Bab Kependudukan Paraga Tradhisi Ziarah Pesareyan Mbah Kalibening

63 Andharan ing nginggil menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 “Masarakat ngriki Kalibening nggih Alhamdulillah mereka semua masih sangat percaya dengan adanya Mbah Kalibening disini. Adapun mereka mengadakan kegiyatan apapun pasti berziarah dahulu teng pesareyan Mbah Kalibening.... ”CLW 06 “Masarakat ing ngriki Kalibening inggih Alhamdulillah, masarakat sami pitados ngengingi kawontenan Mbah Kalibening ing ngriki. Masarakat sami nindakaken kegiyatan menapa mawon mesthi ziarah rumiyin wonten pesareyan Mbah Kalibening...”CLW 06 Dhusun Kalibening kalebet wonten ing wilayah Desa Dawuhan. Supados mangertos langkung cetha babagan kawontenan Desa Dawuhan ing ngandhap menika badhe kaandharaken data monografi Desa Dawuhan. Data menika saperlu kangge mangertosi kawontenaning para paraga tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening.

a. Bab Kependudukan

Warga Desa Dawuhan gunggungipun wonten 2081 jiwa, kadadosan saking 1078 jiwa kakung saha 1006 jiwa estri kanthi kepala kulawarga 594 KK. Ing ngandhap menika tabel warga Desa Dawuhan adhedahasar yuswa. Tabel 01. Komposisi Penduduk adhedhasar Yuswa. Yuswa Kakung Estri Yuswa Kakung Estri 0-12 sasi 5 12 39 warsa 15 13 1 warsa 13 13 40 warsa 10 12 2 warsa 18 15 41 warsa 13 18 3 warsa 15 15 42 warsa 15 16 4 warsa 19 15 43 warsa 14 11 5 warsa 9 15 44 warsa 16 23 6 warsa 19 20 45 warsa 10 15 7 warsa 32 20 46 warsa 17 14 8 warsa 18 11 47 warsa 15 5 9 warsa 14 17 48 warsa 10 16 10 warsa 11 12 49 warsa 9 10 11 warsa 16 11 50 warsa 13 9 12 warsa 20 17 51 warsa 13 14 13 warsa 14 20 52 warsa 7 7 64 Tabel saklajengipun. Yuswa Kakung Estri Yuswa Kakung Estri 14 warsa 23 20 53 warsa 17 14 15 warsa 10 8 54 warsa 12 13 16 warsa 14 14 55 warsa 6 10 17 warsa 15 17 56 warsa 6 13 18 warsa 12 12 57 warsa 9 5 19 warsa 16 12 58 warsa 16 7 20 warsa 21 13 59 warsa 10 8 21 warsa 20 13 60 warsa 7 3 22 warsa 18 13 61 warsa 17 16 23 warsa 12 22 62 warsa 3 6 24 warsa 17 12 63 warsa 4 9 25 warsa 20 17 64 warsa 3 2 26 warsa 18 16 65 warsa 3 1 27 warsa 16 15 66 warsa 7 17 28 warsa 27 14 67 warsa 3 6 29 warsa 24 21 68 warsa 8 8 30 warsa 30 23 69 warsa 1 4 31 warsa 21 23 70 warsa 1 2 32 warsa 24 24 71 warsa 10 5 33 warsa 17 17 72 warsa 3 4 34 warsa 14 16 73 warsa 7 6 35 warsa 26 24 74 warsa 2 5 36 warsa 25 14 75 warsa 6 3 37 warsa 25 17 ≥ 75 warsa 35 25 38 warsa 17 18 Total 1078 warga 1006 warga Sumber : Monografi Desa Dawuhan 2014. Saking data ing nginggil saged dipunmangertosi menawi warga ingkang nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening inggih menika warga ingkang kagolong yuswanipun 17 - ≥ 75 warsa, dene sesepuh ingkang langkung mangertos mula bukaning tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ingkang kagolong yuswanipun 40- ≥ 75 warsa. Pakaryan warga Desa Dawuhan ugi mawarni-warni. Ing ngandhap menika tabel data jinising pakaryan warga Desa Dawuhan. 65 Tabel 05 : Jinising Pakaryan Warga Desa Dawuhan. Jinising Pakaryan Kakung Estri Ahli pengobatan Alternatif 1 3 Arsitektur utawi desainer 1 Buruh harian Lepas 277 55 Buruh tani 29 Dukun tradisional 2 Ibu Rumah Tangga 480 Karyawan 42 28 Montir 8 Pedagang 4 18 PNS 4 3 Pelajar 133 98 Pramuwisma 15 Pengrajin 5 2 Pengusaha 16 1 Prangkat Desa 8 2 Perawat 1 1 Petani 260 15 PurnawirawanPensiunan 4 3 Mboten gadah pakaryan tetep 90 32 Jlagra 17 Undhagi 13 Jumlah total penduduk 1671 warga Sumber : Monografi Desa Dawuhan 2014. Saking tabel ing nginggil menika saged kaandharaken menapa kemawon jinis-jinis pakaryan masarakat Desa Dawuhan. Data jinising pakaryan penduduk menika saperlu kangge mangertosi kawontenanipun jinising pakaryan para paraga tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Saking mawarni-warni jinising pakaryan masarakat Desa Dawuhan, masarakat Desa Dawuhan menika taksih nguri-nguri budaya tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Ziarah menika wujud tradhisi masarakat Desa Dawuhan kangge ngormati leluhuripun, satemah nalika badhe wonten kegiyatan kadosdene ingkang gegayutanipun kaliyan makarya, masarakat Desa Dawuhan gadhah rutinan ziarah wonten pesareyan Mbah Kalibening. Masarakat sami 66 ndongakaken arwah leluhuripun saha nyuwun donga restu kangge lancaripun makarya lumantar ziarah ing pesareyan leluhuripun, inggih menika pesareyan Mbah Kalibening. Andharan menika jumbuh kaliyan andharanipun Bapak Rudin wonten ing CLW 05. Paraga tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ugi mboten namung saking masarakat satempat ananging priyantun saking manca Desa Dawuhan ingkang pitados dening kawontenanipun pesareyan Mbah Kalibening ingkang dados papan ziarah ugi nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening. Kadosdene masarakat sakiwa tengenipun Desa Dawuhan, inggih menika priyantun saking Banjarnegara, Purwokerto, Purbalingga , Bandung , Jakarta, ugi priyantun saking luar Jawi kadosdene Sumatra saha Kalimantan sarta manca nagari kadosdene Malaysia. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07. “Niku kan Peziarah kathah.saking luar Jawi nggih wonten. Saking lur kutha nggih wonten. Saking Jakarta, saking Bandung, saking Krawang terus saking Sumatra lan Kalimantan nggih kathah. Sing saking luar nagari ya nate ngriki, kaya priyantun Malaysia. Kadang-kadang nguja saking Sumatra ngriki nggih ziarah. Padahal sampun pinten taun, gangsal taun mboten ngriki kemutan ngriki malih karna riin nate ziarah ngriki terus karna kesIbukan atau gimana. Biasanya kalau lagi dalam kesulitan baru ingat ngriki malih ngoten niku.” CLW 07 “Menika Peziarah kathah saking luar Jawi inggih wonten. Saking Luar kutha nggih wonten. Saking Jakarta, saking Bandung, saking Krawang terus saking Sumatra saha Kalimantan inggih kathah. Ingkang saking luar nagari inggih nate ziarah ngriki kadosdene priyantun Malaysia. Kadang kala sengaja saking Sumatra menika inggih ziarah. Wondene sampun pinten warsa, gangsal warsa mboten ngriki kengetan malih amargi rumiyin nate ziarah ngriki lajeng amargi kesIbukan utawi kadospundi. Limrahipun menawi saweg kesusahan enggal kengetan ngriki malih kados menika.”CLW 07 67 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan menawi masarakat panyengkuyung tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening mboten namung masarakat Desa Dawuhan, ananging Peziarah saking maneka daerah lajeng mboten namung saking dalam nagari kemawon ananging ingkang saking luar nagari ugi wonten. Adhedhasar jinising pakaryan saha yuswanipun ingkang gadhah kabetahan piyambak-piyambak, panyengkuyung tradhisi ziarah pesareyan nindakaken tradhisi menika kangge wujud nyuwun donga restu dhumateng arwah leluhur supados tumut ndongakaken anggenipun makarya sarta ngalap berkah saking nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening kasebat.

b. Bab Tataran Pendidikan