Sikapipun Mbok Jah ingkang boten adil tumrap Abyor kalihan

Amargi Abyor nubruk Mbok Jah ingkang nembe ngepel jogan, boten namung dipundukani kalihan Mbok Jah ananging ugi dipunjiwit. Saben-saben Abyor ngrigoni Mbok Jah ingkang nembe nyambut damel Mbok Jah asring njiwit Abyor supados kapok. Ananging Abyor menika boten kapok anggenipun ngrigoni Mbok Jah kepara malah dijarak ngrigoni Mbok Jah. Abyor sampun imun kalihan jiwitanipun Abyor. Polahipun Abyor ingkang nubruk Mbok Jah menika ingkang njalari Mbok Jah menika njiwit Abyor.

d. Sikapipun Mbok Jah ingkang boten adil tumrap Abyor kalihan

Yang Tri Sikapipun Mbok Jah ingkang boten adil tumrap Abyor kalihan Yang Tri ingkang njalari Abyor ngrigoni Mbok Jah malih lan Abyor dipundukani Mbok Jah malih. Sanajan dipundukani Abyor ugi tetep ngeyel kemawon. Menika pethikan data ingkang ngandharaken menapa sebabipun Abyor dipundukani kalihan Mbok Jah malih. Iki ora adil Yen Yang Tri sing liwat dienengke wae. Mula Abyor, kanggo males ora adile, anggone mlaku gegancangan ngetutkake Yang Tri ora gelem nyisih kaya Yang Tri. Teras kenceng wae, pas nabrak Mbok Jah sing lagi mbrangkang ngalangi dalan. Cemplo, bali meneh Abyor nyengklak gegere Mbok Jah. “ Hikiik Jeng Abyor rak mesthi Rumangasane aku ki apa?” “ Mbok Jah- Mbok Jah , kowe dak kandhani Jaaah Mata siput, irung, kuping gedhe, jiwitanmu ora lara ki Jaah” “Dhasar mbeling Cah wedok kok tingkahe kaya Baru Klinthing Kedandapan” CC : kaca 229 Jumbuh kalihan pethikan data wonten ing nginggil menika Abyor dipundukani Mbok Jah amargi Abyor ngrigoni Mbok Jah malih. Abyor ngrigoni amargi Mbok Jah boten ndukani utawi paring panyaruwe dhateng Yang Tri nalika Yang Tri liwat wonten ing jogan ingkang nembe dipunpel Mbok Jah. Abyor lare alit ingkang taksih polos satemah dereng saged mangertos babagan unggah- ungguh majikan kalihan rewang. Nalika Abyor menika dipundukani Mbok Jah, kepara malah Abyor ngelokake Mbok Jah. Menika jumbuh kalihan pethikan data wonten ing ngandhap menika. Iki ora adil Yen Yang Tri sing liwat dienengke wae. Mula Abyor, kanggo males ora adile, anggone mlaku gegancangan ngetutkake Yang Tri ora gelem nyisih kaya Yang Tri. Teras kenceng wae, pas nabrak Mbok Jah sing lagi mbrangkang ngalangi dalan. Cemplo, bali meneh Abyor nyengklak gegere Mbok Jah. “ Hikiik Jeng Abyor rak mesthi Rumangasane aku ki apa?” “ Mbok Jah- Mbok Jah , kowe dak kandhani Jaaah Mata siput, irung, kuping gedhe, jiwitanmu ora lara ki Jaah” “Dhasar mbeling Cah wedok kok tingkahe kaya Baru Klinthing Kedandapan” CC : kaca 229 Amargi sikapipun Mbok Jah ingkang kurang adil tumrap Abyor lan Yang Tri nalika liwat wonten ing papan ing nembe dipunpel, Abyor ngelokake Mbok Jah. Abyor menika lare alit ingkang pinter, menika saged katingal nalika Mbok Jah menika mbedaaken antawisipun Yang Tri kalihan Abyor. Sebab menika ingkang njalari Abyor ngelokaken Mbok Jah sami kalihan yen ngundang gajah.

e. Abyor menika kekathan cariyos kalihan sekretarisipun Pak Sunar