Caranipun Nganalisis Data Validitas saha Reliabilitas

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data ingkang dipunginaaken wonten ing panaliten menika panaliten teknik deskriptif. Teknik deskriptif menika dipuntindhaaken kanthi langkah- langkah : 1. Terapan teori, inggih menika ngetrapaken teori ingkang wonten kangge manggihaken data 2. Kategorisasi. Data dipunpilah jumbuh kalihan kerja panaliti inggih menika mujudaken konflik sosial, pawadan konflik sosial saha anggenipun paraga nalika manggihaken konflik 3. Tabulasi inggih menika penabelan menika kangge ngandharaken data ingkang wujud tabel 4. Analisis data, menika saking pengelompokan data saha dipunanalisis kanthi cara deskriptif 5. Inferensi inggih menika ngempalaken hasilipun analisis kasebat.

F. Validitas saha Reliabilitas

Validitas ingkang dipunginaaken wonten ing panaliten menika validitas semantik saha validitas referensial. Validitas semantik menika miturut Endraswara 2011: 164 kanthi maksud dados pemahaman data jumbuh kalihan konteks, ukara saha saged ningali data ingkang awujud kutipan babagan konflik sosial ingkang saged dipunmaknai jumbuh kalihan konteksipun. Menika dipunpanggihaken kanthi data awujud ukara, tembung, wacana, dialog, monolog, deskripsi penganggit saha gegayutanipun antawisipun paraga satunggal kalihan paraga sanesipun. Menika kalawau kangge mangertosi konflik sosial ingkang jumbuh kalihan konteksipun. Lajeng ingkang asebat validitas referensial inggih menika dipunginaaken kangge ngukur kadospundi data menika sampun jumbuh kalihan referensi ingkang wonten. Validitas referensial menika nyocogaken antawisipun data kalihan referensi . Kangge ngukur reliabiltas menika panaliten minangka dipunginaaken intarater kathi maos ingkang tliti saha nliti objek saha subjek panaliten kanthi makaping- kaping satemah kangge manggihaken data ingkang konsisten. Ugi ngginaaken reliabitas interter kanthi diskusi kalihan kanca ingkang panaliten babagan sosiologi sastra. 30

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Ringkesan Cariyos

Novel Clemang-Clemong menika nyariosaken Abyor lare alit umur sekawan taun ingkang sampun dipuntilar donya dening Ibunipun. Ananging saderengipun seda Ibu Woron Ibunipun Abyor paring piweling dhateng Abyor bilih Pak Sunar Bapakipun Abyor saged krama malih satemah Abyor gadhah Ibu malih. Sabibaripun dipuntilar donya dening Ibu, Abyor sampun celak kalihan Mbak Wulan, Mbak Wulan ugi sampun bilih dados Ibu tirinipun Abyor. Pak Sunar ugi remen yen Mbak Wulan dados garwanipun, ananging Yang Tri Eyang putrinipun Abyor boten sarujuk yen Mbak Wulan dados garwanipun Pak Sunar lan dados Ibunipun Abyor. Amargi miturut Yang Tri Mbak Wulan sanes tiyang estri ingkang becik, ingkang namung badhe mendhet bandhanipun Pak Sunar. Pak Sunar minangka Direktur perusahaan ageng nggadahi sekretaris Mbak Nora. Abyor ugi sampun tepang kalihan Mbak Nora, Abyor menika ugi sampun remen kalihan Mbak Nora. Mbak Nora nate dipunsuwun Abyor supados purun ngeteraken Abyor nalika Abyor sekolah. Pak Sunar inggih sampun kersa bilih Mbak Nora dados sisihanipun, ananging Mbak Nora ugi boten tiyang estri sae, menika amargi Mbak Nora gadhah sesambetan kalihan klienipun Pak Sunar. Yang Tri menika keponakan ingkang wonten ing Semarang ingkang asma Bulik Ratu. Bulik Ratu menika remen kalihan Pak Sunar, Bulik Ratu kepengin dados garwanipun Pak Sunar. Yang Tri pun ugi sarujuk bilih Bulik Ratu saged sesambetan kalihan Pak Sunar. Nalika sesampunan acara mendhak sepisan Bu