Abyor boten enggal-enggal brobos wonten ing sangandhapipun Anggenipun Abyor mbrobos trebela kaping 4

gadhah pepenginan yen Bulik Ratu menika saged krama kalihan Pak Sunar. Menapa malih Bulik Ratu menika tresna sanget kalihan Pak Sunar, satemah Yang Tri mireng yen Abyor kathah cariyos babagan Mbak Wulan dhateng Bulik Ratu, Yang Tri banjur ndukani Abyor. Nalika Ibunipun Abyor tilar donya menika wonten acara brobosan. Abyor minangka putranipun Bu Woron ingkang nindakaken acara brobosan kalawau. Amargi taksih alit lan nembe sepisan Abyor boten mangertos menapa ingkang kedah dipuntindakaken nalika acara brobosan. Nalika acara brobosan menika Abyor asring sanget dipundukani kalihan Yang Tri lan Bulik Ratu. Wonten ngandhap menika kalih pawadan babagan sikapipun Abyor nalika brobosan.

i. Abyor boten enggal-enggal brobos wonten ing sangandhapipun

trebela Amargi boten mangertos badhe kadospundi Abyor taksih bingung ingkang dipunwastani brobosan menika kadospundi. Abyor nalika sepisanan dipundhawuhi brobosan taksih mendel kemawon, amargi boten enggal-enggal brobosan Yang Tri ingkang mangertosi Abyor dereng brobosan banjur aba kanthi sora, Bulik Ratu ugi mekaten ngabani Abyor supados enggal-enggal brobosan. Kekalihipun boten namung ngabani ananging ugi ndukani Abyor babagan menika. Wonten ing ngandhap menika pethikan data ingkang jumbuh kalihan pawadan ing nginggil. “Abyor Ayo, cepet mrene Mbrobos” Yang Tri menthelengi Abyor saka ing sabrang trebela. Abyor nyawang karo semu pitakon. “ Byor Abyor Gek ndang mbrobos Mbrobos Endang” Bulik Ratu nguculake pithetane irung, melu nyuwara sentak. Tangane siji nggujengi lengene Pak Sunar, sing liya ngabani Abyor kanthi ngancam. CC : kaca 258 Jumbuh kalihan pethikan data ing nginggil menika Abyor taksih bingung menapa ingkang kawastanan brobosan menika. Abyor nembe sepisan ngadhepi acara mekaten sateamh piyambakipun dereng paham. Ananging sanajan sepuh Yang Tri menapa dene Bulik Ratu menika boten mangertos bilih Abyor menika dereng paham, sanajan ngabani Abyor ananging ugi ndukani Abyor. Ndukani Abyor amargi Abyor boten enggal-enggal brobosan wonten ing sangandhapipun trebelanipun Bu Woron, Ibunipun.

j. Anggenipun Abyor mbrobos trebela kaping 4

Pawadan ingkang murugaken konflik sosial salajengipun inggih menika nalika brobosan menika katindakaken dening Abyor. Anggenipun Abyor mbrobos wonten ing sangandhapipun trebelanipun Bu Woron menika boten namung kaping 3 ananging kaping 4. Menika jumbuh kalihan pethikan data wonten ing ngandhap menika. “ Bocah kok sembrana Mbrobosi ngisore ibune kok ping pat Ora ilok tenan” Yang Tri isih nguman-uman klakuane Abyor sing ugal-ugalan. CC : kaca 260 Pethikan data wonten ing nginggil menika negesaken bilih Yang Tri menika duka malih kalihan sikapipun Abyor nalika brobosan. Abyor ingkang dereng paham babagan acara menika boten mangertos kedah nglampahi brobosan kaping pinten. Kasunyatanipun Abyor kaping 4 anggenipun brobosan, Yang Tri duka satemah Yang Tri ndukani saha ngelokaken Abyor lare ingkang ugal-ugalan. Bulik Ratu, kapenakanipun Yang Tri ingkang saking Sedhateng menika dipungadang-gadang dening Yang Tri bilih piyambakipun dados garwanipun Pak Sunar nggantosaken Bu Woron. Ananging Bulik Ratu menika nalika kalihan kulawarganipun Pak Sunar menika asring tumindak ingkang kirang sopan. Tumindakipun Bulik Ratu ingkang kirang sopan murugaken konflik sosial antawisipun dipundukani kalihan Yang Tri, padudon, dados rerasanipun tiyang- tiyang sanes lan sanesipun. Bulik Ratu menika ugi sombong kalihan tiyang sanes. Wonten ing ngandhap menika pawadan-pawadan ingkang murugaken konflik saking tumindakipun Bulik Ratu.

k. Bulik Ratu nuduh Bu Woron menika nyelewengaken arta