Paedah Panaliten Pangertosan PURWAKA

D. Wosing Prekawis

Jumbuh kalihan watesan prekawis wonten ing nginggil menika, wosiipun prekawis inggih menika : 1. Kadospundi wujud konflik sosial ingkag wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto? 2. Pawadan menapa ingkang murugaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto? 3. Kadospundi sikap nalika manggihaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto?

E. Ancasing Panaliten

Ancasing saking panaliten menika inggih menika : 1. Manggihaken menapa kemawon konflik sosial ingkang wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto. 2. Manggihaken menapa kemawon faktor ingkang dados sebabipun wonten konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto. 3. Mangertosi sikap tokoh wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto nalika ngadepi konflik sosial.

F. Paedah Panaliten

1. Paedah teoritis Jumbuh kalihan paedah teoritis, panaliten menika nggadahi paedah supados saged ngetrapaken wosing saking teori pendekatan sosiologis sastra kalihan karya sastra ingkang ngandharaken babagan konflik sosial ingkang wonten ing salebeting karya sastra saha saged paring pemahaman babagan ragam karya sastra novel kanthi cara mangertosi konflik sosial ingkang dipunlampahi dening para paraga kanthi kajian sosiologi. 2. Paedah praktis Jumbuh kalihan paedah praktis, kajian menika kanthi ancas supados saged paring wawasan dhateng pemaos babagan novel khususipun Novel Clemang- Clemong satemah pemaos menika saged mangertosi menapa kemawon konflik sosial ingkang wonten ing salebeting novel menika.

G. Pangertosan

Novel inggih menika karya sastra fiktif ingkang nggadahi ukuran tartamtu saha ingkang gadhah langkung saking satunggal karakter. Karya sastra ingkang ngandharaken kanthi bebas, kanthi rinci, kanthi detail saha komplek Sosiologi sastra inggih menika kalebet disiplin ngelmu ingkang enggal, sosiologi sastra menika ngelmu utawi piranti ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken piwulang dhumateng masarakat lumatar karya sastra. Konflik sosial inggih menika salah satunggaling cara anggenipun penganggit narik kawigatosanipun pemaos, amargi saking novel menika unsur ingkang wigati menika wonten. Konflik menika salah satunggaling cara ingkang dipunrantam dening penganggit nalika badhe ngandharaken piwulang dhateng pemaos. Paraga inggih menika gambaran sosok ingkang dipunginaaken kangge ngambaraken wonten ing salebeting cariyos. Paraga menika boten namung satunggal ananging wonten paraga utama menika boten namung satunggal wonten ing salebeting cariyos menika saged langkung saking satunggal paraga. Salajengipun paraga tambahan wonten ing salebeting cariyos menika paraga ingkang bantu paraga utama anggenipun nglamapahi prastawa- prastawa ingkang wonten. 12

BAB II GEGARAN TEORI