Gumedhe Sikap paraga nalika manggihaken konflik sosial wonten ing

g. Gumedhe

kIngkang pungkasan inggih menika sikap sombong. Menika antawisipun Bulim Ratu dhateng Yang Tri. Bulik Ratu minangka calon garwanipun Pak Sunar menika bombong satemah piyamabakipun sombong awit piyamabakipun saking kulawarga ingkang mapan, gadhah pendidikan ingkang inggil lan sanes-sanesipun. Menika sikapipun Yang Tri nalika Bulik Ratu menika sombong. Yang Tri : Mendel lan klecam-klecem nagnggepi gunemanipun Bulik Ratu Bulik Ratu : Mendel ugi saha menggalih babagan sikapipun Yang Tri dhateng piyambakipun Pethikan data ing ngandhap menika ingkang jumbuh kalihan sikapipun Bulik Ratu lan Yang Tri. Diomongi akeh-akeh mengkono, Yang Tri mung bisa klecam-klecem. .................................................................................................. Nanging nalika Yang Tri ora ndang mangsuli pitakonane ora ndang nyaut guneme, lan mung klecam-klecem saka rumangsane Bulik Ratu, klecam-klecem Yang Tri ora ngandhut nggiyani utawa ngamini umuke Bulik Ratu nanging semu ngenyek. CC : kaca 347 Jumbuh saking andharan menika nalika Bulik Ratu nyombongaken lan mbandhing-mbandhingaken piyamabakipun kalihan calon garwanipun, Yang Tri namung mendel kemawon, boten mangsuli menapa nanggepi ingkang dipunandharaken dening Bulik Ratu. Bulik Ratu menika ugi ngraos bilih Yang Tri menika mendel amargi ngece piyambakipun.

D. Gegayutanipun Antawisipun Wujud Konflik, Pawadan Ingkang

Murugaken Konflik lan Sikap Paraga Nalika Manggihaken Konflik Jumbuh saking pirembagan wonten ing nginggil menika saged dipunpanggihaken bilih antawisipun wujud konflik, pawadan ingkang murugaken konflik saha sikap paraga nalika manggihaken konflik wonten gegayutanipun antawisipun satunggal kalihan satunggalipun. Wontenipun konflik ingkang wonten ing salebeting novel menika amargi sampun tamtu wonten jalaranipun lan saking amargi wontenipun wonten sikap saking paraga nalika piyambakipun manggihaken konflik kasebat. Saking novel Clemang-Clemong menika wujud konflik antawisipun padudon, dipuntundhung, tumindak kasar, ngelokaken, ngapusi, rerasan, perdebatan saha gumedhe. Wontenipun wujud konflik antawisipun paraga satunggal kalihan sanesipun menika dipunsebabaken maneka warni prekawis. Prekawis ingkang murugaken konflik antawisipun Abyor ngrigoni Mbok Jah nalika Mbok Jah nembe nyambut damel, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Nora, Abyor nyuwun supados Mbak Jujur boten dipuntundhung dening Yang Tri. Salajengipun Mbak Jujur boten enggal-enggal kesah saking dalemipun Pak Sunar, Mbok Jah menika boten tumindak adil tumrap Abyor lan Yang Tri. Salajengipun pawadan ingkang murugaken konflik babagan Mbok Jah menika ajrih kalihan tiyang seda, Abyor kekathahan cariyos kalihan Mbak Nora, sikap kirang sopanipun Abyor dhateng Yang Tri, sikapipun Bulik Ratu tumrap Pak Sunar. Abyor nyuwun tilem wonten ing kamaripun Bu Woron, sikapipun