Paedah Ekonomi Paedah Sosial

130 “...kejawi ziarah menika, kula wonten acara kaosdene meditasi menika, dados maos Alqur’an, dzikir supados mboten keganggu lingkungan, putra, semah kados menika. menika kangge nenangaken dhiri kados menika.”CLW 05 Ziarah pesareyan wonten ing pesareyan tokoh ingkang dipunagungaken salah satunggaling wujud sinkritisme Islam saha kejawen inggih menika nindakaken ajaran Islam sarta nindakaken tradhisi kejawen. Kadosdene nyaketaken dhiri pribadhi kita tumrap Gusti Ingkang maha Kuwaos kanthi cara ziarah, lajeng donga-donganipun ingkang dipunwaos inggih menika waosan Al- Qur’an dipunjangkepi kaliyan sesaji-sesaji dening Peziarah ingkang pitados saha waosan khusus saking juru kunci.

2. Paedah Ekonomi

Paedah ekonomi mujudaken paedah ingkang wonten gayutipun kaliyan pamedaling warga masarakat. Kanthi tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ingkang sampun katindakaken dening masarakat panyengkuyungipun, limrahipun masarakat Kalibening saged ningkataken pedamelanipun masarakat satempat. Wontenipun tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening ndadosaken desa menika dados desa wisata religi, saking para peziarah ingkang rawuh saged paring pamasukan tumrap masarakat desanipun. Menika saged ketingal saking kawontenanipun koprasi desa wonten ing komplek ngajeng Pesareyan Kalibening. Peziarah pesareyan Mbah Kalibening ingkang mbetahaken perkawis saged mundhut wonten ing koprasi desa menika. Asiling koprasi menika saged kangge pamasukan desa. 131 Tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening menika ugi dados tambahan penghasilan dening Mbah Ardjasemita saha Bapak Sunaryoko ingkang dados juru kunci pesareyan Mbah Kalibening. Peziarah ingkang sami ziarah limrahipun ngaturaken arto seikhlasipun kangge juru kunci saksampunipun ziarah. Sanesipun menika saking kathahing peziarah ingkang mbekta kendaraan mbetahaken tukang parkir kangge markiraken kendharaanipun. Saking kahanan menika saged mbikak tambahan pedamelan dening warga setempat dados tukang parkir. Kanthi cara mboten langsung menika mangribawani dhateng mindakipun ekonomining warga masarakat sekiwa tengenipun pesareyan Mbah Kalibening.

3. Paedah Sosial

Inggih menika paedah ingkang gegayutanipun kaliyan sesambetan antawisipun priyantun setunggal kaliyan sanesipun. Masarakat ingkang nindakaken tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening limrahipun menika gadhah donga utawi ancas piyambak-piyambak. Saking donga utawi ancas igkang sampun kagayuh para ziarah kadang kala ndamel tumpeng kangge wujud sukuran. Kadosdene andharanipun informan 01. “nggih priyantun sami ngriki malih, wonten ingkang damel tumpeng di bekta ngriki kangge sukuran.” CLW 01 “Inggih priyantun sami rawuh ngriki malih, wonten ingkang damel tumpeng dipunbekta wonten ngrki kangge sukuran.”CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening andharanipun informan 05 “masarakat teng ngriki nggih sering ziarah, hla niku kadang kadang gadhah rutinan. Menapa setaun sepindah, menapa pinten sasi, menapa saben badhe wonten hajat niku nggih sering dalam arti niku contone kados niki mawon anake niku badhe usaha teng luar nagari, niku ziarah. Bar 132 ziarah nyuwun berkaeh, ndongani anak, nyuwun ngapura niku dugi wangsul teng nggriya. Nek sing gadhah, tangga teparo ngadakaken sukuran. Sukuran, dikumpulaken tanggane ken rubungan tahlilan. Sukuran niku bahwa ngrim donga teng Mbah Kalibening saraning anak kula ajeng nyambut damel teng Malaysia, Singapura, menapa badhe usaha ndaftar damel menapa, usaha pedagang menapa tani menika tergantung khajatipun dados menika tradhisi wonten masarakat.” CLW 05 “masarakat wonten ing ngriki inggih asring ziarah, menika kadang kala gadhah rutinan. Menapa setaun sepindah, menapa pinten sasi, menapa saben badhe wonten hajat menika inggih asring, tegesipun menika tuladhanipun kados menika mawon. Putranipun menika badhe nyambut damel wonten ing luar nagari, menika ziarah. Saksampunipun ziarah menika nyuwun barokahipun, ndongani putranipun, nyuwun pangapunten menika dumugi wonten ing ndalem. Menawi priyantun ingkang gadhah, tangga teparo menika ngawontenaken sukuran. Sukuran, dikempalaken tangganipun supados nindakaken tahlilan. Sukuran wujud ngirim donga marang Mbah Kalibening, sarananing putra kula badhe nyambut damel ing Malaysia, Singapura, menapa badhe usaha ndaftar damel menapa, usaha pedagang menapa tani menika gumantung khajatipun dados menika tradhisi wonten ing masarakat.”CLW 05 Saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan menawi paedah sosial saking tradhisi ziarah pesareyan Mbah Kalibening inggih menika saged dados sarana sesrawungan antawisipun peziarah, juru kunci sarta warga setempat satemah menika saged ningkataken silaturahmi tumrap masarakat panyengkuyungipun, amargi saking rutinan anggenipun nindakaken ziarah menika peziarah sami tepang, sami rukun saha sami berbagi rejeki dhateng sanesipun lumantar sukuran menika.

4. Paedah Pelestari Tradhisi