardja Semita amargi juru kunci menika mangertos sinten kemawon ingkang ziarah wonten ing pesareyan Mbah Kalibening menika. Data wonten ing panaliten menika awujud cathetan lapangan observasi, saha saking transkrip asiling wawancara utawi pirembagan saking para informan.

D. Caranipun Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik berperan serta observasi berpartisipasi saha wawancara mendalam Sugiyono, 2010: 309. 1. Teknik berperan serta observasi berpartisipasi Wonten ing teknik observasi berpartisipasi panaliti kedah aktif nalika ngempalaken data wonten ing lapangan sarta tumut langsung wonten ing lampahing tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ingkang dados objek panaliten supados panaliti pikantuk data ingkang cetha sarta mboten diragukaken malih amargi asiling data-data kalawau menika asiling pengalaman panaliti piyambak kanthi cara langsung wonten ing lapangan. Asiling pengamatan menika dipundadosaken dhasaring data kangge wawancara sarta observasi saklajengipun. 27 2. Wawancara mendalam Inggih menika pirembagan antawisipun panaliti saha informan kangge tuker informasi saha ide mawi pitakenan saha wangsulan, satemah saged dipunmangertosi makna satunggaling topik ingkang sampun katemtokaken. Pirembagan menika dipuntindakaken kanthi terbuka. Terbuka wonten ing ngriki tegesipun informan mangertos bilih panaliti menika nembe pirembagan saha informan mangertos ancasipun pirembagan menika. Panaliti nindakaken pirembagan kanthi mendalam ngginakaken pitakenan-pitakenan adedhasar saking observasi ingkang sampun katindakaken. Dene informan ingkang badhe dipunsuwuni informasi sampun dipuntemtokaken sakderengipun.

E. Pirantining Panaliten