Ngelokaken Ngapusi Sikap paraga nalika manggihaken konflik sosial wonten ing

Abyor pringisan. Kelaran. Jiwitane Mbok Jah pancen laruuaa kae. Nanging Abyor wis imun. Angger-angger wis mesthi ngono. Biyasa . Mbok Jah CC : kaca 227 Abyor nalika dipunjiwit Mbok Jah amargi Mbok Jah ingkang nembe ngepel menika kepara malah dipuntubruk Abyor. Satemah babagan menika Mbok Jah lajeng njiiwti Abyor. Abyor menika sampun asring dipunjiwiti dening Mbok Jah, sanajan sampun asring dipunjiwiri Mbok Jah Abyor tetep ngraos lara, amargi jiwitanipun Mbok Jah menika sakit sanget miturut Abyor.

d. Ngelokaken

Inggih menika antawisipun Mbak Nora kalihan Yang Tri. Yang Tri menika ngelokaken Mbak Nora bilih wanita ingkang kirang sopan, wanita ingkang murahan amargi nalika Mbak Nora tilpun kalihan Yang Tri menika, Mbak Nora ngendhika kathah lajeng menapa ingkang dipunaturaken dhateng Yang Tri menika boten jumbuh kalihan tujuanipun Yang Tri tilpun wonten kantoripun Pak Sunar. Kekalihipun salah penampi. Yang Tri menika ngelokaken Mbak Nora wonten ing ngajengipun Abyor, Abyor ingkang dipunajak wicantenan babagan Mbak Nora menika namung mendel kemawon. Abyor : Mendel kemawon Yang Tri :Tetep kemawon ngelokaken Mbak Nora sanajan Abyor namung mendel kemawon Sikap menika jumbuh kalihan pethikan data ing ngandhap menika. “ Kurangajar Wong wedok saiki murahe kok ora jamak Biasane mung adol ayu Wong pegawe cilik wae lo, dikongkon nyelukake majikane kok neka-neka, mbulet-mbulet Nyaritakake restoran,hotel, lunga bareng Kaya ngono kuwi genah arep ngrebut atine Sunar Ora oleh Aku sing duwe anak, aku sing milihke Lagek wae kelanagan boj, wis ana sing ndhedhepi Ngono kuwi rak marakake atine wong tuwa kemrungsung” CC : kaca 240 Pethikan data ing nginggil menika negasken bilih sanajan boten pikanthuk wangsulan saking Abyor menika Yang Tri tetep kemawon ngelokaken Mbak Nora. Abyor nalika Yang Tri ngelokaken Mbak Nora namung mendel kemawon.

e. Ngapusi

Ngapusi menika wujud konflik sosial ingkang salajengipun. Paraganipun inggih menika Mbok Jah lan Abyor, Mbok Jah ingkang sanajan sampun sepuh ananging taksih ajrih kalihan tiyang seda. Mangertosi Mbok Jah menika ajrih kalihan tiyang ingkang sampun tilar donya, Abyor banjur ngapusi Mbok Jah bilih saderengipun Bu Woron tilar donya menika Bu Woron nitip weling supados Mbok Jah boten njahati Abyor. Mireng mekaten Mbok Jah inggih pitados kemawon ingkang menapa ingkang dipunaturaken Abyor. Menika sikapipun Abyor nalika ngapusi Mbok Jah. Abyor : Teras-terasan ngapusi Mbok Jah Mbok Jah : Amargi ajrih satemah pitados kalihan menapa ingkang dipunsanjangaken dening Abyor Sikapipun Mbok Jah kalihan Abyor menika jumbuh kalihan pethikan data ing ngandhap menika. “ Iya, iya Ya Aja ya Aja kokaturake ibumu. Aku gak arep njiwiti Jeng Abyor meneh. Aku wedi yen diprimpeni wong mati” “ Sanajan daktunggangi..” CC : kaca 231 Saking pethikan menika bilih Mbok Jah pitados menapa ingkang dipunaturaken dening Abyor. Sanajan Abyor menika namung ngapusi ananging Mbok Jah awit saking ajrihipun kalihan tiyang seda inggih namung pitados kemawon. Abyor ingkang mangertosi bilih Mbok Jah pitados kalihan menapa ingkang dipunaturaken banjur nambah-nambahi malih.

f. Perdebatan