Abyor ngrigoni Mbok Jah nalika nembe ngepel jogan satemah Yang Abyor nyuwun supados Mbak Jujur boten dipuntundhung dening

2. Pawadan Ingkang Murugaken Konflik

Wontenipun konflik ing salebeting novel menika sampun tamtu wonten pawadanipun. Menika jumbuh kalihan andharanipun Nurgiyantoro 2012 :179 konflik yang dialami oleh tokoh protagonis tidak harus hanya disebabkan oleh tokoh antagonis seorang beberapa orang individu yang dapat ditunjuk secara jelas. Ia dapat disebabkan oleh hal-hal lain yang diluar individualitas seseorang, misalnya bencana alam, kecelakaan, lingkungan alam dan sosial, aturan-aturan sosial, nilai-nilai sosial, kekuasaan dan kekuatan yang lebih tinggi dan sebagainya. Saking andharan miturut wonten ing nginggil menika saged dipunpendhet dudutanipun bilih nalika wonten konflik menika saged dipunsebabaken maneka warni pawadan. Wonten ingkang awujud alangan ingkang sebabipun saking alam, lingkungan kalihan sosial masarakatipun. Menika kalawau ingkang njalari wontenipun konflik leres wonten ing pagesangan kasunyatanipun utawi wonten ing cariyos. Wonten ing ngandhap menika badhe karembag pawadan konflik ingkang wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Brata.

a. Abyor ngrigoni Mbok Jah nalika nembe ngepel jogan satemah Yang

Tri ndukani Abyor Nalika Mbok Jah nembe ngepel jogan, Abyor ngrigoni Mbok Jah sebab menika Abyor asring dipundukani kalihan Yang Tri. Menika jumbuh kalihan pethikan data wonten ing ngandhap menika. Sok malah Abyor njarag, Mbok jah lagi ngepel jogan kamar karo mbrangkang, ditumpaki Abyor, rekake numpak Jaran kaya ing Malboro Country an American Original CC : kaca 216 Saking pethikan data menika ngandharaken bilih Abyor minangka lare alit menika sok ngrigoni Mbok Jah nalika Mbok Jah nembe nyambut damel. Nalika Mbok Jah nembe ngepel jogan, Abyor kepara malah ngrigoni Mbok Jah kanthi sok ngajak Mbok Jah guderan menapa sanesipun ingknag ndadosaken Mbok Jah boten saged nyambut damel, mangertosi menika ndadosaken Yang Tri menika ndukani Abyor. Abyor panci asring ngregoni Mbok Jah amargi Abyor menika boten gadhah kanca dolan sasampunipun Mbak Jujur kesah saking dalemipun Pak Sunar.

b. Abyor nyuwun supados Mbak Jujur boten dipuntundhung dening

Yang Tri Menika pawadan ingkang murugaken Yang Tri ndukani Abyor. Abyor menika celak sanget kalihan Mbak Jujur, sanajan namung rewang Abyor menika sayang sanget kalihan Mbak Jujur. Satemah nalika Mbak Jujur badhe dipuntundhung dening Yang Tri, Abyor menika nggondeli Mbak Jujur lan nyuwun dhateng Yang Tri supados Mbak Jujur menika boten dipuntundhung. “ Emoh, emoh Emoh aku ditinggal, emoh Aku melu kowe wae” CC : kaca 215 Data menika pethikan saking Abyor nalika Mbak Jujur badhe kesah saking dalemipun Pak Sunar. Abyor menika rumaos kelangan sanget yen Mbak Jujur menika kesah saking dalemipun Pak Sunar. Abyor sampun kulinten kalihan Mbak Jujur saking alit menika awit saking Ibunipun Abyor menika gerah satemah Abyor menika kulinten kalihan Mbak Jujur lan boten purun yen Mbak Jujur kesah saking dalem. Awit saking polahipunAbyor ingkang nggondeli Mbak Jujur, Abyor dipundukani Yang Tri.

c. Abyor nubruk Mbok Jah nalika Mbok Jah nembe ngepel jogan