Bulik Ratu nuduh Bu Woron menika nyelewengaken arta

kulawarganipun Pak Sunar menika asring tumindak ingkang kirang sopan. Tumindakipun Bulik Ratu ingkang kirang sopan murugaken konflik sosial antawisipun dipundukani kalihan Yang Tri, padudon, dados rerasanipun tiyang- tiyang sanes lan sanesipun. Bulik Ratu menika ugi sombong kalihan tiyang sanes. Wonten ing ngandhap menika pawadan-pawadan ingkang murugaken konflik saking tumindakipun Bulik Ratu.

k. Bulik Ratu nuduh Bu Woron menika nyelewengaken arta

Bulik Ratu sanajan tamu wonten ing dalemipun Pak Sunar ananging sampun rumaket kalihan Yang Tri. Nalika semanten sabibaripun dipuntilar donya dening Bu Woron, Yang Tri kalihan Bulik Ratu badhe reresik kamaripun Bu Woron. Nalika reresik menika Bulik Ratu kemutan bilih rumiyin sasampunipun Bu Woron tilar donya manggihaken kuitansi ingkang seratanipun selawe yuta. Nalika kemutan babagan menika Bulik Ratu banjur matur kalihan Yang Tri yen Bu Woron salaminipun krama kalihan Pak Sunar menika gadhah selingkuh kalihan tiyang sanes. Sanajan wekdal semanten Pak Sunar ingkang dipunsuwuni pirsa babagan kuitansi menika mangsuli bilih kuitansi menika kuitansi kantor ingkang dipunbeta dening Bu Worn lan Pak Sunar menika kesupen babagan kuitansi sateamh dereng dipunbeta dhateng kantor. Ananging Bulik Ratu menika boten pitados kalihan wangsulanipun Pak Sunar kepara malah nuduh yen Bu Woron menika selingkuh. Mireng yeng Bulik Ratu gadhah pemanggih bilih Bu Woron selingkuh Yang Tri duka banjur ndukani Bulik Ratu. Ing ngandhap menika pethikan data saking pawadan menika. “ Budhe, budhe, budhe Mbak Woron kuwi ya durung karuwan suci tenan lo Dakkira dheweke ya nylingkuhake dhuwit, nylingkuhake bandha. Aku kok isih ra percaya, kwitansi apa resi penggiriman dhuwit selawe yuta menyang BRI ngunut kae jare bisnise Mas Sunar. Wong bisnis kantor kok kwitansine sing nyimpen Mbak Woron. Paling-paling kuwi bisnise Mbak Woron, bisnis selingkuh an.” CC : kaca 348 Saking pethikan data wonten ing nginggil menika Yang Tri duka awit saking pemanggihipun Bulik Ratu ingkang nuudh yen Bu Woron menika selingkuh. Ingkang dipunandharaken Bulik Ratu menika boten wonten buktinipun bilih Bu Woron menika selingkuh. Pak Sunar minangka garwanipun Bu Woron ugi pirsa babagan kuitansi menika. Satemah Yang Tri duka kalihan Bulik Ratu lan pepenginanipun ndadosaken Bulik Ratu dados mantunipun ugi dados boten manteb awit saking sikapipun Bulik Ratu ingkang remen nyanpuri ingkang dados preakwisipun tiyang sanes lan boten pitados kalihan andharanipun Pak Sunar.

l. Tumindakipun Bulik Ratu ingkang boten sopan nalika wonten