Paraga Wonten Ing Karya Sastra

Wonten ing novel Clemang- Clemong wontenipun konflik antawisipun Abyor kalihan Eyang Putrinipun. Abyor lare 5 taun ingkang sampun katilar donya kalihan Ibunipun menika badhe pados Ibu malih supados saged ngrencangi Abyor dolanan saha sekolah. Wonten ing novel menika dipuncariyosaken nalika Abyor milih tiyang estri supados dados Ibu tirinipun saha Eyang Putrinipun Abyor ugi pados calon Ibu tirinuipun Abyor saha garwanipun Pak Sunar. Ananging sanajan sami- sami pados Ibu pepenginanipun Abyor saha Eyang Putri menika benten menika ingkang nyebabaken konflik wonten ing cariyos menika. Dipuntambahi saking sipatipun Bulik Ratu ingkang mbujuk- mbujuki Eyang Putri supados njodohaken dhirinipun kalihan Pak Sunar.

4. Paraga Wonten Ing Karya Sastra

Jones lumantar Nurgiyantoro, 2007: 165 ngnadharaken bilih penokohan inggih menika gambaran sosok ingkang dipunginaaken wonten wonten ing salebeting cariyos. Paraga menika wigatos sanget wonten ing salebeting novel utawi cariyos amargi saking paraga menika, penganggit badhe ngandharaken utawi paring piwulang ingkang dipunsengaja kangge pemaos. Paraga wonten ing salebeting cariyos menika pengembangan saking pemikiran penganggit. Saha saking paraga menika saged paring pengaruh dhumateng caroyosipun. Ananging sanajan namung paraga ingkang fiktif utawi paraga ingkang boten nyata ananging paraga reriptaannipun penganggit ugi gadhah „roh’ supados sami kalihan tiyang ingkang nyata ingkang gadhah perasaan. Ananging sikap saking paraga reriptaamipun penganggit menika kedahipun limrah kalihan sanesipun. Satemah miturut Nurgiyantoro 2007:168 paraga menika kedahipun limrah, relevan ugi jumbuh kalihan kasunyatannipun saha wonten kemiripanipun kalihan pagesangan ingkang nyata. Dados wontenipun paraga ingkang wonten ing salebeting novel menika limrahipun karakteripun ugi dipuncocogaken kalihan karakter tiyang limrah wonten ing pagesangan sanajan menika namung cariyos fiktif. Wonten ing salebeting cariyos menika paraga dipunperang dados paraga utama kalihan paraga tambahan saha paraga protagonis kalihan paraga antagonis. Paraga utama miturut Nurgiyantoro 2007: 177 paraga utama inggih menika paraga ingkang langkung kathah dipuncariyosaken wonten ing salebeting cariyos, paraga ingkang dados pelaku prastawa menapa ingkang nglampahi prastawa menika kalawau. Paraga utama menika boten namung satunggal wonten ing salebeting cariyos menika saged langkung saking satunggal paraga. Paraga tambahan wonten ing salebeting cariyos menika paraga ingkang bantu paraga utama anggenipun nglamapahi prastawa- prastawa ingkang wonten. Salajengipun paraga protagonis saha paraga antagonis. Paraga protagonis inggih menika miturut Altenbernd saha Lewis lumantar Nurgiyantoro 2007: 178 tokoh ingkang pemaos kagumi, tokoh ingkang dipungadhang- gadhang ugi sinebat tokoh hero, tokoh ingkang nglampahi norma- norma saha pariing piwulang wonten ing salebeting cariyos. Paraga protagonis menika tokoh ingkang nglampahi prastawa- prastawa ingkang wonten menika jumbuh kalihan penggalihipun pemaos. Miturut Nurgiyantoro 2007: 179 tokoh antagonis inggih menika tokoh ingkang nyebabaken konflik wonten ing salebeting cariyos. Tokoh antagonis menika tokoh ingkang sipatipun kosok balen saking tokoh protagonis. Ananging saking tokoh antagonis menika salah satunggaling cariyos menika dados cariyos ingkang sae. Wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong menika ingkang dados paraga utama saha paraga protagonis inggih menika Abyor, Pak Sunar saha Mbak Jujur minangka centralipun cariyos. Ananging ugi wonten paraga utama saha paraga antagonis inggih menika Eyang Putri. Salajengipun ingkang dados paraga tambahan antagonis inggih menika Bulik Ratu.

B. Panaliten Ingkang Jumbuh